Soal UAS 2 Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 2 TA 2014/2015 + Kunci Jawaban

Sinau

            Anane manungsa bisa pinter, nduweni ngelmu akeh, lan nduweni drajat sing luhur sranane mung sinau utawa golek ngelmu. Krana sinau manungsa bisa ngerteni samubarang sing maune durung diweruhi utawa dingerteni, bisa nindakake pakaryan sing maune durung bisa ditindakake, bisa milah-milahake samubarang sing becik lan sing ala, sarta bisa ngerteni samubarang apa wae.

            Sakabehe gegayuhan bisane kasembadan kudu disranani nganggo ngelmu. Sakabehe pakaryan supaya bisa katindakake kanthi sampurna uga kudu disranani nganggo ngelmu sing becik. Cekak aose, krana kawruh lan ngelmu manungsa bisa tumindak apa wae kanggo nggayuh apa sing dadi gegayuhane.

            Kanggone para siswa sing lungguh ing bangku sekolah, sinau mujudake kuwajiban sing kudu ditindakake saben dina. Bocah sing males anggone sinau mesthi ora bisa kasil sinaune, ora bisa paham ngelmu sing diwulangake dening guru kang njalari bijine elek terus ora bisa munggah kelas.

            Sejatine sinau iku ora ngemungake tumrap para siswa sing isih ana ing bangku sekolah wae, nanging saben manungsa nduweni kuwajiban golek ngelmu. Nggolek ngelmu diwajibake marang saben-saben manungsa wiwit lair ceprot nganti tumekane mati. Bab golek ngelmu iku papap dununge uga ora winates. Ing papan ngendi wae kudu tansah diudi. Ana unen-unen,”Golekana ngelmu senajan ta nganti Negara Cina”.

I.Pilihen salah siji jawaban sing bener!

1.Supaya manungsa bisa pinter lan nduweni ngelmu sing akeh sranane kudu … .
a.nduwe drajat sing luhur                               c.sregep nyambut gawe
b.anake wong pangkat                                    d.sregep anggone sinau

2.Wong sing sregep golek ngelmu utawa sinau wekasane … .
a.mesthi bisa dadi wong sugih                       c.kasembadan gegayuhane
b.mesthi diwedeni wong                                 d.kecukupan kebutuhane

3.Sing diwajibake golek ngelmu utawa sinau yaiku … .
a.saben manungsa                                          c.mung bocah sekolah
b.mung wong bodho                                       d.saben guru lan murid

4.Bocah sing dadi bintang kelas utawa dadi rangking siji iku lumrahe bocah … .
a.sugih dhuwit                                                 c.disenengi gurune
b.sregep sinau                                                 d.akeh kancane

5.Kuwajibane manungsa kanggo golek ngelmu yaiku … .
a.wiwit cilik nganti nyambut gawe                 c.wiwit lair nganti tumakaning mati
b.wiwit nyambut gawe nganti pension           d.wiwit mlebu sekolah nganti lulus

II.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Bu Lina priyayine alus. Ukara iku basa kramane … .

2.Buku iku sumbere ilmu. Ukara iku basa kramane … .

3.Wong desa saiki kekurangan pangan. Ukara iku basa kramane … .

4.Sing ngenalake metode lan konsep pendidikan yaiku … .

5.Tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane diarani … .

6.Sethithik, sacuwil, kathah kalebu wilangan … .

7.Bangunan jaman biyen iku kukuh … .

8.Raden Gatutkaca iku gagah … .

9.Bareng wis diobati anak-anake banjur bagas … .

10.Nol, siji, loro, telu kalebu wilangan … .

11.Gedhang … regane piro?

12.Ibu mundhut gula … kilo.

13.Krambil … kae undhuhen!

14.Sing nonton wayang jejel … .

15.Kertas … kae gawanen mrene.

16.Hamidah tuku bakso … .

17.Yen mangsak bawange … wae.

18.Raden Arjuna iku satriya kang sekti … .

19.Karo kanca kudune padha guyup … .

20.Yen dadi juara kelas atine mesthi …

III. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

1.sethithik            2.papat               3.budi pekerti            4.ajur mumur


KUNCI JAWABAN


I.Pilihan ganda
1.d       2.c       3.a       4.b       5.c

II.Isian
1.Bu Lina priyayinipun alus.
2.Buku menika sumberipun ilmu.
3.Tiyang desa sakniki kekirangan dhaharan.
4.Ki Hajar Dewantara
5.tembung saroja
6.sadhengah
7.bakuh
8.prakosa
9.waras
10.babon
11.salirang
12.setengah/seprapat
13.sajanjang
14.riyel
15.salembar
16.samangkok
17.sasiyung
18.samangkok
19.rukun
20.seneng/bungah

III.Gawe ukara
1.Yen menehi uyah sethithik wae mengko kasinen.
2.Sapine Pak Karman manak papat.
3.Dadi murid kudu nduwu budi pekerti sing apik.
4.Piringe pecah nganti ajur mumur.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment