Materi Ujian Praktik Bahasa Jawa Kelas 6 SD TA 2013/2014

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA
UPTD KECAMATAN ...................
SEKOLAH DASAR NEGERI ........................
Alamat :...................................................................................................................



MATERI UJIAN PRAKTEK
TAHUN PELAJARAN 2013/2014


                        Mata Pelajaran                    :       Bahasa Jawa.
                        Hari / Tanggal                     :       Rabu, 2 April 2014
                        W a k t u                             :       11.00 – 12.30 WIB.



I.               MENDENGARKAN.
          Dengarkan bacaan di bawah ini dan jawablah pertanyaannya!

“TAMAN MINI INDONESIA INDAH”

          Nalika libur catur wulan kang kepungkur iki Sugeng lan Satiti sida diajak paklike dolan menyang Jakarta. Budhale numpak sepur Argo Lawu saka setasiyun Solo-Balapan. Tekan Jakarta wis dipethukake Bulik Sundari, banjur padha numpak taksi. Paklike Sugeng lan Satiti ngasta ana ing sawijining pawiyatan luhur ing Jakarta. Dene bulike ngasta ing sawijining bebadan swasta. Senajan mung prasaja, daleme wis kagungane dhewe. Malah daleme paklik Sudarga mau ora adoh karo Taman Mini Indonesia Indah. Mula nalika bocah loro iku ditari arep dijak nonton Taman Mini, tanpa wigah – wigih banjur Semrinthil nayogyani..
          Dinane Minggu, tur pinuju liburan pisan. Wong – wong Jakarta yen dina Minggu adate pancen padha golek papan panglipur. Ana kang nonton Bonbin Ragunan, ana kang ngenggar – enggar ati ing Taman Jaya Ancol. Malah kang duwe mobil pribadi padha munggah menyang Puncak, nonton Taman Safari. Sugeng lan satiti wis gembleng tekade kepingin nonton Taman Mini. Mlakune saka daleme paklik mung watara wolung atusan meter. Mula ora nganti kumringet.

Pitakon – pitakon ing ngisor wangsulana!
1.Kapan Sugeng lan Satiti diajak budhal menyang Jakarta?
1.  Numpak apa budhale Sugeng lan Satiti menyang Jakarta?
2.  Ngasta ing ngendi Bulik Sundari?
3.  Apa irah – irahan wacan ing dhuwur mau?
4.  Apa adate wong Jakarta yen dina Minggu?

II.MEMBACA

          Bacalah bacaan di bawah ini dengan lafal dan intonasi yang benar!

“KANCIL KARO WEDHUS PRUCUL”

          Wis ambal kaping telu wedhus prucul diparani kethek lan dikandhani menawa ora masrahake anake loro sing lemu – lemu kuwi marang macan, mesthi bakal luwih cilaka, disiksa macan nganti sapatine.
          Pokal gawene kethek mau pancen kebangeten. Dasare kethek pancen drengki srei, jail metakil, mula ora seneng weruh uripe wedhus prucul sa’anak bojone sing ayem tentrem. Saking judheg lan bingunge atine wedhus prucul, awake nganti kuru, mangan ora doyan, turu klisikan, atine mung tansah was sumelang yen samangsa – mangsa ditekani macan temenan, kaya kandhane si kethek, mendah kaya ngapa dadine.
          Cepet – cepet wedhus prucul kelingan kancil, kewan sing sugih akal tur demen tetulung sapadha – padhaning kewan sing lagi nemu kesusahan. Ora ndadak nganggo mikir dawa, wedhus prucul budhal nggoleki papan dununge kancil, ing sawijining ing punthuk sing rada dhuwur, ora pati adoh karo papan panggonane si wedhus prucul.
          Lakune si wedhus prucul kaya disawatake, polatane pandirangan, jalaran atine tansah was sumelang marang nasibe anake loro sing arep dimangsa macan.
........................................................




III. Menulis.
          Simaklah cerita dibawah ini, buatlah rangkumannya!


“KANCIL KARO KIDANG”

     Wayah sore ngarepake surup srengenge, kancil liwat sapinggiring tegal pekacangan. Nyawang pekacangane lemu landhung – landhung, kancil milang miling golek dalan, niyati arep mlebu njerone tegalan.
     Dumadhaan kancil kaget ana swara krusak – krusuk secedhake pager, banjur diparani. Bareng wis cedhak jebul kidang sing krusak krusuk, jalaran kena jiret sing kenceng banget. Nganti ora bisa uwal saka jiret mau. Kancil banjur takon, lho kok kowe to dang. Kepriye polahmu kok nganti kena jiret. Apa ora wruh yen ana jiret?
     Kidang banjur mangsuli kanthi memelas. Ngertia ya ora kena jiret kaya ngene cil, tulungana aku kepriye carane supaya aku bisa uwal saka jiret iki. Kancil meneng sedela, mikir – mikir banjur mangsuli, wah angel iki sajake iki dang. Ki lho taline gedene sak mono tur uled banget. Coba, kowe arep obah bae kangelan.
    Kidang saya judheg atine, sambate melas asih, mati aku cil, yen nganti sesuk – esuk aku ora bisa uwal saka jiret iki, mesthi bakal dipateni karo sing duwe tegal.
..................................................................................................


      IV. Berbicara.
Berpidatolah dengan salah satu topik di bawah ini !
1.      Sebagai ketua panitia dalam perpisahan kelas VI.
2.      Sebagai wakil kelas VI dalam perpasahan kelas VI.
3.      Sebagai tuan rumah orang punya hajat.

4.      Sebagai ketua panitia peringatan Isro’ Mi’roj



PEDOMAN PENILAIAN


I.                   Mendengarkan
Jawaban betul nilai 5
Jumlah skor 5 x 5 = 25
II.                Membaca
Skor maksimal = 25
III.             Menulis
Skor maksimal = 25
IV.             Berbicara
Skor maksimal = 25

Nilai Akhir ( NA ) = jumlah skor I + II + III + IV




Previous
Next Post »
Thanks for your comment