Soal Bahasa Jawa UTS II Kelas 5 SD Semester 2 TA 2013/2014

Wacanen nganti titi crita wayang iki !
SUMATRI NGENGER
Resi Suwandagni ing partapan Jatisrana kagungan putra uger-uger lawang, tegese putra loro lanang kabeh, yaiku Sumantri lan Sukosrono. Sumantri bagus rupane, lencir kuning dedeg-piadege beda banget karo adhine.
Sukosrono mripate mendolo, irunge pesek, bathuke nonong, untune mrongos, wetwnge mlendhing, wah pokoke ala banget nanging duweni kasekten sing ngluwihi kangmase.
Cekak ing carita Sumantri ngenger menyang ing Maespati, ananging andhine iyo kepingin melu kangmase.
Sumantri kuatir konangan lan isin yen satemene sing anak taman iku adhine. Mula Sumantri menthang langkap lan meden-medeni adhine nganggo panah. Adhine ora wedi malah saya nyedhak. Ora kroso jebul panah mau ucul saka khandhenge lan tumenep ing dhadhane Sukrosono. Sumantri kaged lan mlayu arep ngrangkul adhine. Ana kaelokan lelakon badan wadhage Sukrosono ilang la nana swara gumleger ing angkasa. “Kakang Sumantri, aku ora duwe luput marang kowe, kena apa kowe mentolo mateni aku? Elingo kakang, aku ora bakal menyang suwargo yen ora bebarengan karo kakang. Suk yen ana perang gedhe mungsuhmu raseksa sing duweni sirah sepuluh yang ing wektu iku aku nagih janji, kowe kudu bareng karo aku”.
Sumantri mung nggetuni tumindak daksiyo marang adhine dewe, nanging kabeh mau dadi wewadi tumrape Sumantri, ora diweruhi dening wong liyo. Kocapo Sumantri dadi Patih ing Maespati kang arane Patih Suwanda.
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1. Apa sing diarani sedulur uger-uger lawang?
2. Sumantri iku putrane sapa?
3. Sing rupane ala iku mau sapa?
4. Sukrosono mati amargo apa?
5. Sumantri dadi patih ana ngendi?

I. Wanehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c utawa d minangka wangsulan sing paling bener !

6. Sing nonong iku apane?
a. bathuke b. bangkekane c. irunge d. sikile

7. Apa tegese badhan wadhag iku?
a. jiwa b. raga c. bathin d. wujud

8. Bayu nyambangi Sholeh sing lara ing rumah sakit.
Ukara iku kalebu ukara apa?
a. aktif b. pasif c. tanduk d. tanggep

9. Ban sepedhaku sing bocor ditambal Pak Sukran.
Ukara iki ugo ukara apa?
a. aktif b. pasif c. tandhuk d. tanggap

10. Aja seneng tukar padu mundhak ora duwe kanca.
Tukar padu kalebu tembung ….
a. entar b. balen c. saraja d. pepindan

11. Ukara ngisor iki sing ana tembung sarojane yoiku ….
a. Bu Darni mundhut bebek lima   c. Eyang gerah sampun kaleh dinten
b. Yen kondho becike blaka suta d. Sampeyan kesah kaleh dinten

12. Pak Didik mulang matematika kelas lima.
Endi sing diarani wasesa?
a. Pak Didik b. mulang c. matematika d. kelas lima

13. Sesawangan ing pucuking gunging katon endah. Sing kalebu tembung keterangan, sing endi?
a. sesawangan b. pucuk c. gunung d. endah

14. Sapa sing tumindhak salah bakal konangan, paribasane ….
a. Sapa salah kabeh         c. Becik ketitik, ala konangan
b. Sapa bakal konangan  d. Nyangoni kere minggat

15. Gawe nesune wong liya, paribasane ….
a. Kebo bule mati setra                      c. Nguthik-uthik macan dhedhe
b. Gawe luwangan, ngrugi luwangan  d. Cincing-cincing meksa klebus

16. Wong enom marang wong sing luwih tuwo, omonge kudu basa ….
a. ngoko lugu b. ngoko alus c. karma lugu d. karma alus

17. Ing ngisor iki sing kalebu ukara nganggo basa ngoko yoiku ….
a. Mas Hamid tuku pancing     c. Pak Yono nitih becak
b. Bu Fatmi mendhut gendhis  d. Bu Idris kesah peken wage

18. Yen ditulis latin ….
a. Perang kemerdekaan   c. Perang kegigihan
b. Perang penjajahan      d. Perang Batarayuda

19. Pengetan dino lahir, yen ditulis jawa yaiku ….
a. c.
b. d.

20. Apa tegese ukara “tumancep” ing wacan mau?
a. ambles b. mancep c. mlebu d. tembus

21. Apa tegese “kaelokan lelakon” iku?
a. keajaiban b. keendahan c. keanehan d. kebersamaan

22. Sukrosono iku rupane ala, nanging Sumantri ….
a. apik b. bagus c. gantheng d. endah

23. Bu Susanti rawuh ngastha tas cemeng, yen ngoko …..
a. Bu Susanti teka oleh tas abang      c. Bu Susati lungo nggawa tas abang
b. Bu Susanti teka nggawa tas ireng  d. Bu Susanti lunga nggawa tas ireng

24. Eyang ngombe obat amarga lara untu, kramane ….
a. Eyang ngunjuk obat amarga gerah wojo
b. Eyang nginum obat amargi sakit waja
c. Eyang ngunjuk obat amargi gerah waja
d. Eyang ngunjuk obat amargi sakit waja

25. Keprye watake Sumantri ing crita ndhuwur?
a. apik b. bagus c. kasar d. seneng tulung

26. Kepriye watake Sukrosono lan pinter apa?
a. Alus b. aleman c. ora tegoan d. lemah lembut

27. Pemuda iku aja duwe watak adigang ….
a. adigung, adiguna   c. adiguna
b. adigung               d. adi luhung

28. Yen dadi manungso iku kudu tansah aweh ….
a. pitulung b. pitakon c. tinulung d. pitulungan

29. Raden Harjuna satriyo ing ….
a. Astina b. Jodhipati c. Maespati d. Pringgodani

30. Dasamuka iku ratu ing ….
a. Baladewa b. Alengka c. Ngamarta d. Wirata

31. Irunge mas Yudha ….
a. bangir                   c. ngundhup turi
b. ngundhup mlati    d. ngundhup kembang

32. Athi-athine mas Dheni ….
a. brewok b. mbranang c. ngundhup turi d. ngundhup mlati

33. Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara andharan yaiku ….
a. Wedhuse wis dibeleh kabeh   c. Wedhus iku cekel lan belehen!
b. Sapa sing beleh wedhus?      d. Aja dibeleh wedhuse, ya!

34. Sumantri duwe adhi rupane elek nanging sekti …..
a. Senjata b. limuih c. mandraguna d. rakayu

35. Adhine Sumantri sing elek jenenge ….
a. Brontoseno b. Dasamuka c. Duryudono d. Sukrosono

II. Titik-titik ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing bener !

36. Taman sari iku panggonane para …………………………………………………………..
37. Kurawa iku sing duwe sedulur akehe ……………………………………………………...
38. Kaline banjir, banyune buthek, buthek kosok baline ………………………………………
39. Lenga regane larang, yen ditulis aksara jawa ……………………………………………...
40. Yen ditulis latin …………………………………………………….
41. Sing disebut Patih Suwanda yaiku …………………………………………………………
42. Sedulure Pandawa sing nomer papat antane………………………………………………..
43. Bu Arini maringi PR basa jawa, iki ukara …………………………………………………
44. Gawea ukara nganggo tembung saroja “Budi Pekerti” …………………………………….
45. Paklik nyancang sapi ing kandang, wasesane ……………………………………………...

III. Garapen manut parentahe !

46. Ukara ngisor iki kramakno sing bener!
Aku ora sida melu lungo Semarang
………………………………………………………………………………………………………….
47. Tulisen ngnggo aksara jawa!
Dewi nawang sih
………………………………………………………………………………………………………….
48. Sebutno panyandrane awak!
Untune = …………………………………………………………………………………
Tangane = …………………………………………………………………………………
49. Tulisen aksara latin!
………………………………………………………………………………………………………….
50. Ukara ngisor iki ngokono!
Sak sampunipun ngrencangi ibi, kulo sinau
………………………………………………………………………………………………………….
Previous
Next Post »
Thanks for your comment