Soal UAS I Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 1 TA 2014/2015

I.Wacanen pacelathon ing ngisor iki kanggo nggarap soal sangisore!

Bu Drajat         : Pak ngendikane saiki ngajak reresik omah.
Pak Drajat       : Ya ko sik ta Bu, sarapane wis mateng apa during?
Bu Drajat         : Wis Pak, ayo bareng-bareng sarapan.
Pak Drajat       :Lha Palupi ana ngendi?
Palupi              : Dalem wonten ngriki Pak, taksih nata buku.
Bu Drajat         : Wis, ndang ditinggal sarapan dhisik, mengko bareng-bareng kerja bakti ngresiki
                          omah.
Palupi              : Inggih Bu, mumpung sakpunika dinten Minggu.
Pak Drajat       : Mangan yen bareng-bareng mangkene iki rak krasa enak, najan ora nganggo
                          iwak. Iya ta?
Bu Drajat         : Bapak iki lho, yen ngendikan. Jare kudu urip sing prasaja.
Palupi              : Bapak kaliyan ibu punika menawi ngendikan kados ngendikanipun Bu Sri. Bu
                          Guru ngendikan menawi tiyang gesang punika becikipun ingkang prasaja
                          kemawon.
Pak Drajat       : Marga mangane wis mari kabeh, mula aku arep ngedhum pegawean. Palupi
                          nutukna nata buku, nata Koran, lan majalah.
Pak Drajat       : Aku dak ngresiki jedhing lan WC ne pisan.
Bu Drajat         : Inggih sampun. Mangga bareng nyambut gawe.

Isenana wangsulan ing ngisor iki manut pacelathon ing dhuwur!
1.Sing tugas ngresiki jedhing yaiku … .
2.Putrane Pak Drajat lan Bu Drajat jenenge … .
3.Irak-irahan pacelathon ing ndhuwur sing mathuk yaiku … .
4.Tugase Palupi yaiku … .
5.Pak Drajat kerja bakti ing dina … .

II.Pilihen jawaban sing mathuk!
1.Bapak lan ibu pinarak wonten teras ngajeng.
   Ukara iku jejere … .
    a.bapak           b.bapak lan ibu           c.pinarak         d.ing teras

2.Jenang gula mas, welingku aja … .
    a.guna             b.lali                            c.bali               d.neges

3.Pasangan sing manggon ing samping huruf sing mati yaiku … .
      a.ka, ta, la       b.ha, sa, pa                  c, ya, ra, ga     d.ka, sa, ya

4.Guneme mung lamis, paribasane … .
     a.sapa salah seleh                               c.bidung api rowang
     b.abang-abang lambe                         d.bondhan tanpa ratu

5.Dita ora mlebu sekolah amarga lara weteng. Ukara pitakon sing bener … .
     a.Apa Dita ora mlebu sekolah?          c.Kapan Dita ora sekolah?
     b.Pira Dita ora mlebu sekolah           d.Kenapa Dita ora mlebu sekolah?

6…. Sing dadi juara nyanyi? Tembung pitakon sing bener … .
     a.Apa               b.Sapa                         c.Kapan           d.Kepriye

7.Ukara sing ndhuweni pola J – W – K.Panggonan yaiku … .
    a.Bapak tindak Solo                            c.Ibu masak sayur ing pawon
    b.Karman tangi esuk                            d.Eyang gerah waja

8.Bapak maca Koran. Ukara iku kramane … .
    a.Bapak mundhur koran                     c.Bapak sare Koran
    b.Bapak maos koran                           d.Bapak dhahar Koran

9.Karjo iku omongane mencla-mencle. Parjo diarani … .
     a.lunyu ilate    b.udan tangis        c.gedhe endhase       d.rai gedheg

10.Bapak dhahar pelem. Ukara iku wasesane …
     a.Bapak         b.dhahar              c.pelem                    d.bapak dhahar

11.Sing kalebu ukara tanduk yaiku … .
     a.Suratmu wis dak waca                     c.PRmu wis kokgarap?
     b.Mas Tejo ngresiki kamar                 d.Kembang disiram Marni

12.Budi lara weteng, eyang … waja.
    a.lara             b.sakit             c.gerah                 d.siram

13.Aku ditimbali Pak Guru. Ditimbali ngokone … .
    a.dipanggil      b.digoleki                    c.didelok                      d.diceluk

14.Bocah kok landhep dhengkul. Tembung landhep dhengkul tegese … .
    a.pinter           b.pinter banget           c.ora pinter                 d.males

15.Bukaken lawang ngarep iku! Ukara iku kalebu … .
   a.pakon           b.pitakon                     c.andharan                  d.entar

16.Sing kalebu ukara tanggap yaiku … .
   a.Aku nyapu latar                                c.Bapak ndhadani sepeda
   b.Marni nggoreng iwak                        d.Roti iku wis dakpangan

17.Aku tuku sega goreng, ibu … wos.
   a.tumbas         b.gerah         c.tuku                d.mundhut

18.Unen-unen sing ngemu teges bedhekan diarani … .
   a.pepindan      b.paribasan                 c.parikan                     d.wangsalan

19…. kabare kanca-kanca ing Surabaya? Tembung pitakon sing mathuk yaiku … .
  a.Apa               b.Kapan                       c.Sapa                          d.Kepriye

20.Ranto pancen bocah …, bola bali njupuk barange kancane.
   a.dawa tangane          c.landhep dhengkul               c.rai gedheg               d.sabar

III.Isenana titik-titik ing ngisor iki!
1.Thingak-thinguk kaya … .
2.Kowe arep menyang ngendi? Ukara iku kramane … .
3.Jam pitu esuk aku budhal sekolah. Ukara iku kalebu ukara … .
4.Parikan iku lumrahe tinemu ing … .
5.Parikan Cak Durasim nalika jaman Jepang unine … .
6.Polahe kaya … .
7.Pasangan sing manggon ing sangisore huruf mati, sikil mburi ilang yaiku pasangan … .
8.Abang-abang, ora legi
   wani nantang, ora wani
 Parikan iku manut pedhotane wanda kagolong … .

9.Bathok bolu isi madu tegese … .
10.Klambimu wingi wis dakumbah. Ukara tanduke … .
11. Jam pitu esuk aku sarapan sega goreng. Ukara iku lesane … .
12.Aku diparingi sangu ibu Rp 5.000,00. Ukara pitakone … .
13.Ater-ater tripurusa yaiku …, …, lan … .
14.Bapak nitik motor tindak kantor, aku … menyang sekolah.
15…. carane dadi bocah pinter? Tembung pitakon sing mathuk … .
16.Ing palayatan akeh …. .
17. Alvin lan Vian iku sedulur, nanging bedane … .
18.Ngrokok cendhak, yen ngomong seneng … .
19.Kembang suruh, dadi bocah aja seneng … .
20.Wingi sore Rahman nggarap PR. Ukara iku ndhuweni pola …

IV. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1.Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
   a.sayuk rukun         b.lega lila           c.kepriye           d.tutupen

2.Bapak tuku rokok ing Toko Murah. Ukara iku kramane … .

3.Ukara-ukara iki owahana dadi ukara tanggap!
            a.Pak Guru ndhukani Arman amarga nakal.
            b.Bu Emi mucal Basa Jawa ing kelas 5.

4.Ukara-ukara iki owahana dadi ukara tanduk!
            a.PR Basa Jawa wis dakgarap.
            b.Sepedhahe adhik sing wis rusak didhandhani bapak.

5.Gawea paragraph kanthi irah-irahan”Kerja Bakti”
Previous
Next Post »
Thanks for your comment