Soal Bahasa Jawa SD Kelas 3 Semester 1 TA 2013/2014 dan Jawaban



Wacanen sing patitis !

Raden Janaka
       Raden Janaka iku putrane Prabu Pandhu. Sedulure Raden Janaka ana papat. Raden Janaka putra nomor telu. Mula disebut panengah. Sadulure Raden Janaka yaiku Puntadewa, Wrekudara, Nakula, lan Sadewa. Kasatriyane Raden Janaka ing Madukara.
Jeneng liyane Raden Janaka yaiku Raden Arjuna, iya Raden Permadi. Raden Janaka bagus rupane, luhur budine. Senjatane sing awujud panah aran pasopati. Dene sing wujud keris jenenge pulanggeni. Senjata-senjata mau paringane dewa.

Kepethik saka Bilawa Bahasa Jawa

I.         Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang bener !
1.      Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku .....
2.      Raden Janaka iku putrane .....
3.      Sadulure Raden Janaka sing mbarep arane .....
4.      Jeneng liyane Raden Janaka yaiku .....
5.      Watake Raden Janaka yaiku .....
6.      Sanjatane Raden Janaka sing awujud keris arane .....
7.      Punakawan cacaeh papat, yaiku Semar, Gareng, Petruk lan .....
8.      Andhap asor, gagah prakosa, sekti .....
9.      Mangsa ..... kerep ana banjir.
10.  Pak Jaya iku adhine bapak, mula aku nyeluk Pak Jaya .....
11.  Latihan – sepedha – numpak – Andi
Tembung-tembung ing ndhuwur manawa digawe ukara ing bener dadine .....
12.   
Tulisan jawa iku diwaca .....
13.  Thole, bapakmu ana ngendi ?
Tembung thole iku kanggo nyebut bocah .....
14.  Lomboke diuleg, tahune .....
15.  Pak Darmo tindak sekolah ..... sepedhah motor.

II.      Wangsulane pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !
16.  Aranane jenise gamelan telu bae !
Wangsulan :   ..............................................................
                        ..............................................................
17.  Gawea ukara pitakon nganggo tembung “ wayang “ !
      Wangsulan :   ...............................................................
                             ...............................................................
18.  Arane jenenge anak kewan: Kebo, wedhus, lan bebek !
Wangsulan : ................................................................
19.     Tulisen aksara latin dadi aksara jawa !
Tara ana kana.
Wangsulan :  ................................................................
20.  Ibu karosimbah lagi mangan roti.
Kepiye basa kramane tembung sing digaris?
Wangsulan :   .................................................................







Kunci Jawaban
I.                   1.    Raden Janaka
2.    Prabu Pandhu
3.    Puntadewa
4.    Raden Arjuna
5.    Luhur budine
6.    Pulanggeni
7.    Bagong
8.    Mandraguna
9.    Rendheng
10. Pak lik
11. Andi latihan numpak sepedha
12. Aja rana
13. Lanang
14. Digoreng
15. Niti

II.                16. Saron, bonang, kendhang, slenthem, gender. ( kawicaksanaan guru )
              17. Kapan Pak Lurah nanggap wayang ? ( kawicaksanaan guru )
              18.  Gudel, cempe, meri
              19.
              20. Kaliyan, dhahar
Previous
Next Post »
Thanks for your comment