Latihan UN/US Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 TA 2014/2015

LATIHAN UJIAN AKHIR TAHUN
BAHASA JAWA
KELAS 6 SD

I. Wenehna tandha ping (x) ing aksara a,b,c utawa d sangarepe tembung kang mathuk!
1. Ing mangsa ketiga kreteg kang rusak banjur didandani sarono gotong royong. Wong-wong padha pangerten dhewe-dhewe sing duwe pring padha urun pring, sing duwe kayu urun kayu, ono kang urun semen,watu uga wedhi. Cekake, kabeh kabutuhan kanggo ndandani kretegpada teka dhewe, ora ana kang maksa. Dene lakune gotong-royong dipandhegani dening kepala dhusun kang dadi sesepuh utawa bapa baune wong–wong sadusun.
Apa kang ditindakake wong-wong ing mangsa ketiga ?
a. Gotong royong dandan kreteg
b. Gotong royong gawe kreteg
c. Gotong royong mindah kreteg
d. Gotong royong nggotong kreteg


2. Ukara Pokok wacan ing nduwur yaiku …
a. Wong wong ing padusun pada pangerten
b. Kreteg kang rusak didandani sarana gotong-royong
c. Kabeh kebutuhan kanggo dandan kreteg pada teka dewe.
d. Gotong royong dipandegani dening kepala dusun


3. Wong padesan pada dandan kreteg. Tembung kang padha tegese karo tembung gotong royong yaiku…
a. Tumandang gawe c. Nyambut gawe
b. Munggah gunung d. Gugur gunung


4. Dongeng Kancil
Ing pinggir kali gedhe pinggir alas, ono baya ketindihan kayu. Baya bengok-bengok njaluk tulung. Pas kebeneran ana kebo liwat. Kebo welas marang baya. Nanging kebo ora wani nulungi, awit wedhi marang baya kewatir yen dimangsa.
Kebo gelem nulungi angger baya janji ora bakal nyokot kebo. Baya nyaguhi panjaluke kebo. Nuli kayu kang nindihi baya disundang kanti uwal saka awake baya. Baya bisa mlaku banjur nyokot punuke kebo. Kebo bengok-bengok.
Krungu swara bengok-bengok kancil nyedaki banjur takon karo kebo. Kebo crita saka wiwitan kanthi pungkasan. Kancil takon baya, baya kepeksa nguculake cokotan lan kandha menawa omongane kebo goroh.
Kancil prentah kebo supaya mbalekake kayu kang tumumpang awake baya. Kancil arep weruh sanyatane supaya bisa netepake endi kang bener lan luput. Maune baya wegah , tapi suwe-suwe manut kandhane kancil. Kebo age-age numpangake kayu ing gegere baya nganggo sungune. Wekasane kancil ngajak kebo lunga saka kono. Baya njaluk tulung nanging ora direwes.

Kepiye watake kancil ono crita nduwur mau?
a. Seneng tulung c. Sugih kanca
b. Welas asih d. Sugih aka


5. Latar crita ing nduwur yaiku
a. Pinggir alas gede c. Kali gede tengah alas
b. Tengah alas gede d. Kali gede pinggir alas


6. Witing mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso. Cangriman mau batangane…
a. Godong nangka c. Godong mlinjo
b. Godong duren d. Godong gedang


7. Danu kuwi bocah landep dengkul. Mula ora munggah kelas. Landep dengkul tegese…
a. Bodho c. Pinter
b. Nakal d. Sregep


8. Seni kethoprak mligine kethoprak panggung kang asipat tradisional, sengsaya kadesak dening kesenian kang asipat moderen, kaya dene filem, video, CD utawa VCD.
Inti paragrap ing dhuwur yaiku…
a. Mligine kethoprak panggung
b. Kesenian kang asipat moderen cacahe akeh
c. Kesenian kethoprak kadesak kesenian moderen
d. Kethoprak kalebu kesenian tradisional


9. Kanggo nyukupi kebutuhan pangan, para among tani pada nandur pari. Anggone nandur pari ing mangsa rendeng. Ing mangsa ketiga, sawah kang bisa diileni banyu uga bisa ditanduri pari. Malah sawah ing sakiwa tengene ilen-ilen saka waduk bisa ditanduri pari setahun kaping telu.
Irah-irahan kang trep kanggo paragraph ing duwur yaiku…
a. Among tani c. nandur pari
b. Mangsa rendeng d. tanah sawah


10. Ukara ing ngingsor kang migunakake basa karma yaiku…
a. Pak guru nendika yen awan iki arep tindakan
b. Pak guru ngendika menawa awan iki arep tindakan
c. Pak guru sanjang yen awan iki arep kesah
d. Pak guru ngendika menawisiyang menika badhe tindakan


11. Gadung mangkat sekolah ….udane deres banget
Tembung sambung kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku.
a. Lan c. nalika
b. Karo d. kanggo


12. Ukara ing ngingsor iki kang migunakake tandha waca kanthi trep yaiku…
a. “Man, ayo mulih saiki, kandane Budi marang Parman.”
b. “Man, ayo mulih saiki!” kandane Budi marang Parman.
c. Man, ayo mulih saiki! kandane Budi marang Parman.
d. Man, ayo mulih saiki? kandane Budi marang Parman.
13. Wong urip iku kudu sregep golek sandang…
a. Pangan c. panggonan
b. Papan d. sandhangan


14. Wong kang pagaweane gawe barang-barang saka wesi diarani …
a. Jlagra c. sayang
b. Pande d. kemasan


15. Bondan sinau maca jawa.
Bondan sinau nulis jawa.
Ukara ing dhuwu menawa digawe ukara majemuk dadi…
a. Bondan sinau maca jawa lan bondan sinau nulis jawa.
b. Bondan sinau maca jawa karo nulis jawa
c. Bondan sinau maca sinambi nulis jawa
d. Bondan sinau maca lan nulis jawa.




II. Isenana nganggo tembung kang trep.
1. Akeh prajurit sing padha nemoni pralaya ana ing madyaning peperangan. Pralaya tegese ….

2. Tembang durma iku uga kelebu tembang ….

3. Mlayu esuk kuwi kecik amarga hawane isih ….
4. Sehat kuwi larang regane
    Ngendhikane simbah kae
    Mula udinen kasarasanmu
    Karepe geguritan ing dhuwur kasarasan kudu ….

5. Mekaten, kula sabrayat ngaturaken egenging panuwun dhumateng Penjenengan.
Ukara ing dhuwur kelebu perangane layang babakan ….

6. Manuk tuhu menclok pager Yen sinau dadi ….
Parikan ing dhuwur bacute ….

7. Pitik walik saba kebon
Ukara kuwu kelebu ….

8. Awake kuru semangko. Kuru semongko tegese ….

9. Buku sing (dawa) kuwi duweku sapa?

10. Bocah kelas enem gugur gunung ngresiki kalen.
Ukara ing dhuwur jejere ….

11. Omah kanggo nyimpen pari arane ….

12. Wah, kok njanur gunung
Ukara ing dhuwur kuwi tegese ….


13. Bapak maos koran ing teras
Kang klebu tembung wasesa yaiku ….

14. Bocah sekolah kudu sregep nyelengi ….
Tembung “nyelengi” yen dipisah manut wandane yaiku ….

15. Ngastina iku negarane ….

16. Arane isi nangka beton. Yen isi sawa arane ….

17. Telo, puhung, bengkoang, klebu tanduran ….

18. Jenang gula, kowe aja ….

19. Semar, gareng, petruk, bagong diarani ….

20. Yen ditulis latin unine ….

21. Ani mangkat sekolah numpak becak. Bapak tindak kantor … montor.

22. Yen ditulis ngaggo aksara jawa “wit sawo” yaiku ….
23. Adiku lara untu. Yen simbah gerah ….

24. Panengahe pandhawa yaiku ….

25. Layang sing isine ngaturi rawuh yaiku layang ….

26. Jamuran, gajah-gajah, jaranan arane tembang ….

27. Wayah … bocah-bocah padha mapan turu.

28. “Ngaturi uninga bilih kawontenan kula ginanjar wilujeng”.
Ukara ing dhuwur kuwi klebu … layang.

29. Perange pandawa mungsuh kurawa diarani perang ….

30. Kala wau ibu taksih sare, sakpunika sampun …
Previous
Next Post »
Thanks for your comment