Soal dan Kunci Jawaban B. Jawa UAS I Kelas 3 SD Semester I TA 2013/2014


ULANGAN AKHIR SEMESTER I
TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran :   Bahasa Jawa
Kelas                           :   III (Tiga)

Petunjuk Umum :
1.      Tulisen jenengmu ing pojok tengah sisih nduwur!
2.      Wacanen saben pitakon kanthi patitis!
3.      Garapen dhisik pitakon sing kok anggep gampang!
4.      Titinen maneh garapanmu sadurunge diaturake marang Bapak / Ibu Guru!

1.      Gatekna wacan ing ngisor iki!
Pasar
     Dhek dina Minggu, Ima melu mbakyune, Fitri, menyang pasar. Pasare rada adoh mulakne anggone lunga numpak becak. Ima seneng banget. Wis suwe dheweke ora lunga menyang pasar. Luwih-luwih menyang Pasar Kliwon sing diparani dina iki.
Pitakon ing ngisor iki kang trep karo wacan ing ndhuwur yaiku …
a.       Apa wae sing dituku Ima ing pasar?
b.      Kena apa ing pasar iku kudu ngati-ati?
c.       Apa wae sing ana ing pasar?
d.      Dhek kapan anggone Ima lunga pasar?
2.      Gatekna gambar-gambar ing ngisor iki!
   
                 1                                  2                                  3                                  4
Gambar-gambar ing ndhuwur manawa diurutake miturut urutan sing bener yaiku …
a.       2, 1, 4, 3                                                         c. 2, 4, 3, 1
b.      4, 2, 1, 3                                                         d. 2, 4, 1, 3
3.      Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Reni : “Mas, ditimbali Bapak.”
Soni : “Apa, Dhik? Ditimbali Bapak? Wong Bapak lagi …. Jakarta kok.”
Reni : “Tenan kok Mas, Bapak wis kondur.”
Tembung kang trep kanggo njangkapi pacelathon ing ndhuwur yaiku ….
a.       Lunga                                                             c. Kondur
b.      Tindak                                                            d. Kesah
4.      Pambarepe Pandhawa yaiku …
a.       Janaka                                                            c. Werkudara
b.      Sadewa                                                          d. Puntadewa
5.                                                aksara latine yaiku ….
a.       Baya ana sanga                                              c. Dara ana sanga
b.      Ana baya manga                                            d. Baya ana saba
6.      Sapa sing nate numpak sepur
Tandha waca kang trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku ….
a.       (.)                                                                    c. (?)
b.      (!)                                                                   d. (,)
7.      Gatekna paragraf ing ngisor iki!
Budi golek pacul lan cethok. Sawise entuk pacul lan cethok, Budi gawe luwengan ana mburi omah. Budi banjur nyandhak cangkokan wit blimbing.
Pokok pikiran paragraf ing ndhuwur yaiku ….
a.       Budi golek pacul lan cethok.
b.      Budi gawe luwengan ana mburi omah, Budi banjur nyandhak cangkokan wit blimbing.
c.       Budi golek pacul lan cethok, Budi gawe luwengan ana mburi omah.
d.      Budi gawe  luwengan ana mburi omah kanggo nandur cangkokan wit blimbing.
8.      Wacanen kang patitis!
Saiki mangsa rendheng, wong tani mulai ngolah sawah. Jaman saiki ngolah sawah ora pati rekasa kaya jaman mbiyen. Dhek jaman mbiyen macul, mluku, lan nggaru ditandangi dewek, nanging saiki bisa ditandangi kanthi nggunakake mesin, jenenge traktor tangan.
Wacan ing ndhuwur manawa diringkes dadi ….
a.       Jaman saiki ngolah sawah ora pati rekasa, saiki wong tani nggunakake mesin kanggo ngolah sawah.
b.      Saiki mangsa rendheng, wong tani mulai ngolah sawah.
c.       Dhek jaman mbiyen macul, mluku, lan nggaru ditandangi dewek.
d.      Nanging saiki bisa ditandangi kanthi nggunakake mesin, jenenge traktor tangan.
9.      murid – loro – Danur – kelas – SD – Candhi Asri - .
tembung-tembung ing ndhuwur yen diurutaken kanthi trep dadine ….
a.       Danur kelas loro murid SD Candhi Asri.       c. SD Candhi Asri kelas loro Danur.
b.      Danur murid kelas loro SD Candhi Asri.       d. Kelas loro SD Candhi Asri Danur.

Wacanen kanthi patitis!
Yudhistira
            Prabu Yudhistira iku ratu ing Ngamarta. Putrane Pandu Dewanata lan ibune Kunthinalibrata. Garwane Yudhistira aran Dewi Drupa, peputra Raden Pancawala. Yudhistira duweni watak jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Yudhistira duweni getih putih lan jiwa suci.
            Yudhistira kuwi pambarepe Pandhawa. Yudhistira duwe kasekten kang linuwih lan pusaka kang ampuh aran Jamus Kalimasada. Pusaka mau awujud kitab kang bisa nguripake wong sing wis mati.
            Prabu Yudhistira jenenge akeh. Ana sing nyebut Puntadewa, Gunatali Krama utawa Prabu Darmakusuma. Sajerone dadi raja, Yudhistira tansah tumindak adil lan ora sewenang-wenang. Mula, negarane gemah ripah loh jinawi.
                                                                        Kapetik saka Remen Basa Jawi Kelas III
10.  Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku ….
a.       Pandhawa                                                      c. Puntadewa
b.      Yudhistira                                                      d. Gunatali Krama
11.  Prabu Yudhistira iku ratu ing ….
a.       Madukara                                                       c. Ngamarta
b.      Ngalengka                                                      d. Jodhipati
12.  Pusaka Prabu Yudhistira awujud ….
a.       Kitab                                                              c. Keris
b.      Pedang                                                           d. Sorban
13.  Jenenge Prabu Yudhistira iku akeh, ana sing nyebut ….
a.       Werkudara                                                     c. Puntadewa
b.      Nakula                                                            d. Sadewa
14.  Gatekna wacan ing ngisor iki!
Janaka
     Raden Janaka satriya Madukara, panengah Pandhawa. Dasar satriya kang seneng olah tapa brata, ora mokal yen sekti mandraguna. Satriya Madukara jujur, sabar, tandang grayange alus. Nengenake watake satriya tama wedi wiring wani mati.
Watake Janaka yaiku ….
a.       Panengah Pandhawa                                      c. Seneng olah tapa brata
b.      Jujur, sabar, tandang grayange alus               d. Ora mokal yen sekti mandraguna
15.  Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah tula katuli
Tanpa tutur katula tula katuli
Kadalu warsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Pupuh tembang ing ndhuwur kalebu tembung macapat, kang diarani …..
a.       Sinom                                                             c. Gambuh
b.      Mijil                                                                d. Pucung
II.    Isinana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang bener!
16.  Satriya Pandhawa iku cacahe ana lima.
Pitakon kang trep karo ukara ing ndhuwur yaiku ….
17.  Raden Janaka iku satriya ing ….
18.  Ukara kang trep karo gambar ing ngisor iki yaiku ….

19.  Wacanen crita ing ngisor iki kanthi patitis!
Gawe Layangan
………………
     Layangan digawe werna loro. Ana sing diwenehi buntut ana sing tanpa buntut. Layangan wis rampung. Darman apa seneng ngulukake layangan? Ora, gaweyane trima dodol dititipake warung. Lumayan kena kanggo tambah tuku buku pelajaran.
Kesesengane Darman yaiku …
20.  Danang seneng dolanan komputer. Yen dolanan ora angon wayah. Danang betah banget ing ngarep komputer. Dheweke seneng dolanan game. Prasasat nganti lali mangan, turu apa dene sinau.
Kesimpulan wacan ing ndhuwur yaiku ….
21.                                   Aksara latine yaiku …
22.  Aksara jawa cacahe ana ….
23.  Tono, Bapak jupukna unjukan
Tandha waca kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku ….
24.  Ana ing sekolah, Sardi tumandang rikat. Bocah kuwi nyapu, nyulaki meja, kursi, lan nyirami tanduran. Dhasar bocah sregep, kabeh ditandangi nganti kancane piket ora kumanan pegawean.
Sardi duwe watak ….
25.  Kulo sampun nedhi nanging ibu kulo dereng nedha.
Tembung sing dicoret ngisore kurang mathuk, benere yaiku ….
III.      Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
26.  Dodi : “Halo, sugeng enjing, saged ngomong kaliyan Edi?”
Edi   : “ …….., niki kulo Edi. Niki sinten nggih?”
Dodi : “Aku …. .”
Edi   : “O, kowe Dod. Ana apa esuk-esuk koktilpun?
Dodi : “Aku pamitke ya, awakku lagi ora kepenak.”
Edi   : “Ya, mengko takpamitke Pak Guru.”
Dodi : “……………… ya, Ed.”
Edi   : “Ya, padha-padha, muga-muga cepet mari.
Tembung-tembung apa kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing ndhuwur?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….
                     ………………………………………………………………………………….
                     ………………………...………………………………………………………..
27.  Gatekna gambar ing ngisor iki!

Gawenen crita adedhasar gambar ing ndhuwur!
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….
                     ………………………………………………………………………………….
                     ………………………...………………………………………………………..
28. Gawenen ukara nganggo tembung :
a. tindak             b. dhahar                     c. sare
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….
                     ………………………………………………………………………………….
                     ………………………...………………………………………………………..
29. Tulisen nganggo tulisan jawa!
a. Bapa ana kana            b. Aja padha mara       c. Ana dara lara
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….
                     ………………………………………………………………………………….
                            ………………………...………………………………………………………..
30. a. Esuk-esuk Pak Sindu wis mangkat menyang sawah.
 b. Bojone Pak Sindu nggawa cawisan mangan awan.
 c. Tekan sawah, Pak Sindu enggal tandang gawe.
 d. Udakara jam sewelas awan, bojone Pak Sindu teka.
Ukara ing ndhuwur, dadekna cerita kang runtut!
Wangsulan : ………………………………………………………………………………….
                     ………………………………………………………………………………….
                            ………………………...………………………………………………………..











KUNCI JAWABAN
Mata Pelajaran :  Bahasa Jawa
Kelas/semester :  III (Tiga) / 1 (satu)
Tahun Pelajaran           :  2013/2014

I.       1. D                      6. C                             11. C
2. D                      7. D                             12. A
3. B                      8. A                             13. C
4. D                      9. B                             14. B
5. A                      10. B                           15. C
II.    16. Ana pira cacahe Satriya Pandhawa?
17. Madukara
18. Andi lagi sinau Bahasa Jawa. (Kebijakan guru)
19. Nggawe layangan
20. Danang seneng dolanan komputer nganti ora angon wayah
21. Apa lara
22. 20
23. ! (tandha seru)
24. Sregep
25. Dhahar
III. 26. a. Sugeng enjing
b. Dodi
c. Matur nuwun
27. Bocah-bocah dolanan layangan nang lapangan. (Kebijakan guru)
28. a. Ibu tindak peken mundhut sayuran.
      b. Bapak ora kersa dhahar.
      c. Simbah wis sare. (Kebijakan guru)
29. a.
      b.
      c.
30. Urutane yaiku a – c – d – b


Previous
Next Post »
Thanks for your comment