Soal dan Kunci US Bahasa Jawa Kelas 6 SD UAS 2 TA 2013/2014

Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d ing lembar jawab kang sumadya!

Wacan kanggo soal nomor 1 s.d. 5

Wilujeng Dalu
                 Bapak- bapak saha ibu-ibu ingkang kula bekteni. Bapak lan ibu para pamong dhusun mriki ingkang kula urmati, kanca- kanca , lan adhik- adhik anggota karang taruna ingkang  kula tresnani.
                Ingkang langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, awit saking sih kamirahanipun kita saged ngawontenaken pepanggihan ing dalu punika kanthi wilujeng kalis ing sambikala                 Para rawuh, kula minangka ketua pakempalan para taruna” Pangudi Utama“ ing dhusun mriki rumaos bombong. Awit adhik- adhik lan kanca- kanca gadhah sedya tuwin tekad luhur inggih punika manunggal wonten wadhah “ Pangudi Utama”. Punika pratandha bilih panjenengan sedaya kalebet perangan para taruna ingkang sadhar maknanipun persatuan lan kesatuan.
                Pramila kula suwun mugi- mugi para anggota tansah njejegaken pakempalan punika kanthi pakaryan- pakaryan ingkang saged murakabi dhumateng alam pembangunan ing nagari kita. Para anggota ingkang nggadhahi kewasisan, ketrampilan punapa kemawon saged katularaken dhateng anggota sanesipun. Saengga saged kanthi gampil nggayuh kekudanganipun. Inggih gesang mandhiri boten sumendhe tiyang sepuh punapa dene masyarakat.                 Mekaten atur kula, wonten lepatipun saha kirang rena ing penggalih nyuwun  pangapunten.

1.   Sapa sing lagi sesorah ana ing wacan ing dhuwur?
      a. Kepala kelurahan
b. Ketua RT
c. Ketua pakumpulan “Pangudi Utama”
d. Pamong dhusun

2.   Apa panyuwune ketua pakumpulan ana ing sesorah ing dhuwur?
a. njejegaken pakempalan
b. ngaturaken raos syukur
c. nyuwun pangapunten sedaya kalepatan
d. ngawontenaken pepanggihan

3.   Kepriye sing diarani urip mandhiri iku?
     a. Boten sumendhe tiyang sepuh punapa dene masyarakat
b. Nggadhahi kewasisan, ketrampilan punapa kemawon
c. Murakabi dhumateng alam pembangunan
d. Dados tepa palupi

4.   Ukara pitakon kang jumbuh karo paragraf kaping telu....
     a. Apa kang dadi pepenginane ketua karang taruna “ Pamardi Utama’?
b. Sapa kang rumaos bombong manahe mirsani adhik- adhik gadhah sedya tuwin tekad luhur?
c. Kita ngaturake rasa syukur dhumateng sapa?
d. Kepriye carane para mudha tansah njejegake pakumpulan?

5.   Kasimpulan wacan pidhato ing dhuwur yaiku....
a. Ketua pakumpulan rumaos bombong kalih adhik- adhik sedaya.
b. Ketua pakumpalan Pangudi utama ngajak supaya para anggota tansah njejegake
    pakumpulan kanthi pakaryan- pakaryan kang murakabi.
c. Ketua pakumpulan Pangudi Utama maringi pepenget para taruna nggayuh urip mulya
d. Ketua pakumpulan Pangudi Utama ngajak para taruna tansah muji syukur dhumateng Gusti
    kang Akarya jagad

Wacan kanggo soal nomer 6,7, lan 8

Nakula lan Sadewa
              Raden Nakula lan Sadewa iku kembar, ragile Pandhawa. Ibune Nakula lan Sadewa iku Dewi Madrim, bapake Prabu Pandhudewanata. Dene Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna iku putrane Dewi Kunthi, bapake uga Prabu Pandhudewanata. Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna karo Nakula lan Sadewa iku tunggal bapak seje ibu. Pasuduluran kaya iki arane sedulur kwalon, yaiku sedulur beda ibu tunggal bapak. Nalika isih cilik jenenge pinten lan Tangsen. Kasatriyane Sawojajar.                  Nakula lan Sadewa iku ing pewayangan nggambarake satriya kembar sing seneng dandan. Senadyan ora pinunjul, nanging Nakula lan Sadewa duwe kasekten. Ana ing crita Sudamala duwe lelabuhan bisa ngruwat Bethari Durga kang awujud raseksi malih ayu rupane kaya dadi dewi Uma, garwane Bathara Guru retune para dewa Kahyangan.

6.   Raden Nakula lan Sadewa duweni watak….
a. satriya
b. duraka
c. angkara murka
d. mbalela

7.   Kasatriyane Raden Nakula lan Sadewa ana ing…
a. Astina
b. Amarta
c. Dwarawati
d. Sawojajar

8.   Kesimpulan carita wayang ing dhuwur yaiku….
a. Raden nakula lan Sadewa, putrane Prabu Pandhudewanata, sedulure puntadewa, Werkudara lan Janaka, ibune aran Dewi Kunthi
b. Raden Nakula lan Sadewa duwe sedulur yaiku Puntadhewa, Werkudara, Janaka, ibune aran Dewi Kunthi
c. Raden Nakula lan Sadewa kalebu Pandhawa tunggal bapak seje ibu karo Puntadewa, Werkudara lan Janaka, nalika isih cilik jenenge Pinten lan Tangsen, ibune aran Dewi Madrim
d. Raden Nakula lan Sadewa putrane Raden Pandhudewanata, kesatriane ana ing Amarta, isih kalebu Pandhawa.

9.   Gatekna pacelathon iki !
     Nia       : “An, kowe nggawa apa ?”
     Andi     : “Aku nggawa dompet. Olehku nemu ana ing dalan cedhak pasar”     Nia       : “Kowe aja ngono, An ! Luwih becik balekna marang sing duwe dompet”     Andi     : “Aku ora nyolong, iki nemu ing dalan dadi aku ora luput”     Nia       : “Sanadyan ora nyolong, bocah sing jujur yen dudu duweke aja diakoni”
     Tema pacelathon ing dhuwur yaiku ….
     a. tumindak murangtata
     b. pitutur budi pekerti
     c. tumindak jujur
     d. tandang tanduk kulina

10. Topik pacelathon ing dhuwur yaiku ….
     a. Nia nyolong dhompet
     b. Andi nemu dhompet
     c. Nia dhompet
     d. Andi dhompet

11. Amanat pacelathon ing dhuwur yaiku ….
     a. dadi wong kudu sregep
     b. dadi wong kudu lantip pikire
     c. dadi wong kudu pasrah
     d. dadi wong kudu jujur

12.               Bektiku
     Payo rowang padha anut     Mring printah ing guru nadi     Lamun maksih aneng wisma     Wajib bakti yayah wibi     Saben dina nyambut karya
     Kejaba sinau mesthi
     Tembung wisma sajrone geguritan ing dhuwur tegese ….
     a. omah
     b. hotel
     c. gubug
     d. sekolahan

13. Wajib bakti yayah wibi. Maknane tembung ing geguritan kaya kang kacetha yaiku ….
     a. kudu sregep nyambut gawe
     b. mituhu dhawuhe wong tuwa
     c. sinau saben dina
     d. bocah sing sregep

14. Amanat geguritan ing dhuwur yaiku ….
     a. Sing nandur bakal panen
     b. Sing temen kalan tinemu
     c. Becik ketitik ala ketara
     d. Bekti marang guru lan wong tuwa

15.     Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati, kula sakrencang siswa kelas enem ngaturaken gunging panuwun awit panggulawenthah saha sedaya wucalan ingkang sampun keparingaken dhumateng kula sedaya. Dene kula sakrencang mboten saged atur piwales punapa-punapa kejawi namung atur panuwun ingkang tanpa pepindhan.
     Perangane pidhato ing dhuwur diarani diarani .
     a. atur panuwun
     b. salam pembuka
     c.  surasa basa
     d. wasana basa

16. Tema sing jumbuh karo isi naskah pidhato ing nduwur yaiku.
     a. perpisahan kelas 6
     b. pagelaran seni kelas 6
     c. pahargyan pengetan
     d. pentas seni akhir tahun

17. Sawijining dina Pak Suta mangkat menyang sawah niliki tanduran sing meh panen . Pak Suta     kaget yen timun ing sawah mau akeh sing dicolong kancil. Pak Suta gawe jebakan supaya     kancil bisa dicekel. Sawise kancil kecekel,banjur dikurung.
     Miturut crita ing ndhuwur , kancil duwe watak . . . .
a. apikan
b. seneng nyolong
c. seneng tetulung
d. jujur
        
18. Bener wae, timune Pak Tani entek lha wong ana sing dawa tangane. Dawa tangane tegese ....
a. seneng ngapura
b. bodho
c. seneng nyambut gawe
d. seneng nyolong

19. Amanate crita ing ndhuwur nomer ( 17 ) yaiku ....
a. Yen kepingin kudu njupuk dhuweke wong liya
b. Aja sok dolan ana ing sawah
c. Dadi wong aja sok seneng nyolong,mesthi mengko ana akibate
d. Aja sok gumedhe mundhak ora disenengi wong

20. p/tn tukuspitelu
Ukara ing ndhuwur yen ditulis latin yaiku ....
a. Partini tuku sapi telu
b. Partana tuku kebo lima
c. Partini tuku sapi lima
d. Partana tuku sapi telu

21. simBh da/[so[to
Ukara ing ndhuwur yen ditulis latin dadi ....
a. Simbah maem soto
b. Simbah dhahar sate
c. Eyang dhahar soto
d. Simbah dhahar soto

22. pkB/fitinFkSurk/t
Ukara ing ndhuwur yen ditulis latin dadi ....
a. Pak Budi tindak Solo
b. Pak Bardi tindak Surakarta
c. Pak Budi tindak Surakarta
d. Pak Bardi tindak Solo

Pangkur
Aja seneng padha utangUtang iku bakal ngganggu ing atiYen atine wis kagangguTentreme ora anaOra bakal urip rukunRukune wis sirnaRusak keluargane

23. Rukune wis sirna,ukara iku tegese ....
a. Wis ora ana kerukunan
b. Golek rukun sing wis ora ana
c. Rukun terus
d. Utang dadi bisa ngrukunake

24. Tembang pangkur ing dhuwur ngelingake aja padha seneng ....
a. Utang
b. Gegojegan
c. Congkrah
d. Ayem

25. Kesatrian nakula ana ing …
a.  Bumi Retawu
b.  Sawojajar
c.   Pringgadani
d.  Sapta Prathala

26. Gatekna gambar wayang iki!
a.    Jodipati
b.    Madukara
c.     Amarta
d.    Astina





27. Gambar Wayang kulit iku jenenge …
a.    Puntadewa
b.    Nakula
c.    Janaka
d.    Sadewa





28. Gatekna!
1.    Rini ngilakake lungguhane diaturake wong tuwa mau, banjur dheweke sing ngadeg.
2.    Ana wong tuwa ngadeg amarga ora oleh lungguhan.
3.    Dheweke kepenak lungguh ana kursi bis.
4.    Rini mangkat sekolah numpak bis kota
Urutane ukara kang bener supaya dadi paragraf kang runtut, yaiku…
a.  1 – 2 – 3 – 4
b.  4 – 1 – 3 – 2
c.   4 – 2 – 1 – 3
d.  2 – 4 – 1 – 3

29. Gatekna gambar iki!

Paragraf kang cocok karo gambar ing dhuwur iki yaiku …

a.  Rina weruh wong ngemis. Sing ngemis wonge wis tuwa. Wong kuwi njaluk dhuwit. Rina nyedhaki banjur ngusir wong ngemis sing teka
b.  Ana wong tuwa banget. Dheweke lungguh ana pinggir dalan. Wong kuwi katon mesakake. Awake katon kuru. Rina menehake dhuwit marang wong kuwi.
c.   Ing pinggir dalan ana wong loro. Sing siji wis tuwa, dene sijine isih bocah. Wong loro lagi padha rebutan dhuwit. Sing kasil ngrebut dhuwite yaiku bocah cilik.
d.  Rina bocahe cilik, nalika weruh wong ngemis dheweke nyedhaki. Wong sing ngemis wis tuwa. Dheweke lagi lungguhan ana pinggir dalan. Rina lan wong tuwa lagi mangan sega.

30.     Aku arep … marang Pak Guru.
     Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku …
a. matur
c. ngomong
c. ngendika
d. sanjang

31. Gatekna paragraf iki!
    Jendral Sudirman grengseng banget njaga kamardikan. Sanajan gerah tetep mimpin TNI gerilya ngusir Walanda. Jendral Sudirman kawentar minangka ahli … lan makantar – kantar semangat jroning nggulawentah TKR nganti dadi TNI. Mula panjenengane ditetepake minangka Bapak TNI.
a. perang paderi
b. perang saudara
c. perang gerilya
d. perang paregreg

32. Ibu         : “Ana, suk yen Mbak Tanti dadi nganten, kowe didhawuhi dadi dhomas, lho”
      Ana        : “Isin Bu, kula!”
      Bapak     : “Dadi bocah ora pareng isinan. Luwih – luwih dadi dhomas.
                      Yen isin, disawang rak ora patut.”
      Ibu         : “Bener Ana, … Coba isin karo sapa?”
Tembung sing bener kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku…
a. ngendikane bapake kuwi
b. ngendikane ibu kuwi
c. omongane bapak kuwi
d. celathune bapak kuwi

33. Jangkepi Ukara Pembuka Pidato ing ngisor iki!
    Assalamu’alaikum Wr.Wb.
    Ingkang kulo … Bapak/Ibu guru wonten SD Harapan Bangsa.
a.    hormati
b.    tresnani
c.    kurmati
d.    kinormati

34. Dhumateng para anggota ingkang nggadhahi kepinteran, ketrampilan punapa kemawon, sagede nularakan dhateng para anggota sanesipun, murih sadaya anggota mudha – mudhi tambah seserepanipun.
Isine sesorah antarane yaiku ….
a. Kepinterane mudha – mudhi durung oleh dalan nyalurake
b. Uripe biasa dadi sanggane wong tuwa.
c. Kabeh mudha – mudhi wis bias urip mandiri
d. Sing duwe kepinteran gelem nularake marang kancani

35. Para rawuh, kulo minagka ketua pakempalan “Pangudi Utama” ing dhusun ngriki rumaos bingah, awit kanca – kanca gadhah niyat lan tekad ingkang luhur makempal wonten ing wadhah “Pangudi Utama”. Punika pratandha para mudha – mudhi emut maknaning pasunggitan lan sing lagi sesoran yaiku
a. Ketua RT
b. Wakil Kridata Taruna
c. Ketua Krida Taruna
d. Perangan mudha – mudhi

36. Nakula lan Sadewa putrane Ibu Dewi Madrim. Puntadewa, Werkudara lan Janaka putrane Ibu Dewi Kurthi. Kabeh mau bapake Prabu Pandhudewanata. Mula anak lima mau diceri dadulur ….
a. Beda bapak
b. Tunggal paba
c. Bapak Ibu\
d. Seje bapak/ ibu

37. Raden Sadewa nalika cilik jenenge ….
a. Pinten
b. Parta
c. Tangsan
d. Sena

38. Buku cacahe lima, yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku …
a.    ? buku cca lmi.
b.    ? buku cca lim.
c.    ? buku cc[a lim.
d.    ? bku cca lmi.

39. ?aibu v=ki= cpi =ai= swh. Yen ditulus latin dadine ….
a. Ibu nyangking pacul ing sawah
b. Bapak gawa pacul ingk sawah
c. Ibu nyangkring ing sawah
d. Ibu nyangking caping ing wawah

40. Tulisan aksara jawa kang bener kanggo ukara
Bapak dhahar sekul – sekul yaiku ….
a.    ?bpkDa/sekul\.
b.    ?vpkDa/[skul\.
c.    ?bpkDa=sekul\.
d.    ?bpkDa/sekul\.

41. ?ankTeluln=k[bh.Yen ditulis lating dadine …
a. Anak lima lanang wadon
b. Anak telu wadon kabeh
c. Anak lima wadeon kabeh
d. Anak telu lananag kabeh

42. Wacanen pratelan kanthi pratitis!
Bengi peteng ndhedhet, mung lintang sing dadi paugeran dheweke. Ombak banyu segara kang gedhe, angine banter lan adheme wengi ora digatekake. Dheweke nyuwun marang Gusti, sesuk esuk bisa mulih nggawa hasil. Keluargane ing kana tansah ngenteni kanthi pangarep-arep, semana uga para dagang.
Ringkesane crita ing dhuwur kang bener yaiku... .
a. Anggone mbudidaya para nelayan banget nggumunake.
b. Para dagang ngeteni nelayan nggawa iwak.
c. Nggumunake cara nelayan golek iwak.
d. Keluarga nelayan tansah seneng ngadhepi ombak banyu segara.

43. Gatekna geguritan ngisor iki!
                   Bocah Sekolah    Jam setengah pitu mangkat sekolah    Wira-wiri saben esuk    Mlebu menyang pamulangan    Saka bapa lan ibu guru    Kanthi tlaten uga taberi    Wiwit kelas sisji tekan saiki    Aku    Ora bakal    ... .
Tembung kang mathuk kanggo nutugake geguritan ing dhuwur yaiku... .
a. Mandheg dalan banjur dolanan bal-balan
b. Kelakon sedyaku ngudi ilmu
c. Metu lamun durung ketemu ilmu
d. Leren lamun durung antuk ijasah

44.  Gatekna cuplikan geguritan iki!
    Putra iku kudu bekti marang Ibu    Uga marang Bapa    Dituturi dititeni    Sinaune disregepi aja mblayang
Parafrase cuplikan geguritan ing dhuwur yaiku... .
a.    Putra iku kudu bekti marang Ibu lan Bapa, menawa dituturi dirungokake. Saben dina kudu sinau. Yen awan aja seneng dolan.
b.    Bocah kang becik kudu bekti marang wong tuwa. Ngendikane Bapak lan Ibu kudu dititeni yaiku sinau kang sregep lan aja seneng dolan.
c.    Bocah-bocah elinga kowe kudu bekti marang Bapak lan ibu. Ing omah kudu gelem ngrewangi wong tuwa. Menawa dolan aja kesuwen.
d.    Bocah kang becik kuwi kudu gelem mbiyantu wong tuwa. Apa pituture wong tuwa, kudu digatekake lan ora kena mbantah.
45.  Geguritan kang jumbuh/pas karo gambar yaiku... .

a.    Prastawa teka ora warna-warna
Tekane ambra-ambra
Miyak dedalan kang sora
Akeh wewangunan kang muspra
b.    Srengenge wis sumunar
Among tani budhal nyambut gawe
Nggarap sawah lan tegalan
Ngupayani beras lan tela
Kanggo netepi pangan sabangsa
c.    Wis titi wancine
Bocah-bocah padha mempeng sinaune
Wong tuwo melu ngupaya
Amrih bijine  putrane manjila

46. ... .tiyang sepahipun Nakula lan Sadewa?
a. Sinten
b. Pinten
c. Kadospundi
d. Kenging punapa

47.  Kula...sekolah lajeng tilem, ibu kondur kantor mangke sonten.
Tembung sing mathuk kanggo ngiseni ceck-cecek ukara ing dhuwur  yaiku... .
a.  kondur
b.  tindak
c.   wangsul
d.  mulih

48.  Ukara ngisor iki sing trep yaiku... .
a.    Aku diwenehi dhuwit ibu kanggo tumbas buku.
b.    Aku diparingi dhuwit ibu kagem tuku buku.
c.    Aku diparingi dhuwit ibu kanggo tuku buku.
d.    Aku disukani dhuwit ibu kanggo mundhut buku.

49.   Ukara ngisor iki sing mathuk yaiku... .
a.    Bulik tangi sore lajeng siram.
b.    Ibu tangi tilem lajeng siram.
c.    Kula tangi tilem lajeng adus.
d.    Eyang gerah untu sedalu boten sare.

50.  Bapak mirsani wayang kulit ana ing gedhung kesenian.
    Ukara ing dhuwur yen diganti Krama Alus kang trep yaiku... .
a.    Bapak ningali wayang kulit wonten gedhung kesenian.
b.    Bapak ningali ringgit wacucal ing gedung kesenian.
c.    Bapak mirsani wayang kulit ing gedhung kesenian.
d.    Bapak mirsani ringgit wacucal wonten gedhung kesenian.




Download Kunci Jawaban DISINI
Previous
Next Post »
Thanks for your comment