Soal Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1

Bahasa Jawa
1. Museum Radyapustaka mapane ana ing … ( surakarta )
2. Candhi kang kawentar saidheng jagad lan manggon ana kabupaten Magelang, yaikub candhi … ( borobudur )
3. Candhi borobudur jaman biyen menangka papan para … ( biksu )
4. Pak Marto lagi njabuti winih pari, Pak Marto lagi … ( ndhaut )
5. Bu Endah pancen jembar segarane , ora nesu senajan digawe cuwa tanggane. Jembar segarane ateges … ( sugih pangapura )
6. Godhong kang bisa kanggo tambamimisen yaiku … ( suruh )
7. Pasar malem iku ramene ing wayah …. ( bengi )
8. Nalika udan deres Budi keceken ing ngisor talang, nganti lambene biru. Iku pratanda Budi wis … ( kadhemen )
9. Ing papan pegunungan iku hawane … ( adhem )
10. Budi ora nggugu nalika dikandhani Bapak. Bapak lajeng duka. Duka, ateges … ( nesu )
11. Mangsa rendheng iku tegese mangsa … ( udan )
12. Bukune ( gambar ) gunung !
Tembung gambar sing bener …. ( gambarana )
13. Piranti kanggo manen pari … ( ani-ani )
14. Piiranti kanggo ngolah sawah …. ( pacul, luku )
15. Godhong krambil arane … ( janur )
16. Godhong krambil kang wis garing arane … ( blabak )
17. Papan kanggo gladhen beksan utawa joged diarani … ( sanggar )
18. Degan krambil ijo iku kena kanggo tamba …. ( keracunan )
19. Lakune wong nandur pari iku … ( mundur )
20. Tumindak gemi lan setiti iku bisa gawe urip … ( mulya )
21. Wong kang nyelengi ing bank iku diarani … ( nasabah )
22. Pucung, megatruh lan maskumambangiku kelebu tembang …. ( macapat )
23. Yen sira grusa-grusu kabeh tumindak mesti gampang kleru. Tembung sira, pada karo … ( kowe )
24. Barang iku digawe saka kayu. Duwe sikil papat. Uga diwenehi sendhen.Barang iku kanggo lungguh. Barang iku diarani … ( kursi )
25. Bimo bungkus iku kelebu cerita … ( wayang )
26. Pandawa Lima yaiku …. ( Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula lan Sadewa )
27. Mulih sekolah Budi salin penganggo. Tembung salin padha karo … ( ganti )
28. Museum iku papan kanggo nyimpen … ( barang kuna )
29. Morosari katon sepi. Kosokbaline sepi …. ( rame )
30. Petruk, Gareng, Bagong lan Semar iku arane … ( Punakawan )
31. Kedadeyan iku wis sesasi kepungkur. Tembung kepungkur tegese … ( sing wis kelakon )
32. Becik ketitik ala … ( ketara )
33. Gatutkaca iku satriya ing … ( Pringgodani )
34. Perange Pandhawa lan Kurawa iku diarani perang …. ( Baratayuda )
35. Museum, yen diwudhal manut wandane … ( mu-se-um )
36. Awake Santi iku kuru semangka, tegese …. ( lemu banget )
37. Pitik walik saba kebon tegese …. ( nanas )
38. Kang kelebu panca usaha tani yaiku … ( ngolah lemah, milih bibit, irigasi, ngrabuk lan mbrasta ama )
39. ” Bu, aku arep lunga sekolah “
Kramakna ukara iki …. ( Bu, kula bade kesah sekolah )
40. Jenising tembang macapat … ( Pucung, Dandang gula, Kinanti, Megatruh, Maskumambang, Gambuh, Sinom, Asmarandana )
Previous
Next Post »
Thanks for your comment