Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1 UAS 1 TA 2014/2015

A.  Nyemak
*    Ngrungokake Crita/Dongeng

KEKANCAN

            Baya golek pangan ing njero banyu. Manawa wis wareg, leer nana ing dharatan. Baya seneng kekancan karo manuk emprit, amargamanuk emprit seneng mbantu ngresiki untune sawise mangan daging. Sawijining dina nalika emprit lagi nuthuli daging ing sela – selane untune, baya keturon angler. Nalika kuwi emprit ngerti ana bebaya tumrap baya, yaiku ana manungsa kanga rep mateni si baya. Manuk emprut enggal nggugah baya supaya dhelik. Baya matur nuwun marang emprit anarga kalis saka bebaya. Kekancan antarane baya lan emorit samsaya raket jalaran saklorone padha untunge.
Wangsulana piakon – pitakon ing ngisor iki adhedhasar crita ing dhuwur !
1.   Sapa sing dicritakake ana crita ing dhuwur ?
2.   Ana ing ngendi baya golek pangan ?
3.   Kapan kegiyatan ngresiki untu dilakoni dening emprit ?
4.   Apa kang ditindakake emprit marang baya nalika arep ana bebaya ?
5.   Apa sebabe kekancan antarane baya lan emprit samsaya raket ?

B.  Micara
*    Nyritakake Pengalaman Pribadi
            Sben manungsa mesthi duwe pengalaman. Pengalaman iku bisa dadi tuladha kang apik tumrap tumindhak sing arep dilakoni. Nanging pengalaman kang ora apik aja ditiru.
Gatekna crita pengalaman ing ngisor iki
            Dina Senin esuk Roni mangkat sekolah kanthi mlayu – mlayu. Roni anggone mangkat seklah wis jam 7. Roni mangkat seklah telat amraga mau mbengi anggone nonton TV nganti bengi. Satekane sekolahan ambegane ish ngos – ngosan banjur matur pak guru, nyuwun pangapunten amarga telat. Bareng wis ndangu lan ngerti sababe Roni telat, pak guru menehi pangapura lan marengake Roni mlebu kelas kanthi pesen sesuk ora kena telat maneh.
Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !
1.   Roni mangkat sekolah kanthi    .   .    .    .
2.   Roni mangkat sekolah jam   .   .   .    .
3.   Roni nyuwun    .    .   .   .    marang pak guru amarga    .   .   .   .
4.   Roni matur amargi tangi   .   .   .   .   yaiku jam   .   .   .  .
5.   Pak guru pesen supaya Roni ora     .   .   .   .

C.  Maca
*    Maca kanthi mahami isine
PAGAWEANKU

            Saben esuk Amir tangi dhewe, or alai dedonga marang Gusti Allah. Paturone diresiki, bantal lan guling ditata, kemule banjur dilempit. Sabanjure adus, sikatan, uga salin seragam. Sadurunge mangkat sekolah sarapan dhisik. Sawise piranti lan buku sing arep digawa dicepakake nuli mangkat sekolah. Ing sekolahan nggatekake dhawuhe bu guru, amrih bisa nampa pelajaran kanthi apik. Mulih seklah banjur mangan uga turu awan, supaya mengko bengi ora ngantuk Manawa sinau. Bengine Amir sinau lan nyepakake buku pelajaran kanggo sesuk. Sabanjure wisuh, sikatan, lan mapan turu.
Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki
1.   Apa irah – irahan wacan ing dhuwur ?
2.   Sapa sing dicritakake ing wacan mau ?
3.   Apa kang ditindakake Amir sawise tangi turu ?
4.   Geneya Amir kudu turu awan ?
5.   Apa kang ditindakake Amir sadurunge mapan turu ?

D.  Nulis
*    Nulis pengalaman pribadi
            Awake dhewe methi duwe pengalaman. Bisa pengalaman ana ngomah, sekolahan, wektu lelungan, lan sapanunggalane. Pengalaman ana ngomah kang dialami ing saben dina uga akeh, wiwit suk, awan, sore, lan wengine.
Pengalaman ing wayah esuk yaiku :
*    ngresiki peturon
*    adus lan sikatan
*    sarapan
*    pamit arep mangkat sekolah
Pengalaman ing wayah awan yaiku :
*    mulih sekolah leren, salin klambi
*    turu awan
*    maca majalah/buku
Pengalaman ing wayah sore lan wengi yaiku :
*    ngrewangi ibu/bapak
*    nonton TV
*    sinau/nggarap PR
*    turu

E.   Unggah – Ungguh Basa
      Tuladha         :   Aku lungguh Bu guru lenggah
                                Aku ngombe Bapak ngunjuk

      Isenana ceceg – ceceg ukara ing ngisor iki !
1.      Adhiku turu Simbah . . . .
2.      Nana teka  Pak Guru . . . .
3.      Ani maca Ibu . . . .
4.      Kaka mulih Bapak . .  . .
5.      Parma mangan Pakdhe . . . .
6.      Nani nonton TV Pak Guru  . . . .
7.      Kiki mangkat sekolah Bapak . . .  . kantor
8.      Ruri . . . . Ibu siram
9.      Murid – murid . . . . buku Bu Guru ngasta buku
10.  Budhe nitih sepedha motor aku . . . . sepedha mini.

5.      Gawe Pitakon
      Ukara ing ngisor iki isenana nganggo tembung pitakon sapa, pira, apa, ngendi, kepriye,
      Pinten, sinten, kadospundi, punapa, utawa ookn !
1.                                      regane topeng iki ?
2.   Digawe saka                 wayang iki ?
3.                  sing isih nembang kae ?
4.   Ana               sing melu nabuh gamelan ?
5.                         anggone bocah – bocah latihan ketropak ?
6.                         asma panjenengan ?
7.   Lare               ingkang tumut nari ?
8.   Kenging                       Bapak tindake kesesa ?
9.   Wonten                        dhagelanipun ?

10.                       kahanan alun – alun Pati ?
Previous
Next Post »
Thanks for your comment