Prediksi Soal Kunci US Bahasa Jawa 6 SD UAS 2 TA 2013/2014

I.  Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara  a , b , c utawa d minangka wangsulan pitakon sing bener !

1.    Geguritan !         
Delengen ing bang wetan lan bang kulonSunare kemajuan katon makantar-kantarApa kowe isih panggah nggondheli kemul ?Isih enak-enak turu ?Senggar-senggur oran mikir ?Kamangka ing kana wis bisa ngancik rembulanIng kana ngancik planet MarsApa kowe mung trima dhelog-dhelogNgenteni lugure endhog ?. . . .
Apa piweling kang ana ing geguritan iku?
A.   Supaya dolanan wae
B.   Supaya eling marang Gusti Kang Maha Kuwasa
C.   Supaya sregep nyambut gawe lan ora keri ing jaman
D.   Supaya sregep tetulung marang wong liya

2.   Ing sawijining dina Kancil mlaku-mlaku ing tengah alas. Ing kana ketemu Bantheng karo Baya kang lagi tukar-padudon. Awit Baya njaluk punuke Bantheng kang lemu lan gimbyur-gimbyur sawise Baya ditulungi Bantheng amarga ketiban wit sing gedhe banget. Mula banjur Bantheng jaluk keputusan marang Kancil. Ora kesuwen Kancil jaluk dibaleni mula bukane kedadiyan iku supaya ngerti kawitane. Bareng wis ngerti Baya ditibani wit maneh karo Bantheng , Kancil banjur ngajak Bantheng supaya ninggalake Baya kang lagi nggereng-nggereng sambat amarga ketiban wit mau.
. . . .
Saka wacan iku , Kancil duweni sifat sing . . . .
A.   Sabar                                                             C. Pilih kasih
B.   Nrima                                                             D. adil

3.    Miturut kabar ing TV saiki ing ngendi-endi tansah ana prahara banjir. Tembung “banjir” yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi . . . .

A.                                                                           C.

B.                                                                           D.

4.    1. Wong-wong sing ngungsi padha bali mulih menyang omahe maneh.
2. Bareng udane wis terang banyune surut
3. Senajan mangkono katone warga kampong ya ora kapok
4. Omah , tanduran lan liyan-liyane padha rusak
Supaya dadi pada kang runtut , urutan sing bener yaiku . . . .
A.   4 – 3 – 2 – 1                                                  C.  2 – 1 – 4 – 3 
B.   2 – 3 – 4 – 1                                                  D.  2 – 1 – 3 – 4

5.   Cacahing gatra tembang Pocung iku ana  . . .  gatra.
A.   6                                                                       C. 4
B.   5                                                                       D. 3

6.    1.  Mijil
2.  Ilir-ilir
3.  Pocung
4.  Jamuran
Tembang-tembang ing dhuwur kang kalebu tembang Macapat , yaiku . . . .
A.   1  ,  2                                                               C. 1  ,  4
B.   3  ,  4                                                               D. 1  ,  3

7. Jerukku dipangan adik.
    Tembung “dipangan” yen ditulis aksara Jawa sing bener . . . .
A.                                                                             C.      
B.                                                                             D.

8.                       Pangkur

Sekar Pangkur kang winarnaLelabuhan kang kanggo wong ngauripAla lan becik punikaPrayoga kaweruhanaAdat waton punika dipun kaduluMiwah ingkang tata karmaDen kaesthi siyang ratri.

Guru wilangan lan guru lagune gatra kang kapisan ing saka tembang Pangkur ing dhuwur yaiku . . . .
A.   8a                                                                     C. 8u
B.   8i                                                                      D. 8o

9.  Ki Hajar Dewantara miyos ing Ngayogyakarta 2 Mei 1889. Nalika isih timur asmane Raden Mas Suwardi Suryaningrat.Ki Hajar Dewantara ngadegake pawiyatan kang aran Perguruan Taman Siswa ing Ngayogyakarta. Bebarengan karo Edward Douwes Dekker lan dr. Cipto Mangunkusumo ngedegake pakumpulan “Indische Partij” ing tanggal 25 Desember 1912.Amarga gedhe banget lelabuhane marang nagari Indonesia Ki Hajar Dewantara sinebut Bapak Pendidikan Nasional . . . .

Sapa asmane Ki Hajar Dewantara nalika isih timur ?
A.   Edward Douwes Dekker                              C. Raden Mas Suwardi Suryaningrat
B.   Dr. Cipto Mangunkusumo                           D. Mohammag Yamin

10.                                                             Aksara Jawa iki tulisan latine  . . . .
A.   Urip pralaya                                                   C. Ana Prahara
B.   Gagah Prakosa                                             D. Urip Prasaja

11. Alise nanggal sepisan. Dene idepe , sing becik cinandra . . . .
A.   Nggendhewa pinenthang                          C. Tumengeng tawang
B.   Manjang Ilang                                               D. Nyikil Walang

12. . . . kaya bisa mutung wesi gligen. Tembung pepindhan kang mathuk kanggo ceceg-ceceg ing dhuwur, yaiku . . . .

A.   Swarane                                                         C. Tandange
B.   Sumbare                                                        D. Polahe

13. “Dodol rujak cingur” , yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener . . . .
A.                                                                            C.
B.                                                                            D.

14.          Indonesiaku
Telung atus seket warsaDijajah bangsa WalandaWargane urip lara lapaAnak putu tansah kalunta-lunta. . . .
Tembung “warsa” kang ana sajroning geguritan ing dhuwur, tegese . . . .
A.   Dina                                                              C. Taun
B.   Wulan                                                           D. Windu

15. (Wacan kanggo pitakon nomer 15  nganti 17 )
                                  ANDHE – ANDHE LUMUTMbok Randha ing desa Dhadhapan duwe anak pupon nggantheng banget , jenenge Andhe-Andhe Lumut. Akeh wong sing kepingin ngepek mantu. Ananging Andhe-Andhe Lumut ora gelem.Ora adoh saka desa kono uga ana randha kang aran Mbok Randha Karangwulusan.Duwe anak papat wadon kabeh. Sing telu anake dhewe lan sing siji anak pupon. Pambarepe jenenge Kleting Abang , sing nomer loro Kleting Wungu , lan anak sing nomer telu jenenge Kelting Biru. Dene sing nomer papat (anak pupon) jenenge Kleting Kuning.Anake Mbok Randha Karangwulusan sing telu mau kabeh ora doyan gawe. Senenge mung macak lan brai , nganggo sandhangan kang apik tur regane larang. Kosok baline sing anak pupon aran Kleting Kuning mau disiya-siya dening Mbok Randha Karangwulusan sak anake.Uripe tansah rekasa katula-tula. Sandhangane rupane wis blawus.       Krungu kabare Andhe-Andhe Lumut, Mbok Randha Karangwulusan ngongkon anake papat mau nemoni Andhe-Andhe Lumut supaya ngepek bojo. Sanalika anak wadon papat mau budhal menyang omahe Mbok Randha Dhadhapan. Nalika arep nyabrang kali kang lagi banjir , bocah wadon telu mau disabrangake dening Yuyu Kangkang amarga gelem mbayar.      Bareng wis tekan omahe Mbok Randha Dhadhapan lamarane ditampik kabeh dening Andhe-Andhe Lumut. Bocah wadon telu mau bali mulih banjur tekan kali maneh. Dene Kleting Kuning ora disabrangake dening Yuyu Kangkang amarga diwagu ora bisa mbayar. Rumangsa wis kesel ngenteni , kali mau bnajur disabet nganggo cis dening Kleting  Kuning. Sanalika banyu kali mau banjur asat. Kleting Kuning mlaku nyabrang kali sing wis asat mau. Tekan omahe Mbok Randha Dhadhapan lamarane ditampa dening Andhe-Andhe Lumut. Kleting Kuning banjur digrujug banyu dening Andhe-Andhe Lumut. Sanalika Kleting  Kuning malih dadi Putri Dewi Candra Kirana lan Andhe-Andhe Lumut malih dadi Raden  Putra. Dewi Candra Kirana lan Mbok Randha Dhadhapan diboyong menyang Kraton  Jenggala. Dene Mbok Randha Karangwulusan lan anake telu kabeh dilebokake menyang   pakunjaran Kraton Jenggala.

 Lakon (tokoh utama)  kang ana dongeng ing dhuwur yaiku. . . ..
A.   Mbok Randha Dhadhapan                       C. Kleting Wungu
B.   Mbok Randha Karangwulusan                D. Andhe-Andhe Lumut

16. Watake Kleting Kuning ana ing dongeng ing dhuwur yaiku . . . .
A.   becik                                                              C. gampang nesu
B.   ala                                                                  D. drengki lan srei

17. Piweling kang bisa kapethik saka dongeng (crita) Andhe-Andhe Lumut yaiku
A.   Wong kang  atine ala mesti uripe bakal mulya             
B.   Wong kang sabar narimo uripe mesti bakal mulya
C.   Urip ing donya iku aja nganti becik marang sapadha-padha                                     
D.   Wong urip iku aja duwe rasa drengki srei

18. Pak Usman tansah nggatekake pakan lan kandhang pitike. Kandhange katon tansah resik, telek pitik dikumpulake kanggo rabuk tetanduran. Putrane Pak Usman loro, lanang wadon lan sregep-sregep. Saben dina ana bae pitike babon sing ngendhog. . . . .

Ukara kang mathuk kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur , yaiku . . . .
A.   Endhog-endhog mau saben dina didadar kanggo lawuh mangan
B.   Endhog-endhog mau diklumpukake banjur didol
C.   Putrane Pak Usman sregep adol pitik
D.   Pitike Pak Usman arep dibeleh kanggo kajat mantu putrane

19.  Pakdhe   :  “ Kok kadingaren, arep ana perlu apa?”
Surti         :  “ Boten wonten perlu punapa-punapa , namung badhe sowan kemawon”.
Budhe     :  “ Lha kok kowe nakokake layang barang “.
Surti         :  “. . . . “.
Pakdhe:  “ Mbok tilikana kothak pos ing ngarep omah kae !”
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi pacelathone Surti ing dhuwur yaiku . . . .
A.   Terose Ibu , sabakdanipun kesah mriki badhe kintun layang riyin.
B.   Ngendikanipun Ibu , saderengipun tindak mriki badhe kintunserat rumiyin.
C.   Aturipun Ibu , sabakdanipun kesah mriki badhe kintnun serat rumiyin.
D.   Kulo boten mangertos punapa-punapa, Budhe.

20.  Fitri        :  “Saderengipun tepangaken , kula Fitri murid kelas 6 SD ngajeng punika.
                            Kula badhe pitaken kaliyan Ibu. Saged ta , Bu?”
PKL      :  “ Oh , bisa !”
Fitri       :  “ Milai kapan Ibu sadeyan dhateng mriki ?”
PKL      :  “ Kurang luwih wis limang taun”.
Fitri       :  “ . . . . “.
PKL      :  “ Sadurunge aku ora nyambut gawe apa-apa “.
Fitri       :  “ Punapa tetdhan ingkang Ibu sade punika damelan piyambak ?”
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku . . . .
A.   Pinten reginipun jajan punika ?
B.   Sinten ingkang damel tetdhan ingkang panjenengan sade ?
C.   Saderengipun , Ibu nyambut damel punapa ?
D.   Cekap semanten rimuyin nggih , Bu. Matur sembah nuwun sanget.

21. “Bosok malah enak”.  Cangkriman iku batangane . . . .
A.   tempe                                                            C. tape
B.   tahu                                                               D. sate

22. Salak iku batangane saka cangkriman . . . .
A.   Sega sakepel dirubung tinggi                    C. Pitik walik saba kebon 
B.   Bosok malah enak                                        D. Dikekthok malah dhuwur

23. ( Wacan kanggo pitakon nomer  23  lan 24 )
. . . .
Akeh omah sing ambruk ,  sawah sing rusak , rajakaya sarta sato-iwen kerut banyu, lan liya- liyane. Malah ana sekolahan sing kapeksa diliburake amarga gedhonge keleban. Pendhudhuk gedhe-cilik, nom-tuwa, polahe “kaya gabah den interi”, golek slamet dhewe-dhewe. Akeh-akehe padha ngungsi menyang panggonan-panggonan sing luwih dhuwur.Wong-wong sing ora kena musibah padha cancut taliwanda, tumandang mbiyantu sedulur-sedulure sing lagi nandhang musibah. Gedhening kapitunan jalaran musibah mau ora sethithik, yen dikertaaji bisa nganti atusan yuta rupiah. Bantuan saka ngendi-endi padha teka prasasat “mbanyu mili”, utamane saka pamarentah. Iku kabeh kanggo ngenthengake kasangsarane rakyat kang lagi nandhang musibah.

Apa wosing wacana (tema) kang ana ing wacan dhuwur iku ?
A.   Akeh omah sing ambruk, sawah sing rusak, rajakaya lan sato-iwen padha kerut banyu.
B.   Gedhening kapitunan jalaran musibah banjir.
C.   Pendhudhuk padha ngungsi menyang panggonan kang luwih dhuwur.
D.   Sekolahan diliburake amarga gedhonge ketiban awu saka gunung sing njeblug

24. Kepriye kahanane pendhudhuk kang lagi nandhang musibah ing wacan dhuwur iku ?
A.   Bantuan saka ngendi-endi prasasat mbanyu mili.
B.   Iku kabeh kanggo ngenthengake kasangsarane rakyat kang lagi nandhang musibah.
C.   Yen dikertaaji bisa nganti atusan yuta rupiah.
D.   Polahe kaya gabah den interi, padha golek slamet dhewe-dhewe.

25. (Kanggo pitakon nomer  25  lan  26)
. . . .Kawulamu . . . .Guyub rukun anambut kardiJroning swasana tentrem lan mardhikaGiliging tekad manunggalCumithak jroning atiBebarengan ambangunAku lila . . . .Korban jiwa raga kanggo bumikuNadyan awak ajur dadi sawurLan getihku mblabar nuli ,Netesi bumi pertiwiLabet raharjaning nagara. . . . (Karipta dening Mahardono Wuryantoro)
Apa wosing geguritan ing dhuwur iku ?
A.   Korban jiwa ragane Pahlawan kanggo raharjaning nagari
B.   Netesi bumi pertiwi amrih ajur dadi sawur
C.   Bebarengan ambangun nagara 
D.   Getih kang netesi bumi pertiwi

26. Apa tegese “Guyub rukun anambut kardi” kang ana ing geguritan dhuwur iku ?
A.   Swasana kang guyub lan rukun
B.   Bebarengan nyambut gawe kanthi guyub rukun
C.   Guyub rukun karo kaluwargane dhewe
D.   Urip kanthi rukun karo sanak-kadange

27. Anggenipun mbeksa gandhes  . . . runtut kaliyan wiramaning gendhing
A.   angles                                                            C. luwes
B.   mules                                                             D. lemes

28. “ Mau esuk Mas Toni nguras jedhing”.
Sing kasebut lesan ana ing ukara dhuwur , yaiku  . . . .
A.   Mau esuk                                                      C. nguras
B.   jedhing                                                          D. Mas Toni

29. Warga desa Margo Asri cacahe ana 4.759 jiwa
4.759 yen ditulis nganggo aksara Jawa, dadine . . . .
A.                                                                           C.
B.                                                                           D.

30. Mariana mangsuli , “ Aku sing nggawa bukumu !”
Ukara kandha ing dhuwur yen diowahi dadi ukara crita , sing bener . . . .
A.   Mariana kandha yen dheweke sing nggawa bukuku.
B.   Mariana mangsuli yen aku sing nggawa bukumu.
C.   Mariana kandha yen aku sing nggawa bukune.
D.   Mariana mangsuli yen dheweke sing nggawa bukumu.

31. Pelem gadhung ditandur ana ing kebon dening Mas Anggit.
Ukara kasebut yen diowahi dadi ukara tanduk , dadine  . . . .
A.   Ana ing kebon pelem gadhung ditandur dening Mas Anggit.
B.   Mas Anggit nandur pelem gadhung ana ing kebon.
C.   Pelem gadhung nandur ana ing kebon dening Mas Anggit,
D.   Mas Anggit ditandur pelem gadhung dening ana ing kebon.

32. ( Kanggo pitakon nomer  32  lan  33 )
. . . .
  Puja lan puji syukur sumangga sami kita aturaken dumateng Gusti Ingkang Maha Agung , ingkang sampun paring kawilujengan , saengga ing wekdal punika kita dipun panggihaken ing pasamuan punika. Minangka sesulihipun kanca-kanca kelas 6 , kula ngaturaken gunging panuwun dene Bapak saha Ibu sampun kersa rawuh dhateng pasamuan ingkang kula wontenaken punika. Pasamuan punika minangka wujudipun raos syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Kuwasa awit saking kanugrahanipun kula sakanca kelas 6 saged lulus sedaya.Salajengipun kula inggih ngaturaken gunging panuwun dumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas 1 ngantos kelas 6 . . . .
Apa isine pidhato ana ing dhuwur iku ?
A.   Sambutan saka wakil kelas 6 sing lulus sekolah nalika adicara syukuran.
B.   Sambutan saka wakil kelas 6 nalika pamitan marang Bapak Ibu Guru.
C.   Wakil kelas 6 ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Agung.
D.   Wakil kelas 6 ngaturaken gunging panuwun dumateng Bapak saha Ibu Guru.

33. Ukara kang mathuk kanggo njangkepi pambukaning pidhato ing dhuwur, yaiku . . . .
A.   Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten kaladuking atur kula nyuwun agungipun pangapunten.
B.   Kula sakanca kelas 6 inggih nyuwun donga pangestu mugi-mugi saged nglajengaken dhateng sekolah ingkang langkung inggil.
C.   Dumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak Pengurus Komite Sekolah, Bapak Ibu Guru ingkang kula kurmati , saha kanca-kanca kelas 6 inkang kula tresnani.
D.   Wusananing atur, mugi kita sedaya tansah pikantuk kanugrahan saking Gusti Ingkang Maha Agung. Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

34. ( Kanggo pitakon nomer  34  lan  35 )
           KinanthiAnoman malumpat sampunPrapteng witing nagasariMulat mangandhap katingalWanodyayu kuru akingGelung rusak wor lan kismaKang iga – iga kaeksi
Tembang Kinanthi ana ing dhuwur iku kadadeyan saka . . . .
A.   6 gatra                                                           C. 6 wanda
B.   6 bait                                                             D. 6 pada

35. Sing kalebu Tembung Garba ana Tembang Kinanthi ing dhuwur, yaiku . . . .
A.   malumpat                                                      C. kaeksi
B.   mangandhap                                               D. Prapteng

II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo wangsulan sing bener!
36.  Paugeran karangan !
1. Saben sapada cacahe ana 4 gatra.
2. Saben gatra cacahe ana 8 wanda.
2. Gatra 1 – 2 minangka nunutan (sampiran).
3. Gatra 3 – 4 minangka isine.
Karangan miturut paugeran ing dhuwur iku jenenge . . . .
37.                                                                                           
Tulisan Jawa ing dhuwur aksara latine . . . .
38. Dhong-dhinging swara (tumibaning swara) saben pungkasane gatra ing sajroning tembang diarani . . .

39. Kacarita pinuju ing satunggaling dinten Kancil lumampah wonten ing saurut pinggiring lepen. Dumadakan kajerag Kancil ngidak keyong Keyong lajeng ndhelik angslup ing omahipun.

 Latar (papan panggonan) kadadeyan crita ing dhuwur yaiku ana ing
40. Terusake paribasan ing ngisor iki !
“ Anak polah Bapa . . . . “.
41. Satriya pambarepe Pandhawa iku jenenge . . . .
42. Gada Rujak Polo iku sanjatane . . . .
43. Gambar Wayang ing ngisor iku jenenge . . . .

44. Wasana cukup semene, bisa lan orane aku sakanca ngantu-antu wangsulan.
Pedhotan layang (surat) ing dhuwur kalebu perangane layang, yaiku bagiyan . . . .

45. Dak rewangi adus . . . abote nyukupi kabutuhan kaluwargaku.
Tembung entar kang mathuk kanggo ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku . . . .

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan sing bener !

46. Coba critakna carane gawe dolanan kaya gambar ing ngisor iki !
.....................................................................................................................
47. Critakake gambar ing ngisor iki miturut nomere supaya dadi crita kang runtut !
....................................................................................................................
48. Urutna ukara ing ngisor iki supaya dadi pada kang runtut !
1.    Mula dadi panggonane nyamuk aidhes aeghipty
2.    Banyu ing got padha mambeg kasumpet larahan
3.    Pungkasane dadi jalaran pageblug demam berdarah
4.    Kampung Bumiaji kahanane reged banget
....................................................................................................................

49. Tembung “ Mecu”  dadi “Mecucu”, “Cenges” dadi “Cengenges”.
Gaweya 4 (papat) tuladha tembung dwiwasana saliyane tembung ing dhuwur iku !
....................................................................................................................
50. Gaweya ukara nganggo tembung dwilingga salin swara !
.....................................................................................................................




KUNCI JAWABAN
LATIHAN SOAL UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA

I.        1. C                     11. C                           21. C                           31. B
2. D                     12. B                           22.A                            32. A
3. B                     13. A                           23.B                            33. C
4. C                     14. C                           24.D                            34. A
5. D                     15. D                           25.A                            35. D
6. D                     16. A                           26. B                          
7. C                     17. B                           27. C                          
8. A                     18. B                           28. B
9. C                     19. B                           29. B
10.D                    20. C                           30. A
II.         36. Parikan / pantun                                                41. Yudistira / Puntadewa
            37. Bukune Santi digambari wayang       42. Werkudara
            38. guru lagu                                           43. Gatutkaca
            39. penggir lepen / pinggir kali                  44. Panutup / Wasana Basa
            40. kepradah                                                 45. Kringet

III.        46. Miturut kawicaksananipun guru.
            47. 1. Wayah udan Budi bal-balan ing lapangan karo kancane.
2. Nalika tekan omah awake Budi meriang/adhem-panas , watuk , lan pilek. Budi dielingake Ibune supaya ora udan-udan maneh.
3. Budi diutus ngombe obat karo Ibune.
4. Bubar ngombe obat Budi waras maneh
( utawi miturut kawicaksananipun guru )

            48. 4. Kampung Bumiaji kahanane reged banget
2. Banyu ing got padha mambeg kasumpet larahan
      1. Mula dadi panggonane nyamuk aidhes aeghipty
3. Pungkasane dadi jalaran pageblug demam berdarah

            49.  1. Cuwo    =  Cuwowo                      2.  Cengek  = cengengek  
                   3. Cunguk  =  cengunguk                   4.  Cekik     = cekikik  ,
                        ( lsp. Utawi miturut kawicaksanan guru ).

            50.  Wis dikandhani bola-bali kok isih lali wae. (utawi miturut kawicaksanan guru).

Previous
Next Post »
Thanks for your comment