Prediksi UKK Bahasa Jawa Kelas 1 SD Semester 2 UAS II TA 2013/2014

Wacanen sing patitis !

Nemu Dhompet
Isih esuk Sari wis budhal sekolah
Ing dalan Sari nemu dhompet
Dhompet iku banjur dijupuk
Sawise dijupuk banjur dibukak
Dhompet iku isine dhuwit lan surat penting
Tekan sekolahan dhompet diaturake marang Bu Guru
Dhompet iku tibake kagungan Pak Lurah
Bu Guru banjur tindak daleme Pak Lurah
Pak Lurah rumangsa bungah
Pak Lurah banjur nggoleki Sari arep maringi bebungah
Sari ora gelem diparingi hadiah

Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
1. Ing ngendi Sari anggone nemu dhompet ? .........................
2. Apa wae isine dhompet ? ......................................
3. Dhompet iku banjur diaturake marang sapa ? ....................
4. Sapa kang kagungan dhompet ikut ? ............................
5. Kena apa Pak Lurah nggoleki Sari ? ............................

Pilihen aksara kang bener !
1. Sing nemu dhompet ing dalan ...........
a. Sadi
b. Budi
c. Sari

2. Dhompet iku banjur diaturaken ..............
a. Ibu Guru
b. Pak Guru
c. Bapak

3. Sing kagungan dhompet ..............
a. Pak Guru
b. Pak Lurah
c. Ibu Guru

4. Sari arep diparingi ...............
a. dhuwit
b. hadiah
c. panggawean

5. Kuping gunane kanggo ..........
a. mlaku
b. nyekel
c. ngrungokake

6. Sing kanggo mikul ................
a. sirah
b. pundhak
c. tangan

7. Godhong pelem rupane ................
a. ijo
b. kuning
c. putih

8. Tembung mata, kramane ..........
a. mripat
b. soca
c. mata

9. Rambute Bapak ireng. Tembung rambut kramane............
a. mustaka
b. talingan
c. rikma

10. Godhong tela rambat jenenge ...........
a. blarak
b. jlegor
c. damen

11. Saben dina Budi nyikat ..............
a. sikil
b. pipi
c. untu

12. Yen arep budhal sekolah kudu .............
a. pamitan
b. tukaran
c. nangis

13. Pamitan Bapak lan Ibu karo..............
a. ngguyu
b. salaman
c. nangis

14. Banyu segara iku rupane ..............
a. abang
b. ireng
c. biru

15. Genderane kita warnane abang karo..............
a. putih
b. ijo
c. ireng

Isenana titik-titik ing ngisor iki !
1. Yen saben dina sinau dadi bocah ...............
2. Irung iku gunane kanggo .......................
3. Sikil iku gunane kanggo .....................
4. Godhong bayem iku rupane .......................
5. Lombok yen wis tuwo rupane .....................
6. Driji tangan iku gunane kanggo ....................
7. Yen matur Bapak karo Ibu nganggo basa ......................
8. Yen nemu barang ing sekolahan kudu diaturake .......................
9. Sari budhal sekolah wayah ............................
10. Sing disikat iku .........................
Previous
Next Post »
Thanks for your comment