Soal dan Kunci Jawaban UTS 2 Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 TA 2013/2014

Wacan!
RADEN JANAKA
Prabu Abiyasa ing Astina kagungan putra kakung telu. Sing pembarep jenenge dhestarata. Sing panggulu Pandhudewanat, lan sing wuragil Yama Widura. Dhestarata cacat wuta, Pandudewanata cacat tengeng, lan Yama Widura cacat gejig.
Bareng Prabu Abiyasa wis sepuh, keprabon astina dipasrahake marang putrane Pandhudewanata. Prabu Abiyasa banjur ambegawan ing wukir Retawu. Misuwure ing Sapta Arga Wukir Retawu, kasebut Begawan Abiyasa. Prabu Pandhudewanata dhaup karo Dewi Kunthi, kagungan putra kakung telu, yaiku Yudhistira, Werkudara lan Janaka. Karo garwa Dewi Madrim, Prabu Pandhudewanata kagungan putra kakung kembar yaiku Nakula lan Sadewa.
Pandhudewanata jumeneng nata ing Negara cilik – cilik. Dewi Kunthi ora melu seda obong, amarga perlu nggula wenthah putrane sing cacahe lima tur isih cilik – cilik. Dewi Kunthi iku ibu sing becik. Ora bedhak – bedhakake panggula wenthahe marang putrane dhewe lan putra kuwalon. Bocah lima digulawentah kanthi becik. Putra kang cacahe lima lan kakung kabeh mau kasebut Pandhawa. Panengahe Pandhawa iku Raden Janaka, satriya kang pinunjul, sekti mandraguna.
Kapethik saka buku Ngleluri Basa Jawa kelas 6
I. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki !

1. Ing ngendi negarane Prabu Abiyasa?
...........................................................................................................................................
2. Sapa sing dipasrahi keprabon Astina deneng Prabu Abiyasa?
...........................................................................................................................................
3. Kepriye Raden Janaka iku?
...........................................................................................................................................
4. Prabu Dhestarata nduweni cacat apa?
...........................................................................................................................................
5. Geneya Dewi Kunthi ora melu seda obong?
...........................................................................................................................................

II. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d minangka wangsulan sing paling bener !

6. Pak Slamet lagi ndhangir tanduran ing tegal.
Jejere ukara yaiku . . .
a. Pak Slamet
b. Ndhangir
c. Tanduran
d. Ing tegal

7. Potlot ing laci wis dak jupuk.
Ukara mau yen didadekake ukara tanduk sing bener . . .
a. Potlot ing laci dijupuk
b. Wis dijupuk potlot ing laci
c. Aku wis njupuk potlot ing laci
d. Aku wis dak jupuk potlot ing laci

8. Kowe saiki wis kelas enem . . . tanduke kudu bisa dadi conto.
a. Laku
b. Tandang
c. Cara
d. Duga

9. Wasana cekap semanten anggen kula matur, sanes wekdal kita lajengaken malih. Perangan layang mau diarani . . .
a. Adawiyah
b. Bebuka
c. Isi
d. Panutup

10. Ing perangan layang bebuka uga diarani . . .
a. Adawiyah
b. Satata basa
c. Surasa basa
d. Wasana basa

11. Pancasona iku aji – ajine . . .
a. Raden Subali
b. Raden Werkudara
c. Prabu Kresna
d. Prabu Baladewa

12. Ibune Nakula lan Sadewa yaiku . . .
a. Dewi Khunti
b. Dewi Arimbi
c. Dewi Sinta
d. Dewi Madrim

13. Cacahing gatra ing saben sapada diarani . . .
a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Guru wilangan
d. Guru sastra

14. Sing kalebu tembang macapat yaiku . . .
a. Blitar
b. Kinanthi
c. Swara Suling
d. Prau Layar

15. Eyang kakung dikongkon dhahar.
Tembung dikongkon benere . . .
a. Dikengken
b. Dipun kengken
c. Diaturi
d. Dipun aturi

16. Ukara iki sing nggunakake basa ngoko alus sing bener yaiku . . .
a. Bapak dhahar soto, aku mangan bakso
b. Bapak dhahar soto, aku dhahar bakso
c. Bapak mangan soto, aku mangan bakso
d. Bapak mangan soto, aku dhahar bakso

17. Ukara iki sing nggunakake basa krama alus sing bener yaiku . . .
a. Budhe lunga peken tumbas beras ketan
b. Budhe tindak pasar tumas beras ketan
c. Budhe tindak peken mundhut beras ketan
d. Budhe tindak pasar mundhut beras ketan

18. Sing kalebu perangane karangan yaiku . . .
a. Irah-irahan, adawiyah, isi, penutup
b. Adawiyah, peprenah, bebuka, isi
c. Irah-irahan, bebuka, isi, penutup
d. Peprenah, bebuka, isi, penutup

19. Panulise irah – irahan utawa jidhul karangan sing bener . . .
a. Ing tengah – tengah
b. Ing dhuwur bagian tengah
c. Ing dhuwur sisih kiwa
d. Ing dhuwur sisih tengen

20. Ukara ngisor iki sing migunakake tembung rangkep dwipurwa yaiku . . .
a. Bocah-bocah padha playon ing latar
b. Yen tetuku apa wae sing teliti
c. Adhik nyuwun jajan ondhe-ondhe
d. Aja bengak – bengok adhik lagi bubuk

21. Sing kalebu tembung dwilingga salin swara yaiku . . .
a. Alun-alun
b. Bola-bali
c. Mlaku-mlaku
d. Cumi-cumi

22. Bocah dikandhani kok [cengis] wae.
Tembung ing njero kurung yen didadekake dwiwasana sing bener . . .
a. Cengingisan
b. Cengas-cengis
c. Nyengingis
d. Cengangas-cengingis

23. Pak Sastra: “Mas Roni, slirahe saka ngendi kok ana kene?”
Roni : “ Punika lho Pak, sambang tanggi kula, . . .opname wonten griya sakit?”
Pecelathon kasebut supaya bener diisi nganggo tembung . . .
a. Nembe tindak
b. Nembe saras
c. Nembe sare
d. Nembe gerah

24. Tuku kased menyang toko.
Bocah kesed . . .
a. Dadi loro
b. Dadi nglokro
c. Dadi bodho
d. Dadi loyo

25. Paribasane wong tuwa njaluk wuruk marang anak yaiku . . .
a. Nabok nyilih tangan
b. Kebo nusu gudhel
c. Jalukan ora wewehan
d. Kriwikan dadi grojogan

26. Kakehan omong ora ana nyatane diparibasakake kakehan gludhug kurang . . .
a. Banyu
b. Angin
c. Udan
d. Swara

27. Prabu Abiyasa kagungan putra telu, sing pembarep arane . . .
a. Rama Wijaya
b. Pandhudewanata
c. Prabu Salya
d. Prabu Dhestarata

28. Ing crita Bawang Merah lan Bawang Putih, sing nduweni watak sabar lan nrima yaiku . . .
a. Bawang putih
b. Bawang merah
c. Bawang bombay
d. Ibune bawang merah

29. Pitik walik saba kebon. Batangane cangkriman yaiku . . .
a. Nanas
b. Salak
c. Jambu
d. Bung

30. Tulisan Jawa iku unine . . .
a. Sambung tali
b. Sombong ati
c. Sambat lara
d. Sambang tanggi

31. Tanggal 25 yen ditulis aksara Jawa sing bener . . .
32. Bareng Prabu Abiyasa wis sepuh, keprabon Astina dipasrahake marang Pandhudewanata.
Tembung sepuh tegese . . .
a. Pikun
b. Seda
c. Enom
d. Tuwa

33. Iki gambar sapi . . . kebo?
a. Sapa
b. Apa
c. Kapan
d. Pira

34. Siti ngumbah klambi nganti resik.
Tembung resik kosok baline . . .
a. Anyar
b. Putih
c. Reget
d. Wangi

35. Ngasah arit nganti landhep.
Dadi murid kudusregep.
Unen-unen ing dhuwur mau kalebu . . .
a. Paribasan
b. Bebasan
c. Parikan
d. Cangkriman

III. Titik – titik ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing bener !

36. Tembang macapat sing awujud cangkriman yaiku tembang . . . .
37. Andri ngguya-ngguyu amarga seneng atine. Ngguya-ngguyu kalebu tembung . . . .
38. Siti mbalang pelem ing ngarep omah. Lesane ukara mau yaiku . . . .
39. Wedang bubuk gula tebu. Mata ngantuk . . . .
40. Rukun agawe santosa crah agawe . . . .
41. Raden Gathutkaca satriya ing . . . .
42. Adhik diparingi arta bulik. Diparingi basa ngokone . . . .
43. Sing paling gampang iku nyritakake pengalamane . . . .
44. Irah-irahan karangan uga diarani . . . .
45. Kucing nguber tikus. Ukara mau yen didadekake ukara tanggap dadi . . . .

IV. Garapen manut prentahe !

46. Aranana telu wae sing kalebu tembung dwilingga salin swara!
..................................................................................................
47. Ukara ing ngisor iki udalen kanthi pola jejer – wasesa – lesan – katrangan.
Rina nandur kembang ing taman.
..................................................................................................
48. Perangane layang pribadi sing ganep ana pitu, coba aranana telu wae!
..................................................................................................
49. Gawea parikan sing trep nganggo ukara iki!
Wajik klethik gula jawa
...................................................................................................
50. Tulisen nganggo aksara jawa!
Wedang bubuk gula tebu
...................................................................................................

KUNCI JAWABAN

I.
1. Ing astina
2. Marang putrane Pandhudewanata
3. Satriya kang pinunjul, sekti mandraguna
4. Cacat wuta
5. Amarga perlu nggula wenthah putrane sing cacahe lima atur isih cilik-cilik

II.
6. A
7. C
8. B
9. D
10. B
11. A
12. D
13. A
14. B
15. D
16. A
17. C
18. C
19. B
20. B
21. B
22. A
23. D
24. C
25. B
26. C
27. D
28. A
29. A
30. D
31.
32. D
33. B
34. C
35. C

III.
36. Pucung
37. Dwilingga salin swara
38. Pelem
39. Njaluk turu
40. Bubrah
41. Pringgandani
42. Diwenehi, dike’i
43. Dewe
44. Judul
45. Tikus diuber kucing

IV.
46. a. Mloka-mlaku
b. wira-wiri
c. bola-bali
47. Rina : jejer
Nandur : wasesa
Kembang : lesan
Ing taman : katrangan
48. adangiyah, pambuka, surasa basa, wasana basa
49. Luwih becik sing prasaja
50.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment