NGRUNGOKAKE CRITA RAKYAT / TRADISI
Dongeng
kalebu crita rakyat. Crita rakyat iku diwarisake turun temurun. Saka buyut
menyang simbah, simbah menyang bapak utawa ibu. Banjur saa wong tuwa marang
anak, lan sapiturute.
Unsur – unsure cerita rakyat :
1. Irah – irahan yaiku judul crita
2. Tema yaiku lanjering prakara
3. Amanat yaiku weling pangripta
4. Paraga yaiku tokoh kang ana ing sajroning
crita
5. Latar yaiku panggonan dumadine crita
6. Alur yaiku urut – urutane crita.
NANGGEPING SAWIJINING PRASTAWA
Prastawa ana sambung rapete karo
kedadean. Kedadean sing wis kepungkur diarani pengalaman. Kedadean ana sing
nyenengke lan ana sing gawe sedih. Sabanjure, menawa arep ngaturke tanggepan
bisa migunakake ukara pitakon. Ukara pitakon dumadi saka tembung pitakon.
Tembung sesulih pitakon yaiku tembung kang gunane kanggo pitakon. Sing kalebu
tembung pitakon sesulih yaiku :
1. Endi
nakokake sawijining pilihan.
2. Pira
nakokake cacah utawa wilangan.
3. Ngapa
lan genea nakokake mula bukane sawijining bab.
4. Kepriye
nakokake kahanan.
5. Sapa
nakokake pawongan.
6. Kapan
nakokake wektu
7. Apa
nakokake barang.
8. Ing
ngendi nakokake papan panggonan.
NULIS GAWE KITIRAN
Manawa
arep gawe layangan, kudu ngerti ubarampe lan carane ng gawe. Carane gawe uga
kudu urut supaya asile bisa apik.
Ubarampe :
a. Kertas
Manila usuran 15 x 15 cm
b. Kertas
karton digawe bundheran cilik
c. Kawat
cilik 30 cm
d. Ganthilan
pring.
e. Lem.
f. Gunting.
Carane nggawe
a. jupuken
kertas Manila.
b. guntingen
pucuk-pucuke nganthi tekan titik tengahe kanthi jarak 5 cm saka titik tengahe.
c. pucuk-pucuke
kertas dilem lan ditempelake ing titik tengahe.
d. pucuk-pucuke
kertas sing wis ditempelake mau, banjur ditutup karo kertas karton bunderan
cilik ing tengahe kertas ditusuk nganggo paku banjur dipasangi kawat cilik.
e. Gawea
kitiran cacahe loro banjur pasangen ing ganthilan pring.
NGRUNGOKAKE TEMBANG GAMBUH
Tembang macapat iku nduweni
paugeran tartamtu, paugeran iku kaya ing ngisor iki :
1. Guru
lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra
2. Guru
gatra yaiu baris
3. Guru
wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra
Tembang
gambuh klebu tembang macapat. Tembang gambuh kuwi diwaca sasekecanipun utawa
sakpenake. Tembang gambuh iku nduweni pratandha, yaiku :
1. Kadadean
saka limang gatra.
2. Guru
wilangan lan guru lagune : 7u 10u 12i
8u 8º
3. Watake
sumanak sumadulur,prayoga kanggo aweh pitutur, utawa sesorah sing ngemu rasa rada
sereng.
MICARA CRITA WAYANG
Wayang
minangka wujud budaza jawa. Crita wayang nduweni piwulang – piwulang tumrap
manungsa dadi tuladha tumindak bebener lan tumindak ala. Jinise wayang kayata
ing ngisor iki, yaiku :
1. Wayang
gedog
2. Wayang
purwa
3. Wayang
klithik
4. Wayang
wahono
5. lan
sapiturute
Piwulang
– piwulang kang ana ing crita wayang, yaiku :
1. Kepahlawanan
( Kumbakarna, Adipati Karna )
2. Kasetyan
( Dewi Sinta, Suwanda )
3. Angkara
murka ( Rahwana, Duryudana )
4. Jujur
( Puntadewa )
5. lan
sapiturute.
Ngrembug
babagan paraga Puntadewa, akeh pitutur – pitutur becik sing bisa dituladhani.
Puntadewa
kalebu Pandhawa, tegese pandhawa yaiku anak lima lanang kabeh. Ana ing
pandhawa, Puntadewa dadi anak sing comer siji. Mula diarani pambarepe pandhawa.
Prabu
Puntadewa nduweni watak sabar, ngemong karo adhi – adhine, Jujur, lan
wicaksana. Mula sedulure akeh lan ditresnani para kawula.
Prabi
Puntadewa miyos saka Prabu Pandhudewanata lan Ibu Kunthi. Saiki Prabu Puntadewa
dadi nata ing Amarta. Piyambake nduwe sanjata jamás Kalimasada lan songsong
tunggulnaga. Prabu Puntadewa duwe anak Raden Pancawala.
NULIS EKSPOSISI
Nulis eksposisi kena diarani ngandharake
carane gawe barang. Sadurunge gawe barang, prayogane kudu bisa nemtokake urut –
urutane sing trep. Tujuwane supaya barang sing dihasilake kaya sing diajab.
Urut – urutane nulis disposisi yaiku :
1. Nulis
piranti – piranti sing dibutuhake.
2. Nulis
urut – urutane.
Tuladha
:
Gawe Jumbreg
Ubarampe :
1. Glepung
beras 125 gram.
2. Gula jawa 300 gram, diris alus.
3. Santen
1.000 ml, digawe saka klapa setengah biji.
4. Rong
lembar godhong pandhan.
5. Uyah
setengah sendhok teh.
6. Glepung
sagu 30 gram.
7. Janur
sing digawe wujud trompet kanggo wungkus.
Carane gawe :
1. Santen
udakara 500 ml (skala 1.000 ml sing disedhiyakake) digodog nganti umub lan
dicampur gula jawa, godhong pandhan lan uyah. Diudak nganti ajur lan
warata nyampure. Yen wis
banjur disaring lan adhem.
2. Sisane santen dicamour karo glepung beras
lan glepung sagu. Diudhak nganti rata. Ilingana godhogan gula jawa lan dimasak
nganti umub temen-temen.
3. yen wis
umub banjur diecurake ing wadhah janur sing dipepeki ampas klapa kasar. Didhem
lan sabanjure bisa disuguhake.
Show Konversi KodeHide Konversi Kode Show EmoticonHide Emoticon