Soal dan Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 6 SD UTS I TA 2012/2013



Wacanen kanthi premati !

Ndandosaken Sepedha Montor

Bapak mundhut sepedha montor enggal. Anggenipun ngreyen sampun angsal 500 km. Miturut buku paugeran servis, kedah servis sepisan. Pramila lajeng dipunasta dhateng bengkel. Wonten ing bekel , lampu, rante, reting, busi lan mesinipun dipuntiti, bokmenawi wonten ingkang kedah dipunsetel.
Bengkel langgananipun bapak panci sae. Naminipun bengkel “ Maju Jaya “. Pirantinipun komplit.Tenaganipun timur sedaya, dhasar lulusan saking STM Mesin. Pramila boten mokal menawi gadhah ketrampilan ing babagan mesin. Tandangipun cepet cekat ceket, alus garapanipun. Boten nggumunaken menawi tiyang ingkang nyervisaken wonten bengkel “ Maju Jaya “ kathah, ngantos sami antri.

I.Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk !
1. Miturut aturan buku servis sepedha motor kudu di servis ... km sepisan.
2. Bapak nyervisake sepedha montor ing ....
3. Perangan sepedha montor sing diteliti yaiku ....
4. Sing nyambut gawe ing bengkel saka lulusan sekolah ....
5. Sing padha nyambut gawe ing bengkel, padha tumandang ....
6. Cekap semanten saha mekaten ingkang saged kula aturaken ing wasana wonten kirang langkungipun , mugio para pirawuh kersa paring pangapunten.
    Pratelan ing ndhuwur kalebu bagean .... ing pidato
7.Ukara tanduk yaiku ukara kang jejere .... pegawean  
8.Bocah kok bobote abot kapak,tegese....
9.Layang ulem yaiku layang kang surasane ....
10.Timun, semangka kalebu tanduran pala ....
11.Dina minggu bocah kelas VI arep sepedha santai menyang pesisir. Pratelan sing kalebu latar wektu yaiku ....
12.Pandhawa iku cacahe lima. Dene panengahe pandhawa yaiku ....
13. Bu Suryati nulis surat. Yen di gawe ukara tanggap dadi ....
14. Yen ( tandang ) aja grusa-grusu. Tembung “tandang “ kudune ....
15.Wong loro nggawa siji ing pundhak arane nggotong. Wong siji nggawa loro ing pundhak arane ....
16. Ibu saweg madosi arta ingkang ketriwal. Madosi padha karo....
17.Kembang turi mekare sore, sing taberi olehe nyambut gawe . Ukara ing ndhuwur kalebu ukara ....
18.Rukun agawe santosa, crah agawe....
19.Sajarwo pegaweane golek warta banjur disiyarake liwat koran.Pegaweane Sajarwo diarani....

20.
Tulisan aksara jawa ing ndhuwur iku unine ....

II.Wangsulana pitakon – pitakon ing  ngisor iki kanthi bener !

1.Perangane pidhato kang baku ana 3 perkara.Coba aranana!
  Wangsulan :a.....................................................
                        b.....................................................
                        c.....................................................

  2.Bapak mundhut sepedha montor.
    Udhalen ukara ing ndhuwur miturut kalungguhane tembung!
    Wangsulan: .......................................................
                        .......................................................
                        .......................................................

3.Aranana 3 bab kang kudu kamot ing laporan asil penelitian!
  Wangsulan:a. .........................................................
                     b...........................................................
                     c...........................................................

4.Tulisen nganggo aksara jawa ukara ing ngisor iki1
   Suhardi nyebrang kali nunggang prahu lesung.

   Wangsulan: .....................................................................................................................

5.Gawenen ukara nganggo tembung – tembung ing ngisor iki!
            a. Kondur = ...........................................................................................................
            b.dhawuh = ...........................................................................................................
            c.ngajak   = ...........................................................................................................










KUNCI JAWABAN
ULANGAN TENGAH SEMESTER I  MAPEL BAHASA JAWA KELAS VI
TAHUN PELAJARAN 2012 / 2013


I.                   1.  500 Km
2.  Bengkel Maju Jaya
3.  Lampu,rante,reting,busi,mesin.
4.  STM  Mesin
5.  Cepet cekat - ceket
6.  penutup
7.  nindakake
8.  enteng banget
9.  aweh weruh sarto nyuruhi supaya teka
10.kesimpar
11.dina Minggu
12.Raden Arjuna , Permadi , Ramade , Kumbang Ali – ali.
13.Surat ditulis bu Suryati.
14.tumandang
15.mikul
16.nggoleti
17.parikan
18.bubrah
19.wartawan

20.

II.                21. Perangane pidhato ana 3 perkara yaiku :
a.       Pambuka / perangan purwa
b.      Isi / perangan surasa
c.       Penutup / perangan wasana
22. Ukara bapak mundhut sepeda yen diudal manut kalungguhane tembung
      a. Bapak      = jejer  ,
      b. mundhut  = wasesa
      c. sepeda     = lisan
23. Telung bab kang kudu kamot ing asil panaliten
      a. papan
      b. dina
      c. tanggal , wektu
24. Suradi nyabrang kali nunggang prahu lesung.


25. Ukara nganggo tembung kondur , dhawuh , lan ngajak.
      a. Bapak kondur saka kantor.
      b. Ibu dhawuh marang Titin supaya tuku gula ing warung.
      c. Gani ngajak kancane nggarap PR Basa Jawa.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment