Soal UAS I Bahasa Jawa Kelas 4 IV SD Semester 1 TA 2014/2015

Wacan

            Desa Ringinanum mujudake dhaerah pegunungan sing isih alami, lingkungane katon resik lan tumata, sesawangane endah, tur lemahe subur. Saperangan gedhe masyarakat desa Singinanum panguripane saka asile tetanen. Senajan ta ing dhaerah pegunungan nanging lemahe kalebu lemah sing loh tur tata cara pangolahe tetanen kalebu wis modern. Mulane mokal yen asile tetanen saben taun tansah ana undhak-undhakan.

            Lingkungan Ringinanum pancene lingkungan sing isih alami, alase isih lestari lan utuh. Para wargane padha nyadhari bab perlune kalestaren lingkungan. Kabeh padha sadar menawa lingkungane ora dijaga bakal nuwuhake anane bebaya utawa bencana alam ndadekake kapitunan tumrape para warga. Ya amarga masyarakat sing padha sadhar ngenani kalestarene lingkungan, mulane ing desa Ringinanum ora tahu ana bencana alam kang disebabake dening rusake lingkungan.

I.Pilihen jawaban sing bener!
 1. Masyarakat Ringinanum saperangan gedhe saka ... .
a. tani              b. dagang        c. pegawe        d. buruh

2. Asile tetanen saben taun mesthi ningkat jalaran ... .
a. oleh bantuan saka pemerintah
b. olehe rabuk nganti luwih-luwih
c. asile tetanen ora ana sing didol
d. pangolahe tetanen wis modern

3. Ing desa Ringinanum ora tau ana bencana alam jalaran ... .
a. panggonane strategis                     c. kahanane isih alami
b. masyarakate padha sadar             d. Masyarakate isih kuna

4. Kahanane desa Ringinanum ... .
a. endah lan lemahe cengkar             c. isih alami lan kuno
b. alami, resik, lan tumata                 d. sesawangane endah, lemahe gersang

5. Ibu Guru ngomong yen murid-murid kelas IV kudu sregep sinau. Tembung ngomong krama aluse ... .
a. mundhut      b. ngendika     c. kandha         d. bicara

6. Amarga isih cilik, omongane adhiku durung cetha. Tembung cetha sinonime ... .
a. krungu         b. kabar           c. jelas             d. lucu

7. Bapak tugas sinau ing luar negeri suwene sepuluh taun. Tembung taun sinonime ... .
a. warsa          b. dulur            c. sabar           d. arum

8. Sing ora kalebu ater-ater tripurusa yaiku ... .
a. ko                b. ng                c. dak               d. di

9. Ukara sing nggunakake wasesa tembung tanggap diarani ... .
a. ukara tanggap                                c. ukara tanduk          
b. tembung tanggap                           d. tembung tanduk

10. Yen wis (waca) bukune, banjur garapen! Tembung jero kurung benere ... .
a. diwaca         b. dakwaca      c. kowaca        d. wacanen

11. Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan diarani ... .
a. geguritan    b. ukara tanggap         c. paribasan    d. tembung tanggap

12. Bukuku (gawa) Umi. Tembung gawa benere ... .
a. kogawa        b. digawa        c. dakgawa      d. gawanen

13.                   Ibu
            Ibu,
            titahing Gusti kang pinasthi
            nerusake jaman kanthi tulusing ati
            nggulawentah anak kanthi premati
            pakaryan abot tan samba ting ati

Karangan ing nduwur diarani ... .
a.geguritan                 b. paribasan                c. tembung                  d. ukara

14. Melu seneng nanging ora melu ngetokake wragad, paribasane ... .
a.dahwen ati open                  c. kuncung nganti gelung
b. keplok ora tombok              d. nabok nyilit tangan

15. Kriwikan dadi grojogan tegese ... .
a.nacat sejatine duwe melik               c. nenulung nanging nyilakakake
b. wiwit bocah nganti dewasa            d. perkara cilik dadi gedhe

II.Isenana titik-titik ing ngisor iki!
 1.Pada lingsa iku gantine ... .
 2. PR-mu apa wis (garap)? Tembung garap benere ... .
 3. Latare wis (sapu) mau esuk. Tembung sapu benere ... .
 4. Bu Darsih lagi ngobrol karo Bu Nina. Tembung ngobrol krama aluse ... .
 5. Tembung kang oleh ater-ater tripurusa diarani ... .
 6. Ingkang mucal Basa Jawa jenenge Bu Ina. Tembung jenenge sinonime ... .
 7. Kembang mawar ambune wangi. Tembung wangi sinonime ... .
 8. Wis suwe ora ketemu, kepriye wartane? Tembung warta sinonime ... .
 9. Nulung menthung tegese ... .
 10. Wong sing ngendhelake kekuatane, kapinterane, lan kaluhurane paribasane ... 

III. Terusno paribasan ing ngisor iki! 
1.Anak polah ... .
2.Dahwen ati ... .
3. Undhaking pawarta ... .
4. Iwak lumebu ... .
5. Nabok nyilih ... .




KUNCI JAWABAN
                                                                   KELAS IV   
   

I.Pilihen jawaban sing bener! 
1.a          6.c          11.c
2.d          7.a          12.b
3.b          8.b          13.a
4.b          9.a          14.b
5.c          10.c        15.d
  
II.Isenana! 
1.koma                                                6.asmane
2.kogarap                                            7.arum
3.daksapu                                            8.kabare
4.ngendika                                            9.nenulung nanging nyilakakake
5.tembung kriya tanggap                      10.adigang, adigung, adiguna
  
III.Terusna! 
1.bapa kepradhah                               4.ing wuwu
2.open                                                5.tangan
3.sudaning kiriman
Previous
Next Post »
Thanks for your comment