Prediksi US Bahasa Jawa dan Kunci 6 SD UAS 2 TA 2013/2014

Wacan  soal nomer 1 – 4.

Melu Sanggar Beksan

Wis rong tahun Arum melu gladhi beksan ing Sanggar Lindhu Panon.
Tujuwane kanggo nglestarekake kabudayan beksan Jawa. Amarga jaman saiki akeh para generasi muda ora bisa beksan Jawa, prasasat kenal wae ora. Nanging ora mangkono kanggone Arum.
Dheweke wis prigel beksa maneka warna, beksan klasik apa dene gagrak anyar. Wis makaping-kaping oleh piala. Kuwi mau amarga dheweke tekun gladhen. 
Bakat senine Arum ora luput saka bapak lan ibune. Wong tuwane tansah nyengkuyung.  Ora maido yen ta, Arum nganti bisa mbeksa tekan TMII. 
Pengalamane anggone melu gladhen olah beksa ing Sanggar Lindhu Panon,pranyata duweni paedah kang gedhe tumrape Arum. Saliyane bisa olah keprigelan uga nambah sesrawungan. 

1. Pokok pikirane paragraf siji serita ing dhuwur ?
A. kahanan
B. jaman
C. beksan
D. kabudhayan 

2. Arum duweni watak... .
A. seneng 
B. tekun
C. manut
D. sregeb

3. Tembung beksan  ana cerita ing dhuwur yaiku... .
A. tarian
B. jogedan
C. tembang
D. dolanan

4. Pesen cerita ing dhuwur yaiku... .
A. seneng giadhen
B. prigel gladhen
C. tekun gladhen
D. trampil gladhen

Wacan soal nomer 5 – 8.

Bagus Karebet sarehning wis ora nduwe bapak lan ibu banjur kapundhut putra Nyai Ageng Tingkir. Merga melu Nyai Ageng Tingkir, Karebet nduweni jeneng Jaka Tingkir .
Jaka Tingkir senengane dolan menyang guwa-guwa ing alas .Yen wis dolan nganti telung dina ora bali amarga pengin dadi prajurit . Nanging Jaka Tingkir bocah kang manut marang dhawuhe ibune , banjur mangkat menyang sawah ngewangi ibune.
5. Apa kesenengane Jaka Tingkir ?
A. dolan menyangmenyang guwa-guwa ing  alas
B. menyang alas gung liwang liwung
C. dolan menyang sawah
D. Ngewangi ibune

6. Geneya Jaka Tingkir telung dina ora bali ?
A. amarga pengin dadi abdi
B. amarga pengin dadi prajurit
C. amarga pengin dadi pekathik
D. Amarga pengin dadi punggawa

7. Kepriye watake Jaka Tingkir marang ibune ?
A. Sakarepe dhewe
B. Seneng nyambut gawe
C. Seneng dolan menyang guwa
D. Manut marang wong tuwane

8. Cerita ing dhuwur ngemu surasa... .
A. kena dolan sakarepe dhewe
B. dolan golek senenge dhewe
C. kena dolan nanging ora lali kewajibane
D. dadi prajurit kudu seneng dolan menyang alas

9. . ?tuminhmev=ps/ .  yen ditulis latin unine... .
A. tuminah menyang pasar
B. tulimah menyang pasar
C. tukinah menyang pasar
D. tusinah menyang pasar


Wacan nomer 10 – 13.

 Raden Pandhanarang utawa Pangeran Pandhanarang nganakake paseban karo para santri lan para abdi dalem. Pangeran Pandhanarang ndangu marang para santri mbokmanawa ana sing arep matur apa dene usul babagan kang migunani panguripaning para kawula. Para santri matur manawa isih ana saperangan papan ing sisih kidul kang durung nate dipirsani lan durung nate pinarak ing papan kono. 
Pangeran Pandhanarang mirsani ing sisih kidul ana kampung lan masyarakate katon rukun, desane katon ijo royo-royo tetuwuhan kang tinandur thukul ngasilake tetedhan tumrap para kawulane. Kocap kacarita Pangeran Pandhanarang pirsa kahanan kaya mangkono mau banjur ndangu marang para kawula kang nembe gugur gunung nguruk tuk sanga sing metu banyune mau. 
Pangeran Pandhanarang ngendika, sepisan : ”menawa tuk sanga sing cacah wolu ora bakal ngetokake banyu maneh “. Kapindho:  ” desa iki dak wenehi  jeneng desa TAMBALANG “. Tambalang saka tembung : tambal lan ilang. saka owah-owahane Jagat tembung Tambalang dadi TEMBALANG tekan saiki .

10. Nyritakake apa wacan ing dhuwur ? 
A. asal usule desa Tembalang
B. asal usule kampung sisih kidul
C. asal usule tuk sanga kang ditutup
D. asal usule desa kang ijo royo-royo

11. Ana ing tlatah ngendi kahanan mau dicritakake ?
A. Rowosari
B. Randhusari
B. Tegal Wareng
D. Tembalang

12. Pangeran Pandhanarang nduweni watak.. .
A. sregep nyambut gawe
B. andhap asor seneng tetulung marang liyan
C. ora seneng tetulung marang liyan 
D. sregep nyambut gawe marang liyan

13. Pesene Raden Pandhanarang marang kawulane yaiku... .
A. manawa tuk cacah sanga ora bakal ngetokake banyu
B. menawa tuk cacah sanga kabeh bakal ngetokake banyu
C. manawa tuk sanga kang cacah wolu ora bakal ngetokakebanyu
D. manawa tuk sanga kang cacah wolu bakal ngetokake banyu

14. ?pri[nNk[tonHi[jo[ro[yo[ro[yo.
ukara ing dhuwur yen ditulis latin unine... .
A. parine katon iju ruyo-ruyo
B. sabine katon ijo royo-royo
C. sabine katon ijo raya-raya
D. parine katon ijo royo-royo

15. “Keparenga kula ing ngriki badhe matur wonten ngarsanipun bapak saha ibu bilih   Pentas Seni  punika , awit saking eguh pratikel  para kadang. Pramila kula ngaturaken panuwun“. 
Ukara ing kasebut minangka perangane pidhato kang diarani ... .
A. surasa basa
B. atur panuwun
C. salam pambuka
D. atur panuwun

16. Bapak saha ibu guru ingkang satuhu, kinormatan miwah para kadang siswa ingkang minulya, sakderengipun sumangga kula dherekaken munjukaken raos syukur dhumateng Gusti, awit saking paringipun nugraha dhumateng kula lan panjenengan. 
Salajengipun kula ing ngriki ingkang kajibah dados ketuapanitia Pentas Seni mengeti dinten Pendhidhikan Nasional warsa 2012 .
Keparenga kula badhe matur wonten ngarsa panjenengan sami, bilih Pentas Seni ingkang ginelar punika awit saking iguh pertikel saking para kadang sedaya “.
Tema kang jumbuh karo isi naskah pidato ing dhuwur yaiku... .
A. gebyar hardiknas
B. pahargyan mantu
C. gebyar kamardikan
D. mengeti tanggal 2 mei 2012

Wacanen nomer 17, 18, lan 19.

Bapak         : ” Fandhi, arep mangkat jam pira ?”
Fandhi        : “ Jam 06.00, Pak supados mboten telat “.
Bapak          : “ Bapak titip layang ya ? “
Fandhi         : “ Kagem sinten , Bapak ? “
Bapak          : “  Kanggo Bapak Ibu Kepala Sekolah “.
Fandhi         : “ Inggih, Bapak , sendika dhawuh “.

17. Isine pacelathon ing dhuwur yaiku ... .
A. layang kabar
B. layang pamit
C. layang ulem
D. layang kitir

18. Pacelathon ing dhuwur ngemu pesen... .
A. yen ora kerja kudu pamit
B. arep kerja ora perlu pamit
C. yen kerja  aja menehi kabar
D. yen ora perlu aja menehi kabar

19. Kapan Fandhi mangkat sekolah ?
A. jam 06.00 sore
B. jam  06.00 wengi
C. jam 06.00 awan
D. jam 06.00 esuk


Wacan nomer 20, 21, lan 22.

                 Ngudi Ilmu

Dadi murid kudu mituhu marang Guru
Tansah manut marang Bapa lan Ibu
Longgar wektu nyinau buku
Lelungan tan perlu

Ngudi ilmu ora sembarangan
Sregep sinau ora kakehan dolan
Njlimeti pasinaon ing pawiyatan
Rukun mring kanca golek paseduluran


20. Tembung pawiyatan tegese... .
A. kabudayan
B. pendhidhikan
C. sekolah dasar
D. perpustakaan

21. Sregep sinau ora kakehan dolan .
Tembung sregep , kosok balene ... .
A. keset
B. nurut
C. manut
D. prigel

22. Geguritan ing dhuwur ngemu pesen... .
A. pitakon
B. pitutur 
C. piwulang
D. paseduluran

23. s}[gepSinaumcjw .    yen ditulis latin unine... .
A. sregep sinau maca 
B. sregep maca jawa 
C. sregep sinau maca jawa
D. sregeb sinau maca jawa


Tembang kanggo soal nomer 24 lan 25.

MIJIL
Kadang tani ayo padha eling
Kerja gotong-royong
Macul kebon sawah lan tegale
Ditanduri jagung tela pari
Panen tembe mburi
Pangan dadi makmur
Kadang tani ayo padha eling

24. Maknane tembung kadang tani yaiku... .
A. para tani
B. mitra tani
C. sedulur tani
D. kanca tani

25. Amanate tembang Mijil ing dhuwur yaiku... .
A. becik ketitik ala ketara
B. sing nandur bakal panen
C. sing temen bakal tinemu
D. bekti marang wongb tuwa 

26. Gatekna gambar! Urutane kang bener yaiku ….
      A.   B.   C.   D.  

A . A   -  D   -  C   -  B
B . C   -  B   -  D   -  A
C . B   -  A   -  C   -  D
D . A   -  C   -  B   -  D

27.    Gambar wayang iki jenenge ….
  
       A. Puntadewa
       B. Werkudara
       C. Sadewa
       D. Arjuna




28. Gambar wayang iki miturut urutan Pendhawa nomer... .  
      A. 1
      B. 2
      C. 3
      D. 4






29. Bu Wiwik kepengin dadi ... ing rumah sakit
Tembung sing mathuk kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yaiku... .
A. juru rawat
B. juru masak 
C. juru kunci
D. juru rias

30. Pak Sukri ... kopi tugu luwak
Tembung sing mathuk kanggo nglengkapi ukara ing dhuwur yaiku ... .
     A. nedha
     B. dhahar
     C. ngunjuk
     D. ngombe

31. Raden Gathutkaca kagawa angin arep mungkasi ingkang kadange. Suwarane gumbleger. Adipati Karna kumesar atine, banjur ...  Akhire senjata kunta tumancep ing pusere Gathutkaca.  
     A. njupuk senjata lan dibalangake Gathutkaca
     B. njupuk senjata lan dibalangake marang Gathutkaca
     C. njupuk senjata lan  ditancepake marang Gathutkaca
     D. njupuk senjata lan digawa perang

32. Dewi        : “ Bu , kula badhe kesah sekolah “.
Ibu          : “ Ya , nanging sing ngati - ati, apa wis sarapan ? “
Dewi        : “ ... “.
     Wangsulane Dewi sing trep yaiku ....
     A. bibar
     B. mboten
     C. dereng
     D. sampun

33. Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ... .
A. kula bibar sarapan
B. kula dereng sarapan
C. kula mboten sarapan
D. kula sampun sarapan

34. 1) Bapak – Ibu guru tuwin adhik adhik ingkang satuhu kula urmati sakedhap 
malih kula sarencang badhe nilaraken Bapak-Ibu guru tuwin adhik adhik kelas sedaya, kangge nglajengaken pasinaon wonten SMP 
2) Bapak kepala sekolahingkang kinurmatan, Bapak-Ibu guru ingkang kula kurmati, sedaya rencang menapa dene adhik adhik ingkang kula tresnani.
3) Kula kinten boten prayogi menawi atur kula pamitan punika kedangon, pramila cekap semanten, bilih wonten klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangaksami.
4) Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula lan panjenengan sami saget makempal wonten ing papan punika kangge ngawontenaken perpisahan.

Kepriye urutane kang bener?
A.  2 – 1 – 4 - 3
B.  4 – 2 – 1 - 3
C.  2 – 3 – 4 - 1 
D.  2 – 4 – 3 – 1

35.







Ukara kang jumbuh karo gambar ing dhuwur yaiku ... .
A. Suranto lagi nggawe layang kanggo eyange
B. Suranto sregep sinau supaya pinter
C. Suranto lagi ngresiki kamare
D. Suranto sregep nata bukune
                                                                                           
36.
Surakarta, 21 Februari 2013
Kanggo kancaku
Dianita Putri
Ing Semarang

Dianita, layangmu wis tak tampa, bungah atiku sakwise dak waca, rasane kaya-kaya pingin ketemu. Kahananku lan kulawargaku sehat-sehat wae. Semono uga pamujiku kahananmu ing kene, muga-muga tansah seger lan bagas waras. 
Oh, ya... .
Semene dhisik, liya wektu dak sambung maneh.
Saka kancamu

Arumni

Ukara kang trep kanggo ngisi perangan layang ing dhuwur yaiku ... .
A. aku ing omah uga tansah wilujeng
B. muga – muga Gusti ngijabahi aku lan sliramu
C. sawise ujian sekolah , dak suwun bisa ketemu karo aku
D. wis ya Din , mengko yen ana longgare wektu , dak kirimi kabar maneh



Kagem simbah
Ing Ngayogyakarta

Nuwun kanthi serat punika ngaturi priksa, bilih kula benjing minggu badhe sowan Eyang, saperlu badhe nyuwun pangestu amargi badhe ujian. 
Kula kinten …………
Nuwun

Semarang, 24 Maret 2013
Saking keng wayah,

Dina Larasati

37. Ukara kang trep kanggu mbacutake panutupe laying yaiku ... .
A. Akhire cekap semanten riyin mbenjang malih
B. Sampun inggih Mbah. Matur nuwun
C. cukup semene dhisik ya Simbah mbejang malih
D. cekap semanten rumiyin benjang sanes wekdal dipun sambet malih.

38. 1. dirakit nganggo benang pinggire
2. kertas ditempelke pring banjur dilem
3. banjur diukur dawa lan cendhake
4. pring disisiki dadi loro
           
Ukara ing dhuwur yen ditata supaya dadi karangan sing nyritakake carane gawe layangan yaiku ... .
A. 4 - 3 - 1 - 2 
B. 3 - 2 - 4 - 1 
C. 4 - 2 - 3 - 1
D. 3 - 4 - 2 – 1

39. Gatekna !
Nalika mulih sekolah, Winda katon mbesengut. Tangane kiwa tansah nyekeli pipine sing abuh.Dhewekebola-bali sambat ngrasakake larane .... 
Ukara kang bener kanggo nerusake karangan ing dhuwur  yaiku ... .
A. Winda ora kuwat nandhang larane. Dheweke digawa menyang dhokter
B. wis telung dina iki Winda ora mlebu sekolah. Akeh kancane sing padha tilik
C. wis seminggu iki bocah kuwi nandhang lara untu. Untune krowok, larane ora jamak
D. pirang-pirang dina larane ora bisa diempet. Sangsaya suwe wetenge krasa larane

40. Ukara “ sepatune Soni anyar “ menawa ditulis nganggo aksara jawa benere... .
A. ? sptu [n[soniav/ .
B. ? septu[n[soniav/ .
C. ?peptu[n[soniav/ .
D. ? sepku[n[sniav/ .

41. Ukara “ Negaraku gemah ripah loh jinawi “ menawa ditulis nganggo aksara jawa wujude... .
A. ? negrkugemhriph[lojinwi . 
B. ?negrkugemhriph[loninw .
C. ? ngrkugemhriph[ljnwi .
D. ? negrkugemhriphlhtnwi .

42. Ukara “ pring gadhing kebak walang “ menawa ditulis nganggo aksara jawa wujude... .
A. ?pi= g di= ke bkpr=  .
B. ?pi]= gdi= kebkW l=.
C. ?pi=] gdi= kebklr=.
D. ? p]i= gdi=kebkpr=.

43. Gatekna!
Dhiyeng, kalebu petilasan tetinggalane jaman Mataran Kuna. Biyene kanggo papan muja semedi marang Dewa, mulane uga winastan Dhiyeng awit saka tembung Dhah Hyang kang ateges Papane Para Dewa. Dhiyeng uga winastan adi lan aeng. Adi tegese becik, linuwih, apik, endah, lan elok. Dene aeng-aeng tegese nganeh-nganehi.

Ringkesane  cerita ing dhuwur yaiku dhiyeng asale saka tetembungan ... .
A. dhahyang lan aeng
B. dewa lan semedi
C. dhah Hyang
D. adi lan aeng
  

44. Murid iku kudu manut marang Guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut, aja jail, aja nakal

Para frasene geguritan ing dhuwur yaiku... .
A. murid kuwi kudu duweni watak kang becik, sregep sinu uga aja drengki, srei lan nakal
B. bocah sekolah kudu manut marang sapa wae supaya dadi bocah kang pinter
C. murid kuwi kudu pinter marang wong tuwa lan sapadha-padha
D. yen dadi murit kudu sregep lan pinter marang Guru  


45.








     Ukara kang trep kanggo nyritakake gambar ing dhuwur yaiku... .
     A. Jono karo Udin rebutan mobil-mobilan
     B. Jono nangis amarga dolanane direbut  Udin
     C. Jono karo Udin sinau bebarengan
     D. Jono karo Udin padha dolanan


46. .... kabaripun lare-lare ing ngriki, Bu ? 
     A. wonten pundi
     B. kadospundi
     C. kepripun
     D. sinten

47. Ben katon resik latare saben esuk ( sapu ) Ani
Tembung ing jero kurung ukara ing dhuwur kurang trep. Sing bener yaiku ... .
     A. disaponi
     B. nyaponi
     C. saponi
     D. disapu

48. Simbah lagi wae turu.
Tembung turu ora trep, benere yaiku ….
A. tilem 
B. nilem 
C. sare 
D. nyare  


49. Eyang ngombe susu jahe
Ukara ing dhuwur kurang  trep, benere... .
A. Eyang nginum wedang jahe
     B. Eyang ngombe wedang jahe
     C. eyang ngunjuk susu jahe
     D. Eyang ngunjuk susu jahe

50. Dinten niki Pak Guru badhe teka ing omahku
Manut unggah- ungguh ukara iki ora trep, benere... .
A. dinten menika Pak Guru badhe teka ing dalem kula
B. dinten menika Pak Guru badhe rawuh ing griya kula
C. dinten menika Pak Guru arep teka ing omahku
D. dinten niki Pak Guru arep teka ing omahku           

KUNCI JAWAB

1. D
2. B
3. A
4. C
5. A
6. B
7. D
8. C
9. C
10. A
11. D
12. B
13. C
14. B
15. D
16. A
17. B
18. A
19. D
20. C
21. A
22. B
23. C
24. D
25. C
26. B
27. A
28. D
29. A
30. C
31. B
32. D
33. D
34. A
35. B
36. C
37. D
38. A
39. C
40. B
41. C
42. C
43. C
44. A
45. B
46. B
47. A
48. C
49. D
50.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment