Prediksi Soal B. Jawa UTS II Kelas 6 (VI) enam SD Semester 2 TA 2013/2014

WACAN !
KOPERASI
Ing Indonesia koperasi iku dudu perkumpulan anyar. Usaha koperasi wis dirintis wiwit Indonesia mardika. Priyantun sing gedhe labuh labete marang madeg lan ngrembakane koperasi ing Indonesia yaiku Drs. Moh. Hatta, Wakil Presiden Republik Indonesia sing wiwitan. Mula penjenengane banjur oleh sebutan Bapak Koperasi Indonesia. Koperasi wis dianggep saka gurune ekonomi Indonesia. Koperasi wis sumrambah ing ngendi-endi, migunakake asas kekeluargaan lan gotong royong.
Ancas tujuan ngedegake koperasi yaiku kanggo nyengkuyung lan aweh pambiyantu marang wong utawa pengusaha cilik sing mbutuhake. Luwih-luwih kanggo sing dadi anggotane. Amarga sipate aweh pambiyantu, mula koperasi ora golek bathi akeh-akeh, nanging mbudidaya amrih para anggotane bisa urip luwih kepenak.
Koperasi iku jinise akeh banget. Ana sing isih cilik ana sing wis mapan umpamane: Koperasi Unit Desa, Koperasi Pegawai Republik Indonesia, Koperasi Simpan Pinjam, Koperasi Sekolah, lan liyaliyane.
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Kapan usaha koperasi dirintis ing Indonesia ?
2. Sapa sing oleh sebutan Bapak Koperasi Indonesia?
3. Apa sing dadi soko guru ekonomi Indonesia?
4. Apa ancas tujuan koperasi?
5. Aranana jinise koperasi!

II. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a,b,c, utawa d minangka wangsulan sing paling bener!

6. Adangiyah ing sajroning layang pribadi iku isine ...
a. Salam pakurmatan b. pangarep-arep c. tanggal layang d. atur pambagya

7. Wasana cekap semanten wae ingkang saged kula aturaken eyang sanes wekdal kita sambung malih.
Perangan layang ing dhuwur diarani ...
a. Titi mangsa b. salam pambuka c. surasa basa d. wasana basa

8. Sing kalebu ukara tanduk yaiku ...
a. Segane wis dak pangan    c. Siti ngumbah klambi anyar
b. Adhik didukani Bapak      d. Eyang didherekake Mas Pur kundur

9. Kabecikan iku dalane mukti ...
a. Widata b. wibawa c. wiwaha d. widada

10. Sakarone padha ora ngrumangsani manawa awake padha dhiwut-dhiwut malih rupa “wanara”. Wanara tegese ...
a. Jaran b. kethek c. gajah d. macan

11. Ukara ing ngisor iki sing bener basa kramane yaiku ...
a. Bapak sare, kula siram          c. Eyang nedha sega pecel
b. Ibu mundhut ageman enggal   d. Bulik numpak sepedha enggal

12. Pak Budiman (nonton) bal-balan wonten alun-alun. Tembung nonton benere ...
a. Nontok b. ndelok c. ningali d. mirsani

13. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa ngoko alus yaiku ...
a. Nalika bapak rawuh, aku lagi turu         c. Nalika bapak teka, aku lagi sare
b. Nalika bapak rawuh, kula nembe sare   d. Nalika bapak ndugi, kula nembe sare

14. Angka 108 yen ditulis nganggo angka jawa sing bener ...
a.

15. ______________________ yen ditulis nganggo aksara latin, yaiku ...
a. Rukun karo kancab. rukun karo tetangga c. rukun agawe santosa d. rukun agawe mulya

16. Salah sijine putra Werkudara yaiku ...
a. Arimbi b. gathutkaca c. nakula d. sadewa

17. Kesatriyane raden Werkudara yaiku ...
a. Jodhipati b. sokalima c. sawojajar d. lesanpura

18. Kinanthi, asmaradana, lan dhandhanggula kalebu tembang ...
a. Dolanan b. macapat c. tengahan d. gedhe

19. Cacahing wanda saben sagatra diarani guru ...
a. Sastra b. lagu c. wilangan d. gatra

20. Bocah sing menang lomba oleh (bungah).
Tembung bungah yen didadekake tembung rangkep dwi purwa sing bener ...
a. Bebungah b. bungahan c. bebungahan d. bungah-bungah

21. Kowe kok ... nggoleki sapa?
Ukara kuwi yen diisi nganggo tembung dwi lingga salin swara sing bener ...
a. Udan-udanan b. mlaku-mlaku c. lelaku d. wira-wiri

22. Nalika ana lindhu gedhe wong-wong padha nggoleki kaluwargane.
Tembung gedhe kosok baline yaiku ...
a. Banter b. alon c. suwe d. cilik

23. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake pola J-W-L-K yaiku ...
a. Wingi sore aku mlaku-mlaku        c. Kembang ing taman disiram Siti
b. Bapak lan Ibu dhahar soto           d. Pak Suradi maos koran ing teras

24. Misdi kandha, “Sesuk aku arep lunga.” Ukara kandha mau yen diowah dadi ukara crita dadi ...
a. Misdi kandha sesuk arep lunga                                  c. Misdi ngandhakake yen arep lunga
b. Misdi kandha menawa sesuk dheweke arep lunga      d. Misdi ngandhakake aku arep lunga

25. Judhul karangan uga diarani ...
a. Irah-irahan b. titi mangsa c. pambuka d. isi karangan

26. Diwenehi ... ngrogoh rempela.
a. Ati b. jajan c. sega d. panganan

27. Kakehan gludhug kurang udan. Paribasan mau tegese ...
a. Ngakoni sedulur mung karo sing sugih-sugih      c. Akeh omonge nanging ora ana nyatane
b. Kelakuane anak lumrahe tiru-tiru wong tuwa      d. Paseduluran kang ora bisa rukun

28. Dhek wingi bocah kelas enem lanang-wadon padha melu gerak jalan.
Sing kalebu tembung camboran yaiku ...
a. Dhek wingi b. kelas enem c. lanang-wadon d. gerak jalan

29. Pitik walik saba kebon. Batangane cangkriman kuwi yaiku ...
a. Salak b. sulak c. jagung d. nanas

30. Dirajang kaya brambang diiris kaya ...
a. Lombok b. kentang c. buncis d. wortel

31. Sing kalebu puisi basa Jawa yaiku ...
a. Tembang b. geguritan c. cangkriman d. bebasan

32. Snti: “Ibu kok malah ... ingkang manalagi? Empuk ingkang punika lho, Bu ingkang saking Jepang.”
Ibu : “Iya ana benere kandhamu kuwi, nanging aku milih sing isih seger.”
a. Mbetha b. tumbas c. madhani d. dhahar

33. Panulise papan lan titi mangsa layang sing bener ...
a. Sidoarjo, 20 Januari 2012         c. Sidoarjo; 20 Januari 2012
b. Sidoarjo: 20 Januari 2012         d. Sidoarjo. 20 Januari 2012

34. ... kahananmu saiki?
a. Kepriye b. kapan c. apa d. pira

35. Santi kuwi pancene bocah ayu idepe ...
a. Ngandhan-andhan b. mucuk eri c. tumenggeng tawang d. nanggal sepisan

III. Titik-titik ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing bener!

36. Kurawa duweni watak angkara ...
37. Tikus dipangan kucing. Kalebu jinising ukara ...
38. Surat ditulis Budiman ing ruang tamu. Wasesane ukara yaiku ...
39. Guru gatrane tembang pucung ana ... gatra.
40. Gajah-gajah, buta-buta galak kalebu jinising tembang ...
41. Wit kecipir mrambat kawat. Ora mampir ...
42. Becik ketitik ala ...
43. Ing kitab Mahabarata nyritakake perang gedhe antarane Kurawa lan Pandhawa, dene sing menang ...
44. Pandhawa cacahe lima, sing kembar yaiku ... lan ...
45. Sinten ingkang rawuh? Yen diowahi dadi basa ngoko, yaiku sapa sing ...

IV. Garapen manut prentahe!

46. Owahana dadi basa krama alus! Pak Purnama tuku sepeda motor anyar.
................................................................................................................................................ ...........
47. Rampungna parikan iki! Wajik klethik gula jawa.
...........................................................................................................................................................
48. Owahana dadi ukara tanduk! Jajan gethuk ing pring dipangan adhiku.
...........................................................................................................................................................
49. Apa tegese paribasan iki! Ancik-ancik pucuking eri.
............................................................................................................................. ..............................
50. Tulisen nganggo aksara Jawa! Rebut balung tanpa isi.
............................................................................................................................. ..............................
Previous
Next Post »
Thanks for your comment