Kumpulan Soal B. Jawa UTS II Kelas 4 (IV) SD Semester 2 TA 2013/2014

I. 
1. Sawise ora nutug sekolah ing STOVIA Ki Hajar Dewantara nyambut gawe dadi ...
a. Guru b. wartawan c. pedagang d. PNS

2. Ki Hajar Dewantara dipidhana kanthi dibuwang menyang negara Walanda. Dipidhana padha tegese karo ...
a. Diukum b. rekreasi c. oleh hadiah d. disenengake

3. Kala wingi bapak ... sapunika sampun dhangan.
a. Lara b. sakit c. gerah d. tindak

4. Bapak lunga menyang Solo, basa kramane ...
a. Bapak kesah menyang Solo      c. Bapak tindak dhateng Solo
b. Bapak tindak menyang Solo      d. Bapak kesah dhateng Solo

5. Minggu niki ingkang kerja bhakti sekedhik, menawi minggu wingi ...
a. Guyup b. manunggal c. sadaya d. kathah

Persami
Persami iki sing melok bocah kelas papat, lima lan enem sing kagabung pramuka penggalang, ing kene padha
diuji kebisane bab kepramukaan sing wis diwulangake kakak-kakak pembina. Iki kang bisa ndadekake bocah-bocah tanggung jawab, mandhiri, kreatif lan terampil.
6. Persami iki bisa ndadekake bocah-bocah bisa ...
a. Kelas papat, lima, enem       c. kagabung pramuka penggalang
b. Kebisan bab kepramukaan   d. mandhiri, kreatif, trampil

7. Persami iku cekakan saka tembung ...
a. Perkemahan Sabtu Minggu   c. Pramuka Sabtu Minggu
b. Perkemahan Senin Malam    d. Pramuka Senin Malam

8. Parine pancen akeh banget nganti tumpuk ...
a. Undhung b. lumbung c. karung d. wuwung

9. Adhiku duweni sifat welas ... marang liyan.
a. Cilik b. asih c. kadang d. seneng

10. Bocah kelas papat kudu ngerti tata ...
a. Santun b. tentrem c. suta d. krama

11. Pait ... wis dilakoni, saiki kari ngrasakake kapenake.
a. Jamu b. brutowali c. getir d. nyethak

12. Wis dadi kuwajibane warga negara Indonesia memetri budhaya bangsane kang edi ...
a. Linuwih b. peni c. luhung d. endah

13. Indonesia duweni julukan negara kang gemah ripah ...
a. Murah sandang b. ayem tentrem c. loh jinawi d. murah pangan

14. Manungsa diarani becik iku ora kedunungan sifat angkara ...
a. Murka b. rasa c. angkiri d. jahat

15. Leli tuku tebu ...
a. Sakdapur b. sajanjang c. salonjor d. satundhun

16. Tamune disuguh jajan lan wedang ...
a. Sacangkir b. sapiring c. samangkok d. sasendhok

17. Sega ... dirubung tinggi, batangane apa? Salak.
a. Sawakul b. sapiring c. sakepel d. sapuluk

18. Dadi Pramuka iku kudu sing kendel aja ...
a. Susah b. jireh c. seneng d. sedih

19. Saiki mangsa rendheng. Rendheng kasak baline ...
a. Udan b. gerimis c. adhem d. ketiga

20. Ing kutha Batu hawane adhem. Ing Sidoarjo hawane ...
a. Anyep b. anget c. panas d. sumlenget

21. Mbok aja ... ing ngarepe wong tuwa lagi lungguhan.
a. Wara-wara b. wora-wari c. wiri-wiri d. wira-wiri

22. Omonganmu ora (temu) nalar. Tembung temu yen diwenehi seselan in dadi ...
a. Tinemu b. tumemu c. dinemu d. dunemu

23. Pituture Guru wis (tanem) ing kalbu. Tembung tanem yen diwenehi seselan in dadi ...
a. Tinanem b. tumanem c. dinanem d. dumanem

24. Bukuku disilih Amir. Ukarane tanggap dadi ...
a. Amir disilih bukuku    c. Bukuku disilihake Amir
b. Amir nyilih bukuku     d. Bukuku nyilih amir

25. Bapak tindak Surabaya mios jalan Ahmad Yani. Mios tegesipun ...
a. Maca b. lair c. liwat d. terus

26. Bapak mios sesarengan gunung Kelud mbledhos. Mios tegesipun ...
a. Liwat b. bareng c. maca d. lair

27. Bonar maca buku, tulisen nganggo aksara Jawa!
a. B. c. d.

28. Tulisen nganggo aksara latin!
a. Bagya dadi priyayi b. Bagiya sasi priyayi c. Bejo dadi priyayi d. Bagya dadi penyanyi

29. Godhong gedhang garing arane ...
a. Slajungan b. pupus c. ujungan d. klaras

30. Wit klapa arane glugu, en wit gedhang arane ...
a. Damen b. tebon c. debok d. rendeng

II. 
31. Swarane banyu gumrojog. Gumrojog asale saka tembung lingga ...
32. Ibu nembe ngendika kalian bapak. Ngendika basa ngokone ...
33. Dadi murid kudu sregep, aja ...
34. Umar ngunduh klapa sa ...
35. Krunguku kabar iku mung sarana gethok ...
36. Wong tuwa kabeh golek reka ... supaya anake urip mulya.
37. Warga desa Siwalankerto pada sayuk ... mbangun desa.
38. Belo melu seton. Belo iku arane anak ...
39. Kewan galak sing rupane tutul-tutul yaiku ...
40. Sapine dipakani damen. Damen arane wit ...

III.
41. Ukara iki kramakno !
Bu, aku njaluk dhuwit kanggo tuku buku.
42. Tulisen nganggo aksara Jawa !
Pranowo seneng sinau basa Jawa
43. Tulisen nganggo aksara latin !
44. Tembung-tembung iki tatanen supaya dadi ukara sing bener !
amarga – Budi – sekolah – munggah – ora – sinau – kesed
45. Ibu nggoreng tempe ing pawon.
Ukarane tanggap dadi ...


KUNCI JAWABAN
BAHASA JAWA
KELAS 4 (IV) SD
TA 2013/2014

1. B
2. A
3. B
4. C
5. D
6. D
7. A
8. A
9. B
10. D
11. C
12. B
13. C
14. A
15. C
16. A
17. C
18. B
19. D
20. C
21. D
22. A
23. A
24. B
25. C
26. A
27. B
28. A
29. D
30. C
31. Grojog
32. Ngomong
33. Males
34. Glugu / janjang
35. Thular
36. Kerja
37. Rukun
38. Jaran
39. Macan
40. Pari
41. S
42. Hanacaraka
43. Priya nagawa kreneng
44. Budi ora munggah sekolah amarga kesed sinau

45. Tempe digoreng ibu ing pawon
Previous
Next Post »
Thanks for your comment