Soal UTS I Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 1 TA 2014/2015

Nama  :  ………………………………….
Kelas   :  ………………………………….


PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN
UPT DINAS DIKPORA UNIT KECAMATAN PURING
    SD NEGERI …………………….
Alamat: Ds. ……………, Kec. Puring, Kab. Kebumen

Ulangan Tengah Semester (UTS)  I
Tahun Pelajaran 2014/2015

Mata Pelajaran    :  Bahasa Jawa
Kelas                  :  IV  ( Empat)
Hari/Tanggal       :  
Waktu                 :  07.30 – 08.30

PITUDHUH :
1.      Tulisen jenengmu ana ing sisih tengen dhuwur!
2.      Wacanen saben pitakon kanthi titi!
3.      Garapen luwih dhisik sing kok anggep gampang!
4.      Titinen maneh garapanmu sakdurunge kok aturake marang bapak/ibu guru!


Wacanen kanthi patitis!
Pandhawa lan Kurawa
Begawan Abiyasa kagungan putra cacahe telu yaiku Drestharastra, Pandhudewanata, lan Yoma Widura. Destharastra krama karo Dewi Gendari, kagungan putra cacahe satus kang aran Kurawa. Putra satus mau antarane, Duryadana, Dursilawati, Durmogati, Citraksa, Citraksi, lan liya-liyane. Bala Kurawa racake duwe watak ala, daksia marang sapadha-padha.
Raden Pandhudewanata krama karo Dewi Kunthilan, Dewi Madrim kagungan putra Pandhawa. Cacahe lima lanang kabeh, 1.  Puntadewa, 2. Werkudara, 3. Janaka, 4. Nakula, 5. Sadewa.
Raden Yoma Widura ora kagungan putra. Pandhawa lan Kurawa duwe guru yaiku Begawan Durna kang padhepokane ing Sokalima.
Sawise Begawan Abiyasa seda, meling marang kangmase yaiku Drestharastra supaya Ngastina besuk dipasrahke Pandhawa yen Pandhawa wis padha gedhe. Nalika Pandhudewanata meling ngono mau Pandhawa isih cilik. Nanging, Raden Drestharastra mblenjani janji. Barang Pandhudewanata seda Ngastina dipasrahke Raden Duryudana putra Destharastra sing gedhe dhewe.
Bareng Pandhawa wis dewasa banjur njaluk baline Kraton Ngastina nanging Duryudana sasedulur ora menehake. Mula banjur direbut kanthi cara perang. Perange Pandhawa karo Kurawa diarani perang Baratayudha.
Kapethik saka “Wursita Basa” kelas 4 kaca 27

I.          Wenehana  tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang dumunung ana sangarepe wangsulan kang mathuk!

1.      Pandhawa iku cacahe ana ….
a.       siji                                             c.   telu
b.      loro                                           d.   lima
2.      Duryudana, Dursilawati, Durmagati, Citraksa, lan Citraksi iku putrane ….
a.       Drestharastra                             c.   Yoma Widura
b.      Pandhudewanata                       d.   Begawan Abiyasa
3.      Pandhawa sing dedeg piyadege gedhe, dhuwur, gagah, duweni kuku pancanaka, jujur asmane yaiku ….
a.       Putadewa                                   c.   Janaka
b.      Werkudara                                d.   Nakula
4.      Wacan Pandhawa lan Kurawa ing dhuwur kapethik saka buku ….
a.       Kulina Basa                               c.   Krama Basa
b.      Remen Basa                              d.   Wursita Basa
5.      Kabeh omah saiki wis padha duweni TV tur resik banget (gambar). Tembung kang dikurung benere ….
a.       gambare                                    c.   nggambari
b.      nggambare                                 d.   nggambarake
6.      Pandhawa iku isih kadange Kurawa. Tembung kadang bisa diganti tembung ….
a.       sedulure                                    c.   sanake
b.      balane                                       d.   cacahe
7.      Ukara ing ngisor iki kang penulise paling bener yaiku ….
a.       Padha mulih nyang omahe dewe-dewe.
b.      Padha mulih nyang omahe dhewe-dhewe.
c.       Padha mulih nyang omahe dewe-dewe.
d.      Pada mulih nyang omahe dhewe-dhewe.
8.      Salang lan mbatan piranti wong tani kang digunakake kanggo ….
a.       nyunggi                                     c.   mikul
b.      manggul                                    d.   macul
9.      Sasi Oktober nganti April biasa akeh udan. Wong tani padha nandur pari. Mangsa iku diarani mangsa ….
a.       rendheng                                   c.   kapat
b.      ketiga                                        d.   kesanga

10.  Wit krambil jenenge ….
a.       damen                                       c.   pucang
b.      aren                                           d.   glugu

11.   



Tulisan jawa ing dhuwur wacane …
a.       Budhe tuku gula                        c.   Budhe tuku tempe
b.      Budhe tuku gule                        d.   tempe saka dhele
12.  Papan mandhege kapal laut ana ing pelabuhan, nanging yen sepur mandheg ana ing ….
a.       stanplat                                      c.   stasiun
b.      terminal                                     d.   bandhara
13.  Semar, Bagong, Gareng, lan Petruk ana ing pedhalangan diarani ….
a.       Punakawan                                c.   Pendheta
b.      Bendara                                     d.   Satriya
14.  Sapine pak tani akeh, nanging sing lagi dienggo mluku utawa garu ….
a.       sarimbit                                     c.   sarangki
b.      sajodho                                     d.   saklaran
15.  Apotek hidup tetuwuhan bangsane ….
a.       brambang, kencur, lombok       c.   laos, jahe, bayem
b.      jahe, kencur, kunir                    d.   kencur, terong, kunir

II.       Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
16.  Anak loro lanang kabeh diarani ….
17.  Toko kang dodolane obat-obatan jenenge ….
18.  Sedulur, sliramu dak antu-antu. Dasa namane tembung antu-antu yaiku ….
19.  Dadang kuwi cita-citane dadi dhalang, mula dheweke seneng ….
20.  Sing mblarak sempal iku ….
21.  Wilayah Kecamatan Puring sisih kidul iku nganti Samudra Indonesia.
Tembung “Samudra” padha karo ….
22.  Tembung “mepe dhele” menawa ditulis nganggo aksara jawa dadi ….
23.   



Tulisan Jawa ing nduwur diwaca ….
24.  Kosok baline tembung “sugih” yaiku ….

25.  Lare kelas sekawan sami nanem pantun. Basa ngokone pantun yaiku….
Previous
Next Post »
Thanks for your comment