Soal UKK Bahasa Jawa Kelas 3 (III) SD Semester 2 UAS 2 TA 2013/2014

I.  Wenehana tandha ping (x) ana ing jawaban kang trep!
1.  Dhek dina Minggu aku …. Pasar Kliwon.
a.   tindak c.   tuku
b.   lunga d.   oleh

2.  “Tuku” krama inggile . . . .
a.  njipuk c.   mundhut
b.  tumbas d.  dhateng

3.  Dolanan gasing digawe saka . . . .
a.   watu c.   kertas
b.   lemah d.   kayu

4. Ukara pakon diwenehi tandha . . . .
     a.   (.) titik b.   (?)
     b.   (:) titik loro d.   (!)

5. Ukara sing bener panulise . . . .
     a.   Aku sesuk ora mlebu? c.   aku sesuk ora mlebu.
     b.   Aku sesuk ora mlebu. d.   Aku sesuk ora mlebu!

6.  …. sing arep menyang pasar ?
a.   pira c.   sapa
        b.   kapan d.   kepriye

7.  Kelompok – Hilmi – omahe – Angger. – ana – sinau, unen-unen kang bener yaiku ….
a. Hilmi omahe ana Angger. sinau kelompok         c. Hilmi sinau kelompok ana omahe Angger.
b. Hilmi ana omahe Angger. sinau kelompok         d. Hilmi sinau kelompok omahe Angger. ana

8. Din, tukokno gula! Kalebu ukara . . . .
      a.   Pakon c.   Carita
      b.   Pitakon d.   Jawab

9. Fira lan Aisya padha rekreasi menyang Sangiran.
. . . . sing lunga rekreasi?
a.   Pira c.   Ngendi
b.   Ngapa d.   Sapa

10. Satriya Pandhawa sing nomer 1  ( siji ) jenenge . . . .
       a.   Yudhistira c.   Janaka
       b.   Werkudara d.   Nakula

11. Pandhawa sing kembar yaiku . . . .
       a.   Janaka lan Arjuna c.   Nakula lan Sadewa
       b.   Yudhistira lan Werkudara d.   Arjuna lan Sadewa

12. Nakula satriya ing . . . .
       a.   Sawojajar c.   Ngamarta
       b.   Madukara d.   Bumiretawu
  
   Pacelathon.
Kerja Bakti ing Omah
Dina Minggu, Rizky, bapak lan ibune lagi ngresiki omah.
Bapak : “Riz, mrenea ! Rewangi Bapak ngresiki plapon iki !”
Rizky :”Nggih, Pak ! Kula mendhet sapu rumiyen !”
Bapak :”Riz, jupukna andha kanggo ngranggeh panggonan sing reged !”
Rizky :”Nggih, Pak !” ( karo njupuk andha )
Ibu :”Sing ngati-ati lho, Riz ! Nek tiba !”
Rizky :”Nggih, Bu !”
Ibu :”Yen wis rampung, Ibu direwangi nandur kembang ya, Riz !”
Rizky :”Kembang menapa, Ibu mundhut, ta ?”
Ibu :”Ora, iki kembang saka daleme Bu RT.”
Bapak :”Wis, Riz, kana rewangana Ibumu !Iki meh rampung, kok.”
Rizky :”Nggih, Pak !”

13. Pacelathon ing dhuwur ana pirang paraga . . . .
       a.   Siji c.   Telu
       b.   Loro d.   Papat

14. Karo ibune Rizky mau dikongkon ngrewangi apa?
       a.   Nandur kembang c.   Nandur janganan
       b.   Ngresiki plapon d.   Ngresiki kembang

15. Miturut pacelathon kepriye watake Rizky?
       a.   Pinter c.   Kesed
       b.   Bodho d.   Sregep
16.                                  tulisan iki yen diganti latin dadi . . . .
       a.   Nganteng     c.   Bareng
       b.   Suweng d.   Weteng

17. “ Sare “ yen ditulis nganggo aksara jawa dadi . . . .
       a.       c.   
       b.   d.   

18. Sing nglakokake wayang jenenge . . . .
       a.   Dhalang c.  Pilot
 b.   Masinis d.  Kusir

19. Sing gawe barang saka wesi jenenge . . . .
a.   Empu c.   Blantik
b.   Pandhe d.   Dokter

20.  Pucung kalebu tembang . . . .
a.   dolanan c.   macapat
b.   kroncong d.   wajib

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sisih tengen kang mathuk!       
1. Kang nularake lara demam berdarah.
2. Diarani apa jumlah larik ing geguritan.                                                                
     3. Guru lagune “Ayo kanca, ngudi ngelmu kang satuhu”.                                                            
     4. Guru wilangane “Amrih kasembadan”                                 
5. Basa kramane “ mangan”.         
6. Salsa . . ., nanging yen Syahda kuru.                                
7. Pagaweane dodol raja kaya
8. Panambahan a, na, ana utawa en “Pitike ( pakan ) jagung!”.                                                       
9. . . . sing padha dolanan bal-balan?
10. . . . pirantine wong nggawe layangan?          

III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
1. Pira bukumu? Kalebu ukara . . . .
2. Sing mriksa wong lara ing puskesmas utawa klinik diarani . . . .
3. Sing nglakokake sepur diarani . . . .
4. Ala kosok balene . . . .
5. Nalika esuk krasa adhem, nanging nalika awan krasa . . . .
6. Bocah kelas telu kudu sregep sinau supaya . . . .
7.                       kepriye wacane aksara Jawa ing sisih kuwi . . . .    
8.                      yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi . . . .                          
9. Salah sijine kang kalebu tembang macapat . . . .
10. Krama inggile “lunga” yaiku . . . .

IV. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !
      1.   Sebutna sapa bae kang diarani Pandhawa!
      2.  Tulisen nganggo aksara Jawa “ Nika tapa ”!
      3.   Gawea ukara pitakon loro wae!
      4.  Ukara iki kramakna “ Ibu lunga ning pasar tuku gula”.
      5.  Geguritan ing ngisor iki golekana guru lagune!
Kinanti
Anoman malumpat sampun
prapteng witing nagasari
mulat mangandhap katingal
wanodya yu kuru aking
gelung rusak wor lan kisma
kang iga-iga kaeksi
Previous
Next Post »
Thanks for your comment