Prediksi Soal UTS II Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester 2 TA 2013/2014

JAKA TARUB
Nalika semana, ana widadari cacah pitu sing lagi padha adus ana ing sendhang. Saka pitung widadari iku, salah sijine ana sing dijupuk slendhange. Mula saka kuwi, widadari iku ora bisa balik menyang khayangan. Aran Nawang Wulan. Dene sing njupuk slendhang kuwi mau jenenge Jaka Tarub. Jaka Tarub saguh nulung Nawang wulan balik menyang khayangan, yen Nawang Wulan gelem dipek bojo. Nawang Wulan saguh, banjur omah-omah. Sawijining dina Nawang Wulan ngliwet, banjr dheweke lunga menyang pasar. Mula dheweke nitip liwetane mau karo Jaka Tarub lan meling supaya dandange aja dibukak. Diwelingi kaya mangkono, Jaka Tarub ora mangerteni, banjur dandang mau dibukak. Sawise dibukak, jebul sing ana ing dandang mau mung sega sakupa. Ora suwe. Nawang Wulan balik lan katon gela banget. Mergo dandang mau wis kebukak. Nawang Wulan jengkel marang Jaka Tarub banjur lunga ninggalake dheweke.
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur!
............................................................................................................................. ........................
2. Ana pira cacahe widadari sing padha lagi adus ana ing Sendhang?
............................................................................................................................. ........................
3. Sapa sing njupuk slendhange Nawang Wulan?
............................................................................................................................. ........................
4. Apa pesene Nawang Wulan marang Jaka Tarub sadurunge lunga menyang pasar?
.....................................................................................................................................................
5. Apa kedadeane Jaka Tarub mblenjani welinge Nawang Wulan?
.....................................................................................................................................................

II. Isilah titik-titik berikut ini dengan jawaban yang benar!
6. Mas Joko (ombe) teh ing warung. Tembung ombe kudune dadi ...
a. Diombe b. ngombe c. ngombekake d. diombehake

7. Ana seneng banget nyawang kaendahan tetanduran ing taman iki. Nyawang tegese ...
a. Mlaku b. melu c. ndeleng d. budhal

8. Putrane Bu Rina sing mbarep wis kelas 3 SD. Mbarep kosok baline ...
a. Penengah b. panenggak c. ragil d. sing nomor siji

9. Ibu saking peken ngasta oleh-oleh. Basa ngokone ngasta yaiku ...
a. Nyangking b. tuku c. mulang d. nggawa

10. Badrun kesed anggone sinau mulane ...
a. Ndableg b. bodho c. nakal d.pinter

11. Doni lagi nggarap PR basa jawa. Nggarap asale saka tembung ...
a. Garap b. digarap c. garapen d. nggarapake

12. ... carane nggawe layangan iki Bud?
a. Kepriye b. kapan c. sapa d. apa

13. Mbah lagi mangan roti. Mangan krama aluse ...
a. Ngunjuk b. maem c. nedha d. dhahar

14. ... Bapak tindak Jakarta?
a. Kepriye b. sapa c. kapan d. ing endhi

15. Adi tuku buku menyang toko buku “Jaya”. Wasesane ukara iku mau ...
a. Adit b. tuku c. buku d. menyang toko

16. Satriya nulis layang kanggo Ibune. Tembung nulis linggane ...
a. Tulis b. menulis c. ulis d. nulis

17. Bapak mundhut tebon kanggo pakan sapi. Tebon iku arane wit ...
a. Pari b. canthel c. jagung d. klapa

18. Aku seneng banget oleh hadiah. Seneng tembung liyane ...
a. Marem b. sengit c. susah d. bungah

19. Latare sekolahanku jembar banget. Jembar tembung liyane ...
a. Ciut b. dawa c. amba d. cindek

20. .......

21. Yen diwaca unine ...
a. Tuku sale b. tuku sate c. suku sate d. kuku sate

22. Simbah lara mata. Lara mata basa kramane ...
a. Sakit paningal b. gerah paningal c. lara paningal d. sakit mata

23. Bukune sing dak ilangake wis (ijol). Tembung ijol benere ...
a. Koijoli b. ijolana c. diijoli d. dakijoli

24. Wis (kandha) ibu bola-bali, nanging ora digugu. Tembung kandha benere ...
a. Kokandhani b. kandhani c. dikandhani d. dakkandhani

25. Wit pelem ing ngarepan omahku wohe gedhe-gedhe. Gedhe-gedhe kosok baline ...
a. Cilik b. gedhe c. dawa d. bundher

26. Ukara pakon ing ngisor iki yaiku ...
a. Nita nulis layang b. Dedi lag turu c. Apa sing kogawa? d. Tulung jupukno!

27. Pak De maca buku, yen dikramakno dadi ...
a. Pak De maos buku    c. Pak De mundhut buku
b. Pak De nyerat Buku  d. Pak De nyuwun buku

28. Rudi mangkat sekolah jam 06.00 esuk. Mangkat tembung liyane ...
a. Lunga b. teka c. budhal d. mulih

29. Yen ditulis latin ...
a. Ana dara b. anak dara c. ana sada d. anak sara

30. Sandhangan swara kang unine e yaiku ...
a. Wulu b. suku c. taling d. taling tarung

31. Yen ditulis latin unine yaiku ...
a. Kopi jare b. ngopi jahe c. kopi jahe d. ngopi jae

32. Bocah kelas telu iku luhur banget budhine. Luhur kosok baline ...
a. Apik b. ala c. asor d. agung

33. Wayah udan tetanduran katon seger. Wayah tegese ...
a. Mendhung b. wektu c. angin d. putu

34. Wusana, yen ditulis Jawa dadi ...
a.                                b.                           c.

35. Tanggal limolas langite katon padhang ...
a. Ndhehet b. memplak c. njingglang d. rembulan

III. Isenana nganggo tembung-tembung sing bener!
36. Mbak Rini mundhutake sepatu Rina.
      Mundhutake tembung linggane ...
37. Cukup semene dhisik yo, Sur! Sesuk disambung maneh.
       Perangane layang iku mau kalebu ...
38. ... biji ulangan Basa Jawamu, Jok?
39. Kuncoro nonton sirkus.
       Jejere ukara iku yaiku ...
40. Ibu tuku klambi.
      Lesane ukara iku ...
41. Guwa Akbar iku dununge ana Tuban.
      Dununge tembung liyane ...
42. Buku sing anyar (samak) apa durung?
      Tembung samak benere ...
43. Pak Darman nitih sepedha. Yen dingokone dadi ...
44. Nganggoa klambi sing sopan!
      Tembung linggane nganggoa yaiku ...
45. Aku tuku buku. Bapak ... bulpen.

IV. Wangsulana kanthi premati!
46. Gethuk – mangan – Nina – goreng.
Tatanen dadi ukara sing bener!
47. Kramakno ukara iki!
      Pak Kardi lagi turu.
48. Salinen nganggo aksara latin!
49. Gawenen ngoko ukara iki!
      Mas Ardi sampun kondur sekolah!
50. Udhalen ukara iki miturut jejer, wasesa, lesan, lan katrangan.
      Eva maca buku ana teras omah.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment