Soal Bahasa Jawa Nyemak, Micara, Maca, Nulis, Unggah Basa 4/IV SD Semester 1 UAS 1 TA 2014/2015

A.  Nyemak
*    ngrungokake crita wayang
PUNAKAWAN

            Punakawan kuwi cacahe ana papat ( 4 ). Punakawan iku abdine Raden Janaka. Paling tuwa, lemu, ana kuncunge, lan mripate ciyut iku arne Semar. Dene sing cendhek, cilik, mripate mlolo, tangane ceko, lan sikile gejik iku anake Semar arane Gareng. Adhine Gareng gedhe dhuwur, irunge dawa iku jenenge Petruk. Sing cendhek, lemu tur mripate amba arane Bagong. Rupa, omongan, lan tingkah lakune lucu. Dene Semar seneng menehi pitutur tumrap uripe manungsa.

Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur !
1.   Sapa wae kang klebu Punakawan ?
2.   Anake Semar ana pira ?
3.   Sapa sing diemong Punakawan ?
4.   Kepriye cirine Gareng ?
5.   Kepriye cirine Petruk ?

B.  Micara
*    Nyritakake Pengalaman Pribadi
            Pengalaman iku duweni teges kedadean/situasi kang dilakoni dening manungsa. Pengalaman iku bisa dadi guru kang becik tumrape awake dhewe kabeh. Pengalaman ana kang nyenengake ookna kang nyusahake. Tuladhene pengalaman kang nyenengake nalika bijine apik, ewadne bijine elek iku tuladhane pengalaman kang nyusahake.
Tuladha :
            Nalika aku kelas siji aku ditukokake pti amarga aku juara siji. Saben sore pitku dak tuntun, ibuku dhawuh supaya numpaki pit iku. Sabisa – bisane aku ajar numpak pit dhewe, bola – bali aku tiba, nanging aku ora nglokro, lan suwe – suwe aku baisa numpak pit. Wiwitane aku ajar ana lapangan, sabanjure ana dalan gedhe sing rame. Aku kudu manut aturan lalu lintas, ora kena sageleme dhewe.

Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan ing dhuwur !
1.   Kapan aku ditukokake pit ?
2.   Geneya aku ditukokake pit ?
3.   Ana ngendi aku ajar pit ?
4.   Numpak pit ing dalan gedhe, kudu kepriye ?
5.   Ajar numpak pit, klebu pengalaman sing kepriye ?

C.  Maca
*    Maca Endah
            Maca iku jenise warna – warna. Salah sijine jenise maca kang adhedhasar materi sing diwaca bisa awujud crita/prosa yaiku wacan kang isine andharan ( uraian ) crita kanthi ukara – ukara sing urut. Saliyane prosa uga ana kang kasebut puisi ( geguritan ) yaiku wacan kang isne ukara ringkes kang endah ookna iramane jumbuh karo temane ( sing dikarepake ) pengarang.
Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi bener !
                  Tamanku
Segere hawa wayah esuk
Ora marga jago kluruk
Nanging kembang sing pinajang
Ana ing taman endah sinawang
Esuk sore dak sirami
Katon reged dak resiki
Mula tamanku dadi asri
       
D.  Nulis
*    Ngrampungake Crita
Gatekna crita gunane panggonan ing ngisor iki !
1.   Pasar iku papan panggonan kanggo dol tinuku, barang dagangane luwih akeh saka ing ook
2.   Sekolahan iku papan panggonan kanggo ngudi ngilmu.
3.   Terminal iku papan panggonaan kanggo mandhege bus.
4.   Stasiun iku papan panggonan kanggo mandhege sepur.
5.   Puskesmas iku papan panggonan kanggo ngobatke awak lara.

Rampungna crita ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !
            Saben dina yu Siti bakul janganan menyang   .   .   .   . Baline wayah awan mampir ngirim surat ing   .   .   .   . Ora lali numpak  bis menyang   .   .   .   . Tekan omah anake sing mulih golek  ilmu saka    .   .   .   . crita yen arep numpak sepur kudu menyang   .   .   .   .




Ajang Gladhen

Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki !
1.   Pandhawa cacahe ana . . . .
2.   . . . . sing nyritakake wayang ? Ki dalang.
      Ceceg – ceceg ing dhuwur diisi tembung pitakon . . . .
3.   Witku gedhe, godhonge bisa kanggo bungkus kupat, wohe bisa kanggo masak. Aku diarani . . . .
4.   Awakku gedhe, kupingku amba, aku duwe tlale. Aku diarani . .  . .
5.   Pambarepe Pandhawa jenenge . . . .
6.   Sedulur kurawa cacahe ana . . . .
7.   Waktu sungkem matur Manawa nyuwun . . . .
8.   Marang wong tuwa kudu . . . .
9.   Rebab iku cara ngunekake kanthi di . . . .
10. Tuladhane gamelan sing disebul yaiku . . . .

Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !

1.   Bocah sregep bakale dadi bocah . . . .
2.   Wong kang tumindak becik mesthi kancane . . . .
3.   Mangkat sekolah kudu esuk supaya ora . . . .
4.   Sapu lan sulak iku tuladhane piranti kanggo . .  . .
5.   Gong, kenong, lan gambang iku arane . .  . .        



E.   Unggah – Ungguh Basa

Isenana nganggo tembung kang trep !
Gunakna tembung – tembung ing sisih ngisore !
1.   Kula badhe . . . . sekolah, Bu ?
2.   Bapak badhe . .  . . pundi?
3.   Adi lagi . .  . . ing warung ?
4.   Simbah . .  . . telo goreng.
5.   Aku . . .  . sega goring.
6.   Bu Dhe . . . . jamu pait.
7.   Adhik . . . . susu sapi.
8.   Mbak Isni . . .  . taneman ing sabin.
9.   Ibu . . . . oleh – oleh saka Kutha
10. Wingi sore aku . .  . . Guwa Terawang.

- tindak                - kesah           - lunga           - mangan                     - dhahar
- ngunjuk             - ngombe       - ngasta          - ndelok                       - mirsani

Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !

1.   Ibu lagi ngliwet ing . . . .
2    Bapak lagi . .  . . bal – balan ing televise.
3.   Aku tuku obat ing . .  ..
4.   Dhompet kanngo wadah . .  . .
5.   simbah lagi ngunjuk . .  . .
6.   Dina senin, ing sekolahan ana . . . .
7.   Wanci esuk hawane krasa  . . . .
8.   Bu Guru lagi . . . .
9.   Bijiku apik mula atiku .  . . .
10. Ibu blanja ing  . . . .

- apotek               - dhuwit                  - pawon           - mirsani                      - seneng

- pasar                  - kopi                       - upacara          - mulang                      - adhem
Previous
Next Post »
Thanks for your comment