Prediksi Soal dan Kunci Bahasa Jawa Kelas 3 4 5 6 Semester 1 TA 2013/2014

Kelas : III
 I.            Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, utawa c ing sangarepane wangsulan kang bener!.
Wacanen kanthi premati!

Raden Werkudara
Raden Werkudara iku salah sijine satriya Pandawa. Dedege  gagah gedhe dhuwur. Yen nyuwara banter, nanging ora kakehan padon. Disenengi dening wong akeh jalaran Werkudara kuwi jujur lan demen tetulung. Marang sadulure setya banget lan rukun. Mangkono ugo marang wong tuwa lan gurune.
1.      Irah-irahane wacan ing nduwur yaiku…
A.    Raden Werkudara
B.     Raden Harjuna
C.     Raden Yudistira
2.      Dedege Werkudara yaiku…
A.    Gagah gedhe dhuwur
B.     Gagah cilik dhuwur
C.     Gagah cilik endhep
3.      Watake Werkudara yaiku…
A.    Jujur lan ora dhemen tetulung
B.     Ora jujur lan ora dhemen tetulung
C.     Jujur lan dhemen tetulung
4.      Pandhawa kuwi duwe watak…
A.    Dewa
B.     Satriya
C.     Ratu
5.      Watak satriya iku tansah tumindak…
A.    Ala
B.     Jail
C.     Becik


6.      Anggone nonton wayang ngebyar nganti…
A.    Sedina
B.     Seminggu
C.     Sewengi
7.      Ing ngisor iki kang ora mlebu papan umum, yaiku,,,
A.    Terminal
B.     Omah
C.     Pasar
8.                                                  Wong kang nglakokake dokar arane…
A.    Masinis
B.     Kusir
C.     Pilot
                   
9.      Budi arep numpak sepur mula banjur menyang…
A.    Stasiun
B.     Terminal
C.     Bandara
10.  Bapak ngagem caping ing…
A.    Paningal
B.     Asta
C.     Mustaka

II.            Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang trep!
1.      Werkudara iku satriya ……
2.      Dedege Werkudara iku gedhe lan……
3.      Anggone lunga……bis
4.      Ora tau ngapusi jenenge wong sing……
5.      Papan kanggo mandhege bis arane……
6.      Masku  numpak sepur ana ing……
7.      Sakdurunge numpak sepur tuku karcis ana ing……
8.      Tukang nglakokake dhokar arane……
9.                                      Yen ditulis nganggo aksara latin dadi……
10.                                  Yen ditulis nganggo aksara latin dadi……

III.            Wangsulana pitakon-pithakon ing ngisor iki kanthi bener !
1.      Kepriye watake Raden Werkudara?
Wangsulan :………………………………………………
2.      Sebutna telu bae kang minangka papan umum!
Wangsulan :………………………………………………
3.      Menyang ngendi menawa awake dewe arep numpak sepur?
Wangsulan :………………………………………………
4.      Simbah mangan wajik
Ukara ing duwur dadekna bahasa krama!
Wangsulan :………………………………………………
5.      Tulisen tembung ing ngisor iki nganggo aksara jawa
a.       Rana
b.      Lawa
c.       Nala



KUNCI JAWABAN
BAHASA JAWA
KELAS III

I.                   Pilihan ganda
1.      A
2.      A
3.      C
4.      B
5.      C
6.      C
7.      B
8.      B
9.      A
10.  C

II.                Essay
1.      Pandhawa
2.      Dhuwur
3.      Numpak/nunggang
4.      Jujur
5.      Terminal
6.      Stasiun
7.      Loket
8.      Kusir
9.      Kaca
10.  Sada


III.             Jawab singkat
1.      Jujur lan dhemen tetulung
2.      Kebijaksanaan guru
3.      Stasiun
4.      Simbah dhahar  wajik
5.       


IV.              Pedoman Penilaian
I.       BX1    =  10
II.    BX2    =  20
III. BX3    =  15 
    45

NA  =  I+II+III  x 100
                45

Kelas : V
I.          Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c utawa d tumrap wangsulan kang koanggep paling bener!
Wacanen kanthi premati!

Dadakane Perang Baratayuda
Dadakane Perang Baratayuda mono wis diwiwiti nalika Para Pandhawa isih cilik. Rasa gethinge Kurawa marang Pandhawa jalaran Pandhawa dianggep kelilip sing arep ngrebut nguwasani kraton. Mulo para Pandhawa banjur mbudi daya kepiye sirnane para Pandhawa. Sing dadi provokatore ya Patih Sengkuni.
Ing lakon Pandhawa Dhadu, Dewi Drupadi nibakake sepata ora arep gelungan menawa durung kramas getihe Dursasana. Dheweke sepata kaya mangkono jalaran dilarak-larak lan diwirang-wirangake Dursasana ing paseban agung Negara Ngastina. Wektu kuwi Dewi Drupadi dingo totohan Prabu Puntadewa lan kalah. Dadi Dewi Drupadi dianggep dadi duweke wong ngastina. Ing lakon Pandhawa Dhadu iki para Pandhawa kelangan negara Ngamartadisebratake suwene 13 tahun.
Rumangsa ora duwe apa-apa, para Pandhawa banjur ngayom marang negara Wiratha. Prabu Matswapati ratu Wiratha kuwi isih kaprenah uwa buyute Pandhawa lan Kurawa. Jalaran Prabu Matswapati kuwi kakange Dewi Durandini, mbah buyute para Pandhawa lan Kurawa. Saka Wiratha para Pandhawa njaluk baline negara Ngamartha lan separo negara Ngastina. Ewasemono ora diulungake dening para Kurawa. Pungkasane kedadeyan Perang gedhe Perang Baratayuda.

1.      Irah-irahane wacan ing nduwur yaiku….
A.    Dadakane Perang Baratayuda
B.     Dadakane Perang Tanding
C.     Dadakane Perang Kurawa
D.    Dadakane Perang Pandhawa

2.      Sing dadi provokatore para Kurawa yaiku…
A.    Patih Sengkuni
B.     Dewi Drupadi
C.     Prabu Puntadewa
D.    Prabu Matswapati
3.      Sing diwirang-wirangake Dursasana ing paseban negara Ngastina yaiku…
A.    Dewi Durgandini
B.     Dewi Drupadi
C.     Prabu Matswapati
D.    Patih Sengkuni
4.      Sarana komunikasi karo wong sing adoh papane kanthi cara omong-omongan langsung lumrahe nganggo…
A.    Layang
B.     Kenthongan
C.     Telpon
D.    Telegram
5.      Omongan ing telepon kang becik yaiku…
A.    Sakrampunge ora ngerti wektu
B.     Sakpenake, omongane banter banget
C.     Sakatoge, ora usah pakewuh
D.    Sacukupe, saprelune wae
6.      Nalika arep tilpun, pisanan becike kudu…
A.    Ngucapake matur nuwun
B.     Menehi salam
C.     Langsung ngomong wigatine telpun
D.    Ngaturake pangapura yen ana salah
7.      Menehi salam rikala telpon kang becik kaya ing ngisor iki yaiku…
A.    Iki sapa ya?
B.     Hallo piye kabare?
C.     Hallo wilujeng sonten?
D.    Bisa ngomong karo Resti?
8.      Matur karo wong tuwa ing telepon becike…
A.    Seru, amarga yen wis tuwa mesthi suda rungu
B.     Tetep matur kanthi sopan lan nggunakake unggah-ungguh sing trep
C.     Bengok-bengok
D.    Lirih amarga wedi
9.      Karo wong tuwa iku wajibe…
A.    Ngajeni
B.     Ngguroni
C.     Maneni
D.    Mungsuhi
10.  Dhik Teti, mengko jam 16.00, ibumu kadhawuhan dening ibu Sulastri supaya rawuh ana ing daleme.
Miturut pesene iku, ibune dhik Teti, didhawuhi rawuh wayah…
A.    Sore
B.     Bengi
C.     Esuk
D.    Awan
11.  Komunikasi iku bisa kanthi lisan lan uga kanthi tulisan. Ing ngisor iki komunikasi kanthi tulisan yaiku…
A.    Nelpon
B.     Dhialog
C.     Rapat
D.    Layang
Joko, iki Pak Suradi oleh ulem saka nggone Pak Darojat. Intine Pak Suradi mengko kadhawuhan rawuh ing daleme, saprelune rapat pengurus lomba macapat antar RT. Aja lsli lho diaturake marang bapakmu. Yen bapkmu nyuwun pirsa sing ngeterake ulem, omongan sing ngeterake Pak Suwarno
 
Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 12 nganti 15





12.  Pak Suradi kadhawuhan supaya rawuh ing dalem Pak Darojat saperlune…
A.    Ronda
B.     Arisan
C.     Pengajian
D.    Rapat
13.  Dene sing rawuh ana ing daleme Pak Suradi yaiku…
A.    Pak Suradi
B.     Pak Suwarno
C.     Joko
D.    Pak Darojat
14.  Sing diwelingi pesen ing wacan kasebut yaiku….
A.    Pak Suradi
B.     Pak Suwarno
C.     Joko
D.    Pak Darojat
15.  Piwelinge Pak Suwarno yaiku….
A.    Aja lali Joko supaya teka rapat lomba macapat antar RT
B.     Aja lali uleme pak Suradi supaya rawuh rapat lomba macapat antar RT
C.     Pak Darojat ngulemi pak Suradi
D.    Joko menehake ulem marang bapake

II.       Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanggo tembung kang mathuk!
1.      Sepatane Dewi Drupadi marang Dursasana yaiku……
2.      Ing lakon Pandhawa Dhadu para Pandhawa kelangan negara Ngamarta disebratake suwene......tahun
3.      Sing mrovokatori para Pandhawa yaiku……
4.      Dewi Drupadi diwirang-wirangake Dursasana ing paseban agung negara……
5.      Telpun minangka sarana kanggo……
6.      Manawa omong ing telpon prayogane……
7.      Yen wis rampung prelune nelpon, katutup kanthi……
8.      Manawa arep guneman karo wong tuwa becike……
9.       Manawa karo wong tuwa wajibe……
10.  Manawa matur karo wong tuwa ing telpon becike……
11.  Yen arep komunikasi karo wong adoh papane kanthi cara omong-omongan langsung lumrahe nganggo……
12.  Yen arep telpon pisanan becike……
13.  Ibu mangan sega goreng
Basa krama  yaiku……
14.  Bapak lagi turu
Basa krama yaiku……
15.  Eyang lagi maca Koran
Basa krama yaiku……

III.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.      Sebutna tata carane nelpon kang bener!
Wangsulan :………………………………………………...
2.      Kepriye tumindakmu manawa kowe salah marang kancamu?
Wangsulan :…………………………………………………
3.      Apa dadakane perang Baratayuda?
Wangsulan :…………………………………………………
4.      Apa piranti kanggo komunikasi karo wong adoh papane?
Wangsulan :…………………………………………………
5.      Apa basa kramane :
a.       Bapak lagi nang sawah
b.      Eyang lagi lara mripat
c.       Ibu lagi turu
Wangsulan : a. ……………………………………………....
                      b………………………………………………..
                      c………………………………………………..


KUNCI JAWABAN
BAHASA JAWA
KELAS V

I.                   Pilihan ganda
1.      A
2.      A
3.      B
4.      C
5.      D
6.      B
7.      C
8.      B
9.      A
10.  A
11.  D
12.  D
13.  C
14.  C
15.  B

II.                Essay
1.      Ora arep gelungan Manawa durung kramas getihe Dursasana
2.      13 tahun
3.      Patih Sengkuni
4.      Ngastina
5.      Komunikasi
6.      Sacukupe, saprelune
7.      Omongan sing sopan lan aweh salam
8.      Nggunakake unggah-ungguh basa sing trep
9.      Ngajeni
10.  Matur sing sopan lan nggunakake unggah-ungguh basa sing trep
11.  Telpon
12.  Menehi salam
13.  Ibu dhahar sekul goreng
14.  Bapak saweg sare
15.  Eyang saweg maos Koran

III.             Jawab singkat
1.      Kebijaksanaan guru
2.      Njaluk ngapura
3.      Rasa gethinge Kurawa marang Pandhawa
4.      Telpon
5.      a. Bapak saweg wonten sabin
b. Eyang saweg gerah paningal
c. Ibu saweg sare
IV.             Pedoman Penilaian
I.                   Bx1           = 15
II.                Bx2           = 30
III.             Bx3           = 15
                           50
                       
                        NA = I+II+III  x 100
                                      60



Kelas VI
I.             Wenehana tanda ping (x) aksara a, b, c utawa d sangarepe wangsulan kang bener!
Wacanen kang premati
Ngingu Jangkrik kudu gawe kandhange dhisik
Ana maneka kewan kang asring diingu dening bocah. Kewan jinis manuk kang bisa ngoceh apik lan swarane merdu kaya tilang, penthet utawa prenjak. Uga ora sethitik kan seneng ngingu jangkrik. Unine jangkrik krik-krik pancen disenengi bocah. Unine kuwi uga diwedeni tikus, mula nalika ana jangkrik ing omah, bisa ngedohne ama tikus.
Ngungi jangkrik ora angel lan luwih murah tinimbang manuk. Open-opene tur gampang, mangane gur suket jinis krokot lan geplak. Para bocah seneng golek jangkrik sawah nalika mangsa ketiga. Kandhang jangkrik uga bisa digawe dhewe. Carane gawe kandhang jangkrik yakuwi among kanthi nyepake ubarampene kang arupa pring lan lem kayu. Carane, pring kang wus ditugel dawane kurang luwih 20 cm, kandhele pring yaiku 0,5 cm. Wujude kaya gagang es krim, tipis, alus, lan wengkuh. Cacahe pring sing kaya gagang es krim kuwi kudu genep.
Kajaba kuwi jangkrik, kandhange jangkrik uga butuh triplek persegi kang ukurane pada karo dawane pring kasebut. Triplek iku kanggo dhasaran kandhang. Carane yaiku triplek dipapanake ing dhasaran banjur diwenehi lem ing pojok kanggo ngelem pring.
Kayu sing wus dibentuk kaya gagang es krim ditata urut kiwa lan tengene, banjur ditumpuk saengga kandhang dadi dhuwur la nana bolongan ing saselane kandhang. Tutup kandhang bisa diwenehi triplek kang ukurane pada karo dhasarane, nanging disigar dadi telu supaya bisa menehi pakan lang jangkrik ora mlumpat metu kandhang.
                                    Kapethik saka : Solopos 28 Juni 2012

1.      Irah-irahane wacan ing nduwur yaiku….
a.       Ngingu pitik kudu gawe kandhange dhisik
b.      Ngingu Jangkrik kudu gawe kandhange dhisik
c.       Ngingu sapi kudu gawe kandhange dhisik
d.      Ngingu wedhus kudu gawe kandhange dhisik


2.      Mumpangate ngingu jangkrik yaiku…
a.       Ngedohne ama walang sangit
b.      Ngedohne ama tikus
c.       Ngedohne ama keong
d.      Ngedohne ama uler
3.      Crita bocah iku tegese crita kang trep Manawa diwaca dening…
a.       Bapak
b.      Ibu
c.       Bocah
d.      Simbah
4.      Dongeng sing paragane kewan-kewan diarani…
a.       Legenda
b.      Fabel
c.       Mite
d.      Sage
5.      Miturut panemumu, dongeng “manuk Bethet lan Manuk Emprit” kuwi kalebu dongeng sing diarani…
a.       Legenda
b.      Sage
c.       Mite
d.      Fabel
6.      Manawa karo wong sing luwih tuwa kudu nganggo basa…
a.       Ngoko
b.      Krama
c.       Campuran
d.      Ngoko alus
7.      Manawa lagi diterangake bu guru, awake dewe kudu…
a.       Turu
b.      Jajan
c.       Rame
d.      Anteng
8.      Basa sing digunakake antarane siswa marang guru yaiku basa…
a.       Ngoko
b.      Campuran
c.       Krama
d.      Bagongan
9.      Bapak lagi (makan) pitik ana ing kebon. Tembung ing njero kurung kudune…
a.       Makani
b.      Dipakan
c.       Makani
d.      Makanana
10.  Bab-bab ing ngisor iki kang ora digatekake nalika aweh pelapuran saka panaliten yaiku…
a.       Papan kang diteliti
b.      Buku sumber
c.       Babagan kang diteliti
d.      Asil saka panaliten kasebut
11.  Astanipun pak lurah ora bisa diobahake. Tegese tembung astanipun yaiku,,,
a.       Tangan
b.      Sikil
c.       Mripat
d.      Driji
12.  Kewan kang asring diingu dening bocah yaiku…
a.       Jangkrik
b.      Macan
c.       Semut
d.      Sapi
13.  Kewan ing ngisor iki kang panganane daging yaiku…
a.       Macan
b.      Jerapah
c.       Sapi
d.      Pitik

14.  Pakdhe lungguh ing teras karo…pisang
a.       Mundhut
b.      Ngombe
c.       Ngunjuk
d.      Dhahar
15.  Duwea rasa welas …marang sak padha-padha
a.       Tenan
b.      Teman
c.       Banget
d.      Asih

II.          Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang mathuk!
1.      Crita kancil nyolong timun kalebu jinising dongeng……
2.      Dongeng kang isine nyritakake panguripane kewan-kewan yaiku……
3.      Yen ngomong karo wong luwih tuwa kudu nganggo basa……
4.      Basa kang digunakake antarane siswa marang siswa yaiku basa……
5.      Dongeng asal-usul dumadine panggonan utawa papan yaiku……
6.      Dongeng kang nyritakake babagan kepahlawanan yaiku……
7.      Pelapuran kang becik yaiku dibabarake kanthi……lan……
8.      Nulis laporan panalithen iku nggunakake basa kang……
9.      Bapak mulih saka sawah
Manawa dikramakake yaiku……
10.  Ibu durung mangan
Manawa dikramakake yaiku……
11.  Bapak nembe siram nalika wonten tamu.
Ukara ing dhuwur migunani basa……
12.  Nonton TV pancen nambah wawasan nanging sinau luwih……
13.  Jangkrik yaiku jinising kewan kang asring diingu dening……
14.  Kakange sregep nanging adhine……
15.  Pakdhe badhe……arit kangge ngethok pring

III.       Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1.      Sebutna lan jelasna 4 jinising dongeng!
Wangsulan :………………………………………………
2.      Tulisna carane gawe kandhang jangkrik
Wangsulan :………………………………………………
3.      Sebutna ciri-ciri palapuran kang becik!
Wangsulan :………………………………………………
4.      Sebutna kewan sing kerep diingu dening bocah
Wangsulan :………………………………………………
5.      Apa basa kramane :
a.       Eyang lagi ndelok TV
b.      Bapak lagi ngombe kopi
c.       Ibu nembe mulih seka pasar


KUNCI JAWABAN
BAHASA JAWA
KELAS VI


I.                   Pilihan ganda
1.      B
2.      B
3.      C
4.      B
5.      D
6.      B
7.      D
8.      C
9.      A
10.  B
11.  A
12.  A
13.  A
14.  D
15.  D

II.                Essay
1.      Bocah
2.      Fabel
3.      Krama
4.      Ngoko
5.      Legenda
6.      Sage
7.      Runtut lan komplit
8.      Basa kang cetha
9.      Bapak kondur saking sabin
10.  Ibu dereng dhahar
11.  Krama
12.  Penting/utama
13.  Bocah
14.  Bebehan/males
15.  Ngasah


III.             Jawab Singkat
1.      a. Legenda yaiku dongeng kang isine nyritakake dumadine papan utawa  panggonan
b. fabel yaiku dongeng kang nyritakake panguripan kewan-kewan
c. mite yaiku dongeng kang nyritakake alam lelembut
d. sage yaiku dongeng kang nyritakake babagan kepahlawanan
2.      Kebijaksanaan guru
3.      Ciri-ciri pelapuran kang becik :
a.       Ditulis kanthi basa kang becik
b.      Ditulis kanthi basa kang cetha supaya asil kang dilapurake bener kaya kasunyatane
c.       Dibabarake kanthi runtut lan komplit
d.      Narik wigaten supaya kepenak diwaca
4.      Kebijaksanaan guru
5.      a.Eyang saweg mirsani TV
b.Bapak saweg ngunjuk kopi
c.Ibu nembe kondur saking  peken

IV.             Pedoman Penilaian
I.                   Bx1           = 15
II.                Bx2           = 30
III.             Bx3           = 15
    60
                 
                  NA = I+II+III  x 100
                                60
Previous
Next Post »
Thanks for your comment