Rangkuman Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1 TA 2014/2015

NGRUNGOKAKE CRITA RAKYAT / TRADISI
        Dongeng kalebu crita rakyat. Crita rakyat iku diwarisake turun temurun. Saka buyut menyang simbah, simbah menyang bapak utawa ibu. Banjur saa wong tuwa marang anak, lan sapiturute.
        Unsur – unsure cerita rakyat :
1.     Irah – irahan yaiku judul crita
2.     Tema yaiku lanjering prakara
3.     Amanat yaiku weling pangripta
4.     Paraga yaiku tokoh kang ana ing sajroning crita
5.     Latar yaiku panggonan dumadine crita
6.     Alur yaiku urut – urutane crita.

NANGGEPING SAWIJINING PRASTAWA
        Prastawa ana sambung rapete karo kedadean. Kedadean sing wis kepungkur diarani pengalaman. Kedadean ana sing nyenengke lan ana sing gawe sedih. Sabanjure, menawa arep ngaturke tanggepan bisa migunakake ukara pitakon. Ukara pitakon dumadi saka tembung pitakon. Tembung sesulih pitakon yaiku tembung kang gunane kanggo pitakon. Sing kalebu tembung pitakon sesulih yaiku :
1.     Endi nakokake sawijining pilihan.
2.     Pira nakokake cacah utawa wilangan.
3.     Ngapa lan genea nakokake mula bukane sawijining bab.
4.     Kepriye nakokake kahanan.
5.     Sapa nakokake pawongan.
6.     Kapan nakokake wektu
7.     Apa nakokake barang.
8.     Ing ngendi nakokake papan panggonan.

NULIS GAWE KITIRAN
        Manawa arep gawe layangan, kudu ngerti ubarampe lan carane ng gawe. Carane gawe uga kudu urut supaya asile bisa apik.
Ubarampe :
a.     Kertas Manila usuran 15 x 15 cm
b.     Kertas karton digawe bundheran cilik
c.     Kawat cilik 30 cm
d.     Ganthilan pring.
e.     Lem.
f.      Gunting.
Carane nggawe
a.     jupuken kertas Manila.
b.     guntingen pucuk-pucuke nganthi tekan titik tengahe kanthi jarak 5 cm saka titik tengahe.
c.     pucuk-pucuke kertas dilem lan ditempelake ing titik tengahe.
d.     pucuk-pucuke kertas sing wis ditempelake mau, banjur ditutup karo kertas karton bunderan cilik ing tengahe kertas ditusuk nganggo paku banjur dipasangi kawat cilik.
e.     Gawea kitiran cacahe loro banjur pasangen ing ganthilan pring.

NGRUNGOKAKE TEMBANG GAMBUH
        Tembang macapat iku nduweni paugeran tartamtu, paugeran iku kaya ing ngisor iki :
1.     Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra
2.     Guru gatra yaiu baris
3.     Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra
                Tembang gambuh klebu tembang macapat. Tembang gambuh kuwi diwaca sasekecanipun utawa sakpenake. Tembang gambuh iku nduweni pratandha, yaiku :
1.     Kadadean saka limang gatra.
2.     Guru wilangan lan guru lagune : 7u   10u   12i   8u   8º
3.     Watake sumanak sumadulur,prayoga kanggo aweh pitutur, utawa sesorah sing ngemu rasa rada sereng.
MICARA CRITA WAYANG
        Wayang minangka wujud budaza jawa. Crita wayang nduweni piwulang – piwulang tumrap manungsa dadi tuladha tumindak bebener lan tumindak ala. Jinise wayang kayata ing ngisor iki, yaiku :
1.     Wayang gedog
2.     Wayang purwa
3.     Wayang klithik
4.     Wayang wahono
5.     lan sapiturute
        Piwulang – piwulang kang ana ing crita wayang, yaiku :
1.     Kepahlawanan ( Kumbakarna, Adipati Karna )
2.     Kasetyan ( Dewi Sinta, Suwanda )
3.     Angkara murka ( Rahwana, Duryudana )
4.     Jujur ( Puntadewa )
5.     lan sapiturute.
        Ngrembug babagan paraga Puntadewa, akeh pitutur – pitutur becik sing bisa dituladhani.
        Puntadewa kalebu Pandhawa, tegese pandhawa yaiku anak lima lanang kabeh. Ana ing pandhawa, Puntadewa dadi anak sing comer siji. Mula diarani pambarepe pandhawa.
        Prabu Puntadewa nduweni watak sabar, ngemong karo adhi – adhine, Jujur, lan wicaksana. Mula sedulure akeh lan ditresnani para kawula.
        Prabi Puntadewa miyos saka Prabu Pandhudewanata lan Ibu Kunthi. Saiki Prabu Puntadewa dadi nata ing Amarta. Piyambake nduwe sanjata jamás Kalimasada lan songsong tunggulnaga. Prabu Puntadewa duwe anak Raden Pancawala.

NULIS EKSPOSISI
        Nulis eksposisi kena diarani ngandharake carane gawe barang. Sadurunge gawe barang, prayogane kudu bisa nemtokake urut – urutane sing trep. Tujuwane supaya barang sing dihasilake kaya sing diajab. Urut – urutane nulis disposisi yaiku :
1.     Nulis piranti – piranti sing dibutuhake.
2.     Nulis urut – urutane.
        Tuladha :
Gawe Jumbreg
Ubarampe :
1.     Glepung beras 125 gram.
2.     Gula jawa 300 gram, diris alus.
3.     Santen 1.000 ml, digawe saka klapa setengah biji.
4.     Rong lembar godhong pandhan.
5.     Uyah setengah sendhok teh.
6.     Glepung sagu 30 gram.
7.     Janur sing digawe wujud trompet kanggo wungkus.
Carane gawe :
1.     Santen udakara 500 ml (skala 1.000 ml sing disedhiyakake) digodog nganti umub lan dicampur gula jawa, godhong pandhan lan uyah. Diudak nganti ajur lan warata nyampure. Yen wis banjur disaring lan adhem.
2.     Sisane santen dicamour karo glepung beras lan glepung sagu. Diudhak nganti rata. Ilingana godhogan gula jawa lan dimasak nganti umub temen-temen.

3.     yen wis umub banjur diecurake ing wadhah janur sing dipepeki ampas klapa kasar. Didhem lan sabanjure bisa disuguhake.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment