Prediksi UKK Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 TA 2015/2016

Prediksi UKK Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 TA 2015/2016

I.     Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, dan d tumrap wangsulan kang koanggep paling bener!



Kagiyatan Pentas Seni
Sugeng enjing,
       Bapak, Ibu guru saha para tamu undangan ingkang kula kurmati.
       Kanca-kanca kula kelas setunggal dumugi kelas nem ingkang sanget kula tresnani. Kula ingkang makili kanca-kanca kelas setunggal dumugi kelas nem, ngaturaken tanggap wacana pembuka acara pentas seni kangge mengeti tanggap warsa SDN Suka Tresna ingkang kaping 39.
       Kula minangka dados wakilipun kanca-kanca kelas satunggal dumugi kelas nem ndherek mangayubagya awit wontenipun acara pentas seni ingkang dipunrawuhi bapak ibu guru, wali murid sarta para siswa sadaya.
       Para rawuh sadaya, pentas seni ing SDN Suka Tresna menika nggadahi ancas kangge salah satunggale wadah kagem para siswa ingkang nggadahi kreatifitas ing bidang seni budaya ing antawisipun seni tari, seni musik, seni sastra, lan seni rupa lan ing pungkasane adicara kegiatan pentas seni menika badhe nggelar pentas wayang kulit dalu menika. Mugi bapak ibu guru, wali murid lan sedaya kanca-kanca saged nyengkuyung pengetan tanggap warsa SDN Suka Tresna ingkang kaping 39.
       Mekaten tanggap wacana ingkang saged kula aturaken, wonten kirangipun nyuwun pangapunten.
Matur nuwun

1.      Bapak Ibu guru lan para tamu undangan ukara.
Ukara kasebut ana ing pidhato kalebu ….
a. adangiyah
b. purwaka basa
c. surasa basa
d. wasana basa

2.      Pidhato ing ndhuwur ngemu surasa ….
a. pentas seni
b. pentas wayang kulit
c. pentas seni lan wayang
d. pentas seni lan nggelar pentas wayang kulit

3.      Irah-irahan pidhato kasebut yaiku ….
a. Kegiatan Pentas
b. Kegiatan lomba
c. Kegiatan Pentas Seni
d. Kegiatan Lomba Seni

4.      Miturut pidhato ing ndhuwur, bidang seni … kalebu seni budaya.
a. tari, musik, sastra, lan rupa
b. musik, sastra, lan tari
c. rupa, sastra, lan tari
d. sastra, musik, lan rupa

5.       

Aksara jawa iku kawaca ….
a. layang sara
b. wayang sara
c. wayang purwa
d. layang purwa

6.      Suhadi pancen bocah sing becik budi pekertine. Suhadi manggon ana ing dukuh Karang Gadung. Saben ana tanggane sing nandhang sengsara, dheweke mesthi mbiyantu. Suhadi mbiyantu tanggane kanthi ikhlas. Dheweke ora tau ngarep-arep piwalese tangga-tanggane sing wis tau dibiyantu.

Mituru jinise paragraf ing ndhuwur kalebu ….
a. diskripsi
b. narasi
c. ekposisi
d. persuai


Pacelathon kanggo njawab nomor 7 lan 8!
Lik Suti      : “Di, melu ora?”
Budi           : “Budhe tindak … Lik?”
Lik Suti      : Arep nonton wayang ora Ing Taman Budaya
Budi           : ….
Lik Suti      : “Iya Di”, keroncong. Durung ngerti keroncong kowe?

7.      Tembung kanggo ngganepi wangsulane Budi samesthine migunakake tembung ….
a. pundi
b. mriki
c. mriku
d. mrika

8.      Ukara kanggo ngganepi wangsulane Budi kang trep yaiku ….
a. punapa Lik?
b. keroncong Lik?
c. boten ndherek Lik?
d. kula ndherek Lik?

9.      Ana ing tembang kinanthi ana ukara nalisin marang wardaya. Tembung liya wardaya ….
a. bapa
b. biyung
c. anak
d. sanak

10.  Guru lagu lan guru wilanganne tembang kinanthi yaiku ….
a. 5a, 5i, 7a, 7i, 8a, 8i
b. 6a, 6i, 7a, 7i, 8a, 8i
c. 7a, 7i, 8a, 8i, 8a, 8i
d. 8a, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i


Gambar wayang kanggo ngisi nomor 11 lan 12!
11.                                      Wayang iki jenenge … lan ….





a. Pandu lan Puntadewa
b. Gatutkaca lan Werkudara
c. Nakula lan Sadewa
d. Nakula dan Janaka

12.  Kanthi urut wayang ing ndhuwur kasatriyane … lan ….
a. Sawojajar lan Wukir Retawu
b. Pringgondani lan Amarta
c. Sawojajar lan Amarta
d. Amarta lan Wukir Retawu

13.   

Aksara jawa kasebut migunakake sandhangan ….
a. wulu lan suku
b. pepet lan suku
c. wulu lan wigyan
d. pepet lan wigyan

14.  Bibi lagi tandur ana sawah kidul ndesa.
Tandur iku kalebu kirata basa saka tembung ….
a. ditata mundur
b. ditanda mundur
c. digawa mundur
d. disangga mundur

15.  Keplok ora tombok, paribahasan iku tegese ….
a. melu mangan ora kelangan
b. melu susah lan sedih
c. bungah susah dilakoni
d. kanca bungah malah susah
Wacan
Dolan menyang Taman Maerakaca
Nalika prei, Bawa, Asti, lan Bapak Ibune piknik. Bawa sakulawarga padha piknik menyang Taman Maerakaca. Ing taman padha foto-foto.

16.  Para ana ing wacan ndhuwur yaitu ….
a. Bawa, Aji, Puji, lan bapak
b. Bawa, Aji, Puji, lan ibu
c. Bawa, Aji, Puji, lan bapak, ibu
d. Aji, Puji, bapak lan ibu

17.  Latar crita ing wacan kasebut ….
a. Taman mini Indonesia
b. Taman mini Maerakaca
c. Taman mini Jawa Barat
d. Taman mini Jawa Timur

18.  Tokoh, latar, amanat ing wacan diarani faktor ….
a. persuasif
b. induktif
c. deduktif
d. intrinsik

Geguritan

Tuhu Ing Janji
Lintang-lintang abyor ing tawang
Wengi iki kaya padhang rembulan
Langite padhang sumeblak
Atiku padhange kaya wengi iki
Mau awan
Muridku padha mituhu ing kuwajiban

19.  Ana ing geguritan tembung mituhu padha karo ….
a. manut
b. mari
c. matur
d. maneh

20.  Tembung padhang ana ing geguritan iku kasok baline ….
a. awan
b. wengi
c. sore
d. peteng

21.  Amanat geguritan ing ndhuwur yaiku ….
a. dadi murid seneng maca buku
b. dadi murid senang nulis buku
c. dadi murid mituhu marang kuwajiban
d. dadi murid netepi wulangan

22.  Punakawan iku kang tua dhewe ….
a. Petruk
b. Gareng
c. Semar
d. Bagong

23.  Pandawa iku kagungan rama aran ….
a. Puntadewa
b. Pandhu
c. Werkudara
d. Janaka

24.  Ibu maca koran ana teras ngarep.
Ukara kasebut yen didadekake ukara tanggap dadi ….
a. Koran ing teras ngarep di waca ibu.
b. Kora di waca ibu ana ing teras ngarep.
c. Koran ibu di waca ing teras ngarep.
d. Ing teras ngarep ibu maca koran

25.  Pabak Pucung dudu watu dudu gunung … yen lumaku si Pucung lembehan grana.
Batangane tembang pucung iku ….
a. kidang
b. macan
c. singa
d. gajah

26.  Manuk kutut manggunge ngganter.
Supaya ganep parikan ing ndhuwur ditambah ukara ….
a. yen ora nurut bisa keblinger
b. yen ra manut bisa ra banter
c. yen ra manut bisa bunder
d. yen ra manut bisa ra seger

27.  Pak Gunarsa tindak kantor nitih sepedha motor.
Lisan ana ing ukara kasebut yaiku ….
a. Pak Gunarso
b. tindak
c. kantor
d. nitih

28.  Bu Prihatin menyang sekolah ora nunggang motor.
Ukara ngoko kasebut yen didadekake krama inggil dadi ….
a. Bu Prihatin menyang sekolah boten numpak motor
b. Bu Prihatin tindak sekolah boten nitih motor
c. Bu Prihatin dateng sekolah boten numpak motor
d. Bu Prihatin tindak sekolah boten numpak motor





29.   

Aksara jawa iku kawaca ….
a. rega lenga larang
b. rega lenga murah
c. rega lenga tetep
d. rega lenga mundhak

30.  Jinise layang pribadi iku ana : iber-iber, lelayu, kitir, lan ….
a. layang dines
b. layang ulem
c. layang dinas
d. layang

31.  Bude iku pancen sabar ngadhepi lelakon apa bae.
Tembung entar sik padha karo tembung sabar yaiku ….
a. dawa samparane
b. dawa rikmane
c. dawa slendhange
d. dawa ususe

32.  1. Akeh wong padha tetulung
2. Saiki Pak Praja ora duwe omah
3. Omahe Pak Praja ambruk
4. Dhek wingi ana lindhu gedhe
Urutan ukara ing ndhuwur supaya urut ….
a. 3, 4, 2, 1
b. 4, 3, 2, 1
c. 2, 1, 3, 4
d. 1, 2, 3, 4

33.  Larasati kae … nduren sakjuring. Sik diarani nduren sakjuring yaiku ….
a. irunge
b. mripate
c. pipine
d. lambene

34.  Raden Sadewa kagungan asma liya yaiku ….
a. Binten
b. Tangsen
c. Yansen
d. Kanthen

35.  Perang Baratayuda iku perang antarane ….
a. Pandhawa, Alengka
b. Alengka, Astina
c. Pandhawa, Astina
d. Astina, Mandura




II.      Cecek-cecek ing ngisor iki ganepana nganggo tembung kang bener!

  1. Cacahe wanda saben sagatra diarani ….
2.                                            punakawan iki aran ….



  1. Putra, atmaja iku dasanamane ….
  2. Gathutkaca iku satriyo ing ….
  3. Bapak maem nalika aku lagi adus. Tembung maem benere diganti ….
  4. Anak marang wong tua, prayoga matur migunakake basa ….
  5. Perangane pidhato kang surasane ngaturake puji sukur marang Gusti diarani ….
  6. Tembang macapat cacahe ana 4 gatra yaiku tembung ….
  7. Layang iki (tuju) marang bapak kepala sekolah.
Tembung ing njero kurung benere oleh seselan ….
10.                                                   sandhangan swara iki diarani ….

III.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!

1.      Aranana jenenge wayang Pandhawa lima iku!
Wangsulan      :    …………………………………………………………………………
                             ………………………………………………………………………...
                             ………………………………………………………………………...

2.       
Aksara jawa ing ndhuwur salinen dadi tulisan latin!
Wangsulan :    …………………………………………………………………………
                        ………………………………………………………………………...
                        ………………………………………………………………………...
3.      Aranana 4 perangane pidhato!
Wangsulan :    …………………………………………………………………………
                        ………………………………………………………………………...
                        ………………………………………………………………………...
                                    ………………………………………………………………………...
4.      Gawea ukara surasaning pidhato nganggo basa krama, minangka wakil siswa kelas 6 ing adicara perpisahan!
Wangsulan :    …………………………………………………………………………
                        ………………………………………………………………………...
                        ………………………………………………………………………...
5.      Sebutna 4 tembang macapat!
Wangsulan     :…………………………………………………………………………
                             ………………………………………………………………………...

                             ………………………………………………………………………...


KUNCI JAWABAN COOMING SOON
Previous
Next Post »
Thanks for your comment