Soal UTS 2 Bahasa Jawa Kelas IV 4 SD Semester 2 TA 2014/2015+Kunci Jawaban

Nama  :  ………………………………….
Kelas   :  ………………………………….

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN
UPT DINAS DIKPORA UNIT KECAMATAN ADIMULYO
    SD NEGERI …………………….
Alamat: Ds. ……………, Kec. Adimulyo, Kab. Kebumen

Ulangan Tengah Semester (UTS)  II
Tahun Pelajaran 2014/2015

Mata Pelajaran    :  Bahasa Jawa
Kelas                  :  IV  ( Empat)
Hari/Tanggal       : 
Waktu                 : 

PITUDHUH :
1.      Tulisen jenengmu ana ing sisih tengen dhuwur!
2.      Wacanen saben pitakon kanthi titi!
3.      Garapen luwih dhisik sing kok anggep gampang!
4.      Titinen maneh garapanmu sakdurunge kok aturake marang bapak/ibu guru!


Wacanen kanthi patitis wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 1-5!
Mula bukane Aksara Jawa
Ana wong pinter saka Hindustan teka ing Pulau Jawa, asmane Aji Saka. Kepengin mulangake ilmu Aji Saka didherekake abdi cacah loro, Dora lan Sembada. Aji Saka lan abdine arep ngawula menyang Negara Medhang. Tekan pagunungan Kendheng kerise Aji Saka ditinggal. Sembada kadhawuhan nunggu kerise.
“Sembada, kerisku daktinggal ana kene. Besuk aku dhewe kang njupuk. Aja kokwenehake sapa wae. Eling-elingen wekasku iki!” Aji Saka lan Dora banjur budhal.
Aji Saka dielingake Mbok Randha Sengkeran, supaya ora mbacutake karepe. Patih Medhang nampa tekane Aji Saka lan ngendika, “Aji Saka ora gampang ngabdi menyang Raja Medhang, bisa mati kepangan.” Aji Saka mangsuli, “Sang Patih, yen aku ora mati, apa oleh njaluk lemah seambane sorbanku iki?”
Aji Saka kapilih dadi raja ing Medhang. Kanggo paring pakurmatan marang abdine Dora lan Sembada kang setya tuhu marang bendara. Aji Saka gawe aksara jawa kanthi urutan . . .
Ha na ca ra ka artine ana utusan.
Da ta sa wa la artine padha kerengan.
Pa dha ja ya nya artine padha sektine.
Ma ga ba tha nga artine padha matine,
Kapethik saka “Wursita Basa” kelas 4 kaca 55-56
I.          Wenehana  tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang dumunung ana sangarepe wangsulan kang mathuk!

1.      Wong kang kepengin mulangake ilmune ana wacan dhuwur yaiku ....
a.       Aji Saka                                    c.   Sembada
b.      Dora                                          d.   guru
2.      Wekase Aji Saka marang Sembada olehe kedhawuhan jaga keris yaiku ....
a.       Kerisku daktinggal ana kene.
b.      Besuk aku dhewe kang jupuk aja kok wenehake sapa wae.
c.       Aji Saka lan Dora banjur budhal.
d.      Aja mbacutake karepe.
3.      Panjaluke Aji Saka marang Patih Medhang yaiku ....
a.       ketemu Raja Medhang
b.      disowanake Mbok Randa Sengkeran
c.       lemah seambane sorban
d.      ketemu rakyat Medhang
4.      Ukara kang dingendikakake Sang Patih marang Aji Saka yaiku ....
a.       “Aji Saka, mati kepangan!”
b.      “Aji Saka, mati ora gampang!”
c.       “Dora lan Sembada mati bebarengan.”
d.      “Aji Saka, ora gampang ngabdi menyang Raja Medhang, bisa mati kepangan!”
5.      Aksara Jawa kang urutane “pa dha ja ya nya” lan “ma ga ba tha nga” tegese ....
a.       padha batange lan padha matine
b.      padha sektine lan padha matine
c.       padha matine lan padha batange
d.      padha sektine lan padha matine
6.      Ngendikane apa anane, ngendikane ora goroh, tumindake ora tau nyulayani ing janji. Iki diarani wong kang ....
a.       jujur                                          c.   dhuwur
b.      makmur                                     d.   manungkul
7.      Sing gawe layang pamit menawa ora mlebu sekolah yaiku ....
a.       bapak utawa ibu                        c.   bapak utawa ibu guru
b.      bocah kang ora mlebu               d.   kanca sekolah
8.      . . . ngendi asale banyu resik?
a.       apa                                            c.   pira
b.      sapa                                           d.   saka
9.      Iwak garing arene gereh
Diwungkus ing jero dluwang
Nyelengi ora kudu sing akeh
Luwih aman ona ing bank
Ukara sakpada ana ing dhuwur iku kang diarani ....
a.       parikan                                      c.   papan celengan
b.      tembang dolanan                       d.   cerita

10.   

Tulisan jawa ing pinggir nduwur iku unine ....
a.       iku induku                                 c.   iku ibuku
b.      iku iduku                                   d.   iku buku
Kanggo pitakon nomer 11-13
Objek wisata ing tlatah Magelang tinggalane leluhur kita kang wis kondhang yaiku Candhi Borobudur. Wujude reca-reca lan stupa.
Papan panggonane gampang digoleki. Bisa sarana numpak bis umum utawa mobil pribadi. Jalaran Candhi Borobudur dilewati bis jalur umum Ngayogyakarta-Semarang.
11.  Candhi Borobudur dumunung ana ing Kabupaten ....
a.       Magelang                                   c.   Semarang
b.      Yogyakarta                                d.   Purworejo
12.  Sing wujude namung saka reca-reca lan stupa yaiku ....
a.       patung                                       c.   objek wisata
b.      Candhi Borobudur                    d.   tinggalane leluhur
13.  Kanggo nggoleki papan dununge Candhi Borobudur bisa numpak bis ....
a.       umun                                         c.   Yogyakarta
b.      pribadi                                       d.   Semarang
14.  Asma ing ngisor iki kang ora klebu pahlawan yaiku ....
a.       R.A. Kartini                               c.   Cut Nya Din
b.      Dewi Sartika                              d.   Cut Mu Ti
15.  Papan kang dienggo adol lan tuku barang diarani ....
a.       bank                                          c.   kantor pos
b.      balai desa                                  d.   pasar

II.       Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
16.   Margi alit ingkang wonten sisih kiwa tengenipun margi ageng wonten kitha dipun wastani ....
17.  Amarga padha sektine lan padha naase, mula loro-lorone mati sampyuh. Tembung mati sampyuh tegese ....
18.  Wadhuk Gajah Mungkur minangka . . . wisata ana ing Kabupaten Wonogiri.
19.  Surti iku klebu bocah sing jujur artine. Jujur atine tegese ....
20.  Nalika wekdal enjang bapak badhe tindak kantor, kula badhe ... sekolah.

21.  Supaya jinaga katentremaning kampung utawa desa, mula kudu dianakake ....



KUNCI JAWABAN
MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA
KELAS : IV (EMPAT)

I.              1.                                      A   6.                               A    11.      A
2.     B                               7.   A                                12.  B
3.     C                               8.   D                                13.  A
4.     D                              9.   A                                14.  D
5.     B                               10. C                                15.  D

II.           16.   trotoar                                                    21. rondha utawa siskamling
17.   mati kabeh utawa mati bareng               22. Kasman lan Duta
18.   wisata                                                    23. turu
19.   ora goroh                                               24. budin/singkong/ubi
20.   kesah utawa mangkat                                   25.       sempal

III.         26.   krama inggil

27.   wereng, tikus, sundhep, walang sangit
 


28.  

29.   Milih bibit unggul, pengolahan lahan, pengoncoran banyu, rabuk cukup,
        mbrasta ama.

30.   Budhe dhahar roti
Previous
Next Post »
Thanks for your comment