Prediksi UKK Bahasa Jawa Kelas 1 SD Semester 2 UAS 2 TA 2013/2014

Wacanen kang patitis !
Sowan Simbah
Dina Minggu sekolahan prei
Aji, Nina, bapak, lan ibu sowan simbah
Daleme simbah ing ndesa
Simbah wis sepuh
Simbah isih sehat lan kuwat
Tandurane simbah akeh
Ana dhuku, jeruk, lan jambu
Aji karo Nina seneng banget saben dina apek who-wohan

I. Wenehana tandha silang ing ngarepe jawaban sing bener !

1.       Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku………………..
a.       dina Minggu b. Sowan Simbah c. Simbah

2.       Daleme simbah ana ing………………
a.       kutha b. ndesa c. alas

3.       Tandurane simbah yaiku…………………….
a.       dhuku, jeruk, jambu b. apel, manggis, dhuku c. duren, nangka, salak

4.       Sing wis sepuh yaiku……………………………….
a.       simbah b. bapak c. ibu

5.       Sing seneng banget yaiku…………………….
a.       aji b. Nina c. Aji lan Nina

6.       Seragam pramuka iku wernane…………………..
a.       abang b. kuning c. soklat

7.       Ngindhit nganggo……………………
a.       sirah b. bangkekan c. pundhak

8.       Anake gajah arane…………………..
a.       gembluk b. bleduk c. kirik

9.       Bayu budhal sekolah numpak…………………….
a.       sepedhah b. bal c. layangan


10.   Kembang Lombok arane……………………..
a.       ontong b. menik c. sinuwun

11.   Budi lara weteng………….
Tanda pawacan sing bener kanggo ukara ing ndhuwur yaiku…………………..
a.       pitakon (?) b. prentah (!) c. titik (.)

12.   Ontong iku kembang…………………….
a.       jagung b. tela c. gedhang

13.   Ibu – kembang – nandur – mlati
Tembung-tembung iku yen ditata dadi ukara sing bener yaiku………………….
a.       Ibu nandur mlati kembang
b.      Ibu nandur kembang mlati
c.       Kembang mlati nandur ibu

14.   Ukara ing ngisor iki sing kalebu pitakon yaiku……………..
a.       Bapak maos Koran b. Sapa jenengmu ? c. Latare sapunen!

15.   Yen nyeluk dara tu, tu, tu, yen nyeluk pitik……………..
a.       kur, kur, kur b. ri, ri, ri c. pus, pus, pus

16.   Godhong gedhang arane……………
a.       ujungan b. sinom c. jompong

17.   Kanggo wungkus kupat biyasane nganggo…………….
a.       blarak b. janur c. damen

18.   Ani nyirami…………………..
a.       suket b. watu c. kembang

19.   Ukara ing ngisor iki sing bener panulise aksara kapitale yaiku………………..
a.       Ana Lagi sinau b. Ana lagi Sinau c. Ana lagi sinau

20.   Supaya pinter kudu sregep…………………….
a.       sinau b. nembang c. nangis


II. Isenana !

1.       Rambute ibu wernane……………………….
2.       Untu kanggo……………………………………………
3.       Anake kidang arane………………………………………
4.       Yen lara kudu ngombe………………………………….
5.       Kembang jambu arane………………………………..
6.       Tutupen lawang iku………………
Tandha pawacan sing bener yaiku…………………
7.       Yen nyeluk bebek ngucap……………………..
8.       Godhong asem arane………………………………..
9.       Pus, pus, pus, Adi nyeluk…………………………….
10.   Sikile sapi ana…………………………

III. Wangsulana kang patitis !
1.       Apa wernane gendhera Indonesia ?
2.       Apa arane kembang duren ?
3.       Tatanen tembung-tembung ing ngisor iki !
ora – sapa – mlebu – sing - ?
…………………………………………………….
4.       Saline nganggo aksara gedhe sing bener !
ibu tindak menyang batu
…………………………………………………..
5.       Saline nganggo tandha pawacan sing bener !
Ayo latare disapu dhisik
……………………………………………………
Previous
Next Post »
Thanks for your comment