Soal UN/US Bahasa Jawa kelas 6 SD Semester 2 TA 2014/2015

Srikanddhi Mustakaweni
Wara Srikandhi lan Mustakaweni iku karo-karone wadon, nanging pinter perang . Wara Srikandhi iku garwane Raden Arjuna, dene Mustakaweni iku putrane Prabu Niwatakawaca.
Mustakaweni arep males ukum marang Raden Arjuna ing mateni bapake. Manut para nujum Mustakaweni bias nyolong  jimat  Kalimasada ing Ngamarta. Bisane mlebu kraton Ngamarta, Mustakaweni kudu bias malih rupa dadi Raden Gathutkaca.
Tenan, Mustakaweni bias malih dadi Raden Gathutkaca. Mula banjur nyolong jimat Kalimasada. Nanging tumindak lupute iku diweruhi wara Srikandhi, Gathotkaca palsu banjur dipanah, malih dadi Mustakaweni maneh. Wusanane dadi perang tanding sing rame banget. Wara Srikandhi rumangsa kasoran, banjur mabur ngoncati. Kebenaran ana Raden Priyambada sing arep sowan Raden Arjuna.
Wara Srikandhi banjur pitulung marang Raden Priyambada. Wasanane Raden Priyambada bisa ngalahake Mustakaweni, mula Mustakaweni saguh didadekake bojone.Kekarone banjur padha sowan ing kraton Ngamarta.

I.     Wangsulana kang patitis !
1.    Apa irah-irahan ing ndhuwur iku ?
……………………………………………………………………………………….
2.    Sapa Srikandhi Mustakaweni iku ?
……………………………………………………………………………………….
3.    Apa alasane Mustakaweni malih rupa dadi Raden Gathutkaca ?
………………………………………………………………………………………
4.    Sapa sing bisa ngalahake Mustakaweni iku ?
……………………………………………………………………………………….
5.    Kapethik saka ngendhi cerita Srikandhi Mustakaweni iku ?
……………………………………………………………………………………….

II.  Wenehana tandha ping ( X ) wangsulan sing bener !
1.    Tembang mocopat iku cacahe ana… .
a.       9
b.      10
c.       11
d.      12

2.    Cacahe gatra saben sapada,diarani….
a.       Guru lagu
b.      Guru wilangan
c.       Guru gatra
d.      Guru swara

3.    Tembang dhandhanggula iku kedadeyan saka… .
a.       4 gatra
b.      6 gatra
c.       8 gatra
d.      10 gatra

4.  Yen ditulis latin….
a.       Pakun jaran
b.      Pakan jaran
c.       Paku naran
d.      Paku jaran

5.    Sing klebu tembang macapat,yaiku… .
a.    Dolanan
b.    Campur sari
c.    Dhandhanggula
d.   Gundhul pacul

6.    Isine layang kiriman tinemu ing perangan….
a.    Adangiyah
b.    Satata basa
c.    Wusana basa
d.   Surasa basa

7.    Bukumu sing ilang apa wis[golek].Tembung golek benere….
a.    Dakgoleki
b.    Dakgolekake
c.    Kogoleki
d.   Kogolekake

8.    Tembung lingga sing oleh seselan in yaiku….
a.    Tindakan
b.    Pindhahan
c.    Jinupuk
d.   Diritangi

9.    Yen di tulis latin unine….
a.    Sregep makani kutuk
b.    Arep makani pitik
c.    Sregep makani pitik
d.   Pitike dipakani katul

10.    Paseduluran ora bisa rukun,kaya….
a.    Banyu karo lengo
b.    Bumi karo langit
c.    Gabah diinteri
d.   Banteng kataton

11.    Kowe arep sida lunga menyang Bali?Krama inggile yaiku….
a.    Panjenengan apa sida tindak menyang Bali ?
b.    Panjenengan punapa siyos tindak  dhateng Bali ?
c.    Sampean punapa siyos tindak dhateng Bali ?
d.   Sampean punapa siyos wonten dhateng Bali ?

12.    Anggone nyambut direwangi….
a.    Adus kringet
b.    Adus kembang
c.    Adus tangis
d.   Adus bengi

13.    Tanggal,sasi,lan taun arane….
a.    Titi mangsa
b.    Isi
c.    Bebuka
d.   adangiyah

14.    Tembung gantung oleh seselan um dadi….
a.    Gantungan
b.    Gumantung
c.    Ginantung
d.   Digantung

15.    Sing klebu ukara tanggap yaiku….
a.    Ani nyapu latar
b.    Rotine dipangan andhik
c.    Bapak mirsani TV
d.   Sapa nembang kae

16.    Tibane swara saben gatra diarani….
a.    Guru gatra
b.    Guru wilangan
c.    Guru swara
d.   Guru lagu

17.    Ngingu manuk jalak.Mannuk jalak yen ditulis aksara Jawa dadi….
a.    .
b.    .
c.    .
d.   .

18.    Dhik,tukua gula Jawa!Ukara kasebut klebu ukara….
a.    Pitakon
b.    Andhalan
c.    Pakon
d.   Tanggap

19.    Mbak Rara[siram]kembange.Tembung siram benere….
a.    Disiram
b.    Daksiram
c.    Nyiram
d.   Kosiram

20.    Bapak Hadi ngasta ing kantor Kecamatan.Tembung ngasta tegese….
a.    Nggawe
b.    Nyambut gawe
c.    Ngelamar
d.   Menyang

21.    Polahe kaya gabah diinteri,klebu golongane….
a.    Paribasa
b.    Wangsulan
c.    Pepindhan
d.   Parikan

22.    Anak kebo arane gudel,anak jaran arane….
a.    Belo
b.    Pedhet
c.    Gudel
d.   Cempe

23.    Dadi bocah kuwi aja[kethus]….
a.    Kementhus
b.    Kautus
c.    Kenthus
d.   diutus

24.    Klambine adhik wis[setrika]ibu.Tembung sajroning kurung kudune….
a.    Daksetrika
b.    Disetrika
c.    Kosetrika
d.   daksetrikake

25.    Pak Bambang sregep nyambut gawe lan gumati.Tembung gumati asale saka tembung lingga sing oleh seselan….
a.    in
b.    um
c.    an
d.   ae

26.    Gathutkaca iku gedhe dhuwur,gagah….
a.    Prakasa
b.    Pidegsa
c.    Wibawa
d.   prakasa

27.    Sepi ing pamreh,yen ditulis aksara Jawa dadi….
a.    .
b.    .
c.    .
d.   .

28.    Bocah_bocah iku mripate blalak_blalak,pipine….
a.    Nduren sajuring
b.    Ndamar kangiran
c.    Nyela cendhani
d.   Manggis karengat

29.    Guru lagu inggih punika….
a.    Cacahe larikan
b.    Tibane swara ing pungkasan
c.    Cacahe wilangan
d.   Cacahe wanda saben sangarta

30.    Kang klebu tumindak sing ala yaiku….
a.    Tulung – tinulung
b.    Tulung -  mentung
c.    Bantu – mbiyantu
d.   Donga - dinonga

III.   Isenana nganggo tembung kang mathuk!
1.        Surabaya 10 Maret 2010 perangane layang iku diarani……….
2.        PR ku wis[garap].Tembung garap benere…………..
3.        Yen ditulis latin unine………….
4.        Bude ora kersa dhahar amarga gerah pandharan.Gerah pandharan basa ngokone yaiku…………..
5.        Mpu Tantular iku pujangga pinunjul.Pinunjul asale saka tembung lingga………….
6.        Adhik mangan thiwul,yen ditulis aksara jawa dadi………….
7.        Mas,adhimu apa wis[tulis]surat?Tembung tulis benere………..
8.        Nabok nyilih tangan,tegese………….
9.        Sadurunge turu embah ngombe obat.Basa ngoko aluse yaiku…………..
10.    Mas Didik Nini Towok iku jogede kaya…………
Previous
Next Post »
Thanks for your comment