Soal UKK Bahasa Jawa Kelas 4 SD Semester 2 UAS 2 TA 2013/2014

Wacanen kanthi patitis !
GAWE WAYANG
Bocah kelas papat bareng – bareng karo pak guru diajak nonton carane gawe wayang lulang. Wayang lulang digawe saka kulit kewan, kayata wedhus, kidang, menjangan, lan sapanunggalane. Mula banjur wayang lulang katelah wayang kulit.Watara jam setengah sanga, aku sakanca tekan daleme pak Darmo.Pak Darmo tukang gawe wayang utawa tukang sungging/juru sungging, kadhang kala sok ditanggap ndhalang.
Wiwitane aku diduduhi wayang pirang – pirang ora diwadhahi kothak, nanging disinuping kaya lumrahe yen wayangan. Wayange akeh banget.Wangun lan rupane beda – beda, nanging satemene ana rong perangan, yaiku sabrangan lan alusan. Wayang sabrangan iku bangsane buto, dene wayang alusan yaiku satriya lan pandhita.Gawe wayang iku kudu sabar lan tlaten, sadurunge digarap lulang digambari nganggo potelot. Banjur ditatah, nuli dikelir. Ora kena grusa – grusu lan sembrana sebab gambare bisa pating clemot ora karuwan .Pancen seni padhalangan perlu diuri – uri. Tontonan wayang kulit klebu tontonan kang becik. Kejaba ati senang kepara tambah kawruh. Mligine kang gegayutan karo urip ing bebrayan agung. Jroning pagelaran akeh tuladha lan pitutur kang pantes ditiru.

I. Wenehana tanda ping ( X ) aksara a,b,c utawa d sangarepe pratelan kang bener!
1.      Irah – irahan wacan ing duwur  yaiku . . . .

a.       Gawe wayang
b.      Gawe layang
c.       Gawe layangan
d.      Gawe lawang

2.      Asmane juru sungging ing wacan dhuwur yaiku . . . .

a.       Pak Marta
b.      Pak Darmo
c.       Pak Dalno
d.      Pak Ratno

3.      Apa kang diarani wayang sabrang iku?

a.       Satriya
b.      Pandhita
c.       Buto
d.      Garwa

4.      Wayang lulang iku kagawe saka . . . .

a.       Kayu
b.      Wesi
c.       Gabus
d.      Kulit kewan


5.      Bocah kelas pira sing nonton carane gawe wayang ?

a.       Kelas III
b.      Kelas IV
c.       Kelas V
d.      Kelas VI

6.      Yen  ( pangan ) kudune nganggo tata karma.Tembung pangan kudune . . . .

a.       Mangan
b.      Mangana
c.       Manganana
d.      Mangani

7.      Sabar – kang – allah – iku – wong – gusti – dadi . yen ditata unine . . . .

a.       Wong  sabar iku kang kekasihe dadi gusti Allah
b.      Wong kang sabar iku dadi kekasihe gusti Allah
c.       Sabar iku dadi wong kekasihe gusti Allah
d.      Kang sabar iku wong dadi kekasihe gusti Allah

8.      Fatimah  kae olehe ( tulis ) apik banget. Tembung tulis benere . . . .

a.       Tulis
b.      Nyulis
c.       Nulis
d.      Ngulis

9.      Mangan sing migunani awak yaiku . . . .

a.       Gizine kudu akeh tur larang
b.      Daginge sing akeh gajihe
c.       Sega daging lan sayur
d.      Empat sehat lima sempurna

10.  Perkemahan Sabtu malem Minggu yen diwancah / dicekak unine . . . .

a.       Kasami
b.      Perkami
c.       Persagu
d.      Persami

11.  Perangane layang ing ngisor iki kejaba . . . .
a.       Ada – ada
b.      Purwaka
c.       Adangiyah
d.      Wasana basa

12.  Pangabekti kula mbah Putri Slamet Margono ing margi Merapi angka 12 Demak.Iki minangka . . . 

a.       Surasa basa
b.      Adangiyah
c.       Wasana basa
d.      Purwaka

13.  Ing wasana cekap semanten atur kula.Iki klebu perangan layang yaiku . . . .

a.       Peprenah
b.      Panutup
c.       Surasa basa
d.      Titimangsa

14.  Wong urip iku kudu bisa mandhiri aja njagakke . . . .

a.       Liyan
b.      Bantuan
c.       Wenehan
d.      Pitulung

15.  NAsmarandana, Sinom, lan Pocung iku arane tembang . . . .

a.       Dolanan
b.      Macapat
c.       Gedhe
d.      Tengahan



Download Lengkapnya DISINI
Previous
Next Post »
Thanks for your comment